ARTIKEL PELAJARAN 32
Terus Ngupaya Bèn Luwih Kuwat Imané Sakwisé Dibaptis
’Awaké dhéwé kudu nduduhké katresnan. Dadi, ing keadaan apa waé, awaké dhéwé isa saya kuwat imané.’—ÉF. 4:15.
LAGU 56 Manuta Huwah
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Apa waé sing wis diupayakké cah-cah enom bèn isa dibaptis?
ANA éwonan cah enom sing dibaptis saben taun. Apa kowé wis dibaptis? Nèk iya, Yéhuwah lan para sedulur ing jemaat mesthi seneng banget. (WB. 27:11) Coba éling-élingen manèh apa waé sing wis mbok upayakké bèn isa dibaptis. Misalé, kowé wis sinau Alkitab malah mungkin selama pirang-pirang taun. Kowé ya wis yakin nèk Alkitab kuwi saka Gusti Allah. Sakliyané kuwi, kowé ya wis kenal lan sayang karo Gusti Allah sing mènèhi tuntunan ing Alkitab. Merga sayang karo Yéhuwah, kowé akhiré gelem dibaptis. Kuwi keputusan sing apik banget.
2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
2 Sakdurungé dibaptis, kowé mesthi ngrasakké nèk tetep setya karo Yéhuwah kuwi kadhang ora gampang. Tapi sakwisé dibaptis, Sétan terus ngupaya bèn kowé ora sayang karo Yéhuwah lan akhiré mandheg nglayani Dhèwèké. (Éf. 4:14) Kowé mesthi ora péngin kaya ngono. Mula bèn isa tetep setya, kowé kudu ”terus” ngupaya bèn imanmu luwih kuwat. (Ibr. 6:1) Ning, piyé carané? Kuwi sing bakal dirembug ing artikel iki.
CARANÉ BÈN LUWIH KUWAT IMANÉ
3. Apa sing kudu terus diupayakké wong Kristen sakwisé dibaptis?
3 Sakwisé dibaptis, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn kuwat imané. Mbiyèn, Rasul Paulus ngandhani sedulur-sedulur ing Éfésus bèn dadi wong ”sing déwasa”. (Éf. 4:13, ctn.) Paulus madhakké wong Kristen sing terus ngupaya bèn tambah kuwat imané kuwi kaya cah cilik sing suwé-suwé dadi wong sing déwasa. Wong tuwa mesthi seneng wektu anaké lair, tapi anaké kuwi ora mungkin dadi cah cilik terus. Bocah kuwi suwé-suwé dadi wong sing déwasa lan ora ”kaya bocah manèh”. (1 Kor. 13:11) Padha kaya ngono, cah enom sing wis dibaptis ya kudu terus ngupaya bèn luwih kuwat imané. Saiki ayo dirembug piyé carané.
4. Kaya sing disebutké ing Filipi 1:9, piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus kuwat imané?
4 Kudu tambah sayang karo Yéhuwah. Kowé mesthi sayang karo Yéhuwah. Ning kowé isa tambah sayang karo Dhèwèké. Ing Filipi 1:9, Rasul Paulus nyebutké nèk awaké dhéwé kudu ”nduwé katresnan sing saya gedhé”. (Wacanen.) Ning piyé carané? Awaké dhéwé kudu ”nduwé pengetahuan sing bener, lan nduwé pertimbangan sing apik”. Nèk pengetahuané awaké dhéwé soal Yéhuwah tambah akèh, awaké dhéwé mesthi tambah sayang karo Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé mesthi ya péngin nyenengké Yéhuwah lan ora péngin nggawé Yéhuwah kecéwa. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé mesthi péngin isa luwih paham apa sing dikarepké Yéhuwah lan piyé carané awaké dhéwé isa manut karo Yéhuwah.
5-6. Bèn isa tambah sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?
5 Yésus nduwé sipat-sipat sing padha karo Gusti Allah. (Ibr. 1:3) Dadi nèk sinau soal dhèwèké, awaké dhéwé dadi tambah sayang karo Yéhuwah. Piyé carané? Awaké dhéwé isa maca kisahé Yésus sing dicathet ing Kitab Injil. Nèk durung nduwé kebiasaan maca Alkitab saben dina, kowé isa mulai maca saka Kitab Injil. Nèk nggatèkké Kitab Injil, kowé isa ngerti sipat-sipaté Yésus. Yésus kuwi gampang dicedhaki, termasuk karo bocah-bocah. (Mrk. 10:13-16) Terus, murid-muridé ya ora wedi nèk arep ngomongké soal apa sing dipikirké. (Mat. 16:22) Yésus kuwi bener-bener kaya Yéhuwah. Yéhuwah ya gampang dicedhaki. Wektu ndonga, awaké dhéwé isa bébas nyritakké perasaané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal nyalahké awaké dhéwé. Yéhuwah sayang lan perduli banget karo awaké dhéwé.—1 Ptr. 5:7.
6 Yésus ya bener-bener perduli lan péngin mbantu wong liya. Rasul Matius kandha, ”Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni kaya domba tanpa gembala.” (Mat. 9:36) Nèk Yéhuwah piyé? Yésus ngomong, ”Bapakku ing swarga ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang.” (Mat. 18:14) Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah karo Yésus bener-bener sayang karo awaké dhéwé. Piyé perasaanmu merga ngerti nèk kowé disayang karo Yéhuwah lan Yésus? Kowé mesthi seneng, ta? Dadi nèk luwih kenal karo Yésus, awaké dhéwé isa tambah sayang karo Yéhuwah.
7. Apa manfaaté nèk kowé bergaul karo sedulur-sedulur sing mènèhi pengaruh sing apik?
7 Kowé isa tambah sayang karo Yéhuwah nèk bergaul karo sedulur-sedulur sing isa mènèhi pengaruh sing apik. Sedulur-sedulur kuwi mesthi bahagia merga nglayani Yéhuwah. Kowé isa takon pengalamané sedulur-sedulur kuwi wektu nglayani Yéhuwah. Terus nèk kowé kudu nggawé keputusan, coba njaluk naséhaté. Ing Alkitab disebutké nèk ”wong bakal berhasil nèk nduwé akèh penaséhat”.—WB. 11:14.
Nèk diajari évolusi, kowé kudu piyé bèn isa njelaské ajarané Alkitab? (Deloken paragraf 8-9)
8. Kowé kudu piyé nèk ora yakin karo ajaran ing Alkitab?
8 Ngatasi perasaan ragu-ragu. Kaya sing disebutké ing paragraf 2, Sétan ora péngin imanmu karo Yéhuwah tambah kuwat. Sétan pénginé kowé ora yakin karo ajaran sing ana ing Alkitab. Misalé, akèh wong percaya nèk awaké dhéwé kuwi ana merga évolusi, dudu merga diciptakké Gusti Allah. Pas kowé cilik, mungkin kowé ora tau mikirké soal kuwi. Tapi saiki pas kowé saya gedhé, mungkin kowé diajari soal kuwi ing sekolah. Pas gurumu njelaské soal évolusi, kuwi kétoké masuk akal. Tapi, sakjané wong-wong kuwi ora mriksa dhéwé buktiné nèk Pencipta kuwi ana. Ing Wulang Bebasan 18:17 disebutké, ”Wong sing pertama ngomongké kasusé kuwi kétoké bener, nganti ana wong liya sing teka lan mriksa apa bener kenyataané kaya ngono.” Mulané, aja langsung percaya. Kowé kudu sinau Alkitab tenanan lan maca bacaan-bacaan saka organisasi. Terus, coba takon karo sedulur-sedulur sing mbiyèn percaya karo évolusi. Kowé isa takon kenapa sedulur-sedulur kuwi isa yakin nèk Gusti Allah kuwi ana. Hasilé, kowé isa yakin nèk ajaran évolusi kuwi salah.
9. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Melissa?
9 Gatèkna pengalamané Sedulur Melissa.b Dhèwèké maca bacaan-bacaan saka organisasi sing ngrembug bukti-buktiné nèk Gusti Allah kuwi ana. Kuwi nggawé imané dadi tambah kuwat. Dhèwèké crita ngéné, ”Ing sekolah, guru-guru ngajari nèk évolusi kuwi bener. Awalé, aku males mempelajari soal kuwi, soalé aku wedi nèk mengko aku malah mèlu-mèlu percaya évolusi. Tapi, aku ya ngerti nèk Yéhuwah péngin umaté mbuktèkké dhéwé endi sing bener lan sing salah. Mula, aku mulai maca bacaan-bacaan saka organisasi. Aku maca buku Apakah Ada Pencipta yang Mempedulikan Anda?, Benarkah Kehidupan Diciptakan?, lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan. Buku-buku kuwi isiné apik banget. Coba kèt mbiyèn aku sinau soal kuwi.”
10-11. Piyé carané bèn kowé ora nyerah lan ora terpengaruh karo wong liya? (1 Tésalonika 4:3, 4)
10 Aja gelem dipengaruhi wong liya. Pas isih remaja, biasané kepénginan kanggo nindakké hubungan sèks kuwi lagi kuwat-kuwaté. Mulané, akèh remaja sing nyerah lan akhiré hubungan sèks. Sétan ya péngin kowé kaya ngono. Piyé carané bèn kowé ora terpengaruh? (Wacanen 1 Tésalonika 4:3, 4.) Kowé kudu ndonga karo Yéhuwah. Critakna kabèh sing mbok rasakké. Terus, njaluka bantuané Yéhuwah bèn kowé isa tetep setya. (Mat. 6:13) Yéhuwah bener-bener péngin mbantu kowé. Dhèwèké ora bakal nyalahké kowé. (Mzm. 103:13, 14) Terus, kowé ya isa nggolèk tuntunané Gusti Allah ing Alkitab. Melissa, sing disebutké mau, ya kudu ngupaya bèn ora terus-terusan mikirké sing saru-saru. Dhèwèké kandha, ”Merga maca Alkitab saben dina, aku dadi ora terus-terusan mikirké sing saru-saru. Aku ya isa terus éling nèk aku iki umaté Yéhuwah, lan aku péngin nglayani Yéhuwah saklawasé.”—Mzm. 119:9.
11 Kowé ya isa njaluk bantuané wong liya. Misalé kowé isa crita karo wong tuwamu. Mémang kuwi ora gampang. Tapi kuwi ana manfaaté. Melissa crita, ”Aku ndonga sik, terus aku crita karo bapakku soal apa sing tak rasakké. Sakwisé kuwi, rasané lega banget. Yéhuwah mesthi seneng merga aku ora nyerah.”
12. Piyé carané nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah?
12 Manut karo pathokané Alkitab. Nèk wis tambah gedhé, isa waé kowé ora terlalu diatur-atur manèh karo wong tuwamu. Tapi, sakjané kowé isih durung nduwé akèh pengalaman. Dadi, piyé carané bèn kowé ora nganti nggawé dosa lan akhiré ora cedhak manèh karo Yéhuwah? (WB. 22:3) Sedulur Karin nyritakké carané dhèwèké isa nggawé keputusan sing apik. Dhèwèké ngerti nèk wong Kristen sing kuwat imané kuwi ora butuh aturan sing kaku. Dhèwèké kandha, ”Aku kudu ngerti pathokan ing Alkitab, ora mung ngerti endi sing éntuk lan sing ora éntuk.” Dadi pas maca Alkitab, coba pikirna: ’Saka ayat-ayat sing tak waca mau, aku isa ngerti apa soal Yéhuwah? Pathokan apa sing isa tak trapké bèn tingkah lakuku bener? Apa manfaaté nèk aku manut karo pathokan kuwi?’ (Mzm. 19:7; Yés. 48:17, 18) Nèk maca lan ngrenungké Alkitab, kowé isa nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Suwé-suwé, kowé isa dadi saya ngerti nèk kowé ora butuh aturan sing kaku ning kudu ngerti piyé pandhangané Yéhuwah.
Sedulur wédok iki milih kanca sing kaya apa, lan dhèwèké lagi ngupayakké apa? (Deloken paragraf 13)
13. Apa manfaaté nèk nduwé kanca sing sayang karo Yéhuwah? (Wulang Bebasan 13:20)
13 Bergaul karo wong-wong sing sayang karo Yéhuwah. Kaya sing wis dirembug ing paragraf 7, kowé isa dadi wong Kristen sing luwih kuwat imané nèk bergaul karo sedulur-sedulur sing isa mènèhi pengaruh sing apik. (Wacanen Wulang Bebasan 13:20.) Sedulur Sara tau ora semangat nglayani Yéhuwah. Terus, piyé carané Sara isa semangat manèh? Sara crita ngéné, ”Aku seneng isa nduwé kanca-kanca sing apik. Misalé, ana sedulur wédok sing luwih enom saka aku. Aku karo dhèwèké persiapan Warta Penting barengan. Sedulur wédok liyané mbantu aku bèn isa mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah. Merga kanca-kancaku mènèhi pengaruh sing apik, aku dadi luwih seneng sinau Alkitab lan luwih kerep ndonga. Aku ya dadi tambah cedhak karo Yéhuwah lan semangat manèh.”
14. Piyé carané Sedulur Julio isa nduwé kanca-kanca sing apik?
14 Terus, piyé carané kowé isa nduwé kanca-kanca sing mènèhi pengaruh sing apik? Sedulur Julio sing nglayani dadi pinituwa nyritakké pengalamané. Dhèwèké kandha, ”Aku kepéngin dadi perintis merga nduwé kanca-kanca sing apik. Aku kerep nginjil karo kanca-kancaku kuwi. Kanca-kancaku kuwi nginjilé semangat banget, dadi aku ya menikmati. Nèk tak pikir-pikir manèh, mbiyèn aku ora nduwé kanca-kanca sing kaya ngono merga aku mung bergaul karo sing sak umuran thok. Terus pas nglayani ing Bètel, aku ya nduwé kanca-kanca sing apik. Kanca-kancaku kuwi mbantu aku milih hiburan sing sesuai karo pathokané Alkitab. Aku ya dadi tambah cedhak karo Yéhuwah.”
15. Rasul Paulus tau ngandhani Timotius soal apa? (2 Timotius 2:20-22)
15 Tapi, mungkin ana sedulur-sedulur sing ora mènèhi pengaruh sing apik kanggo kowé. Nèk ngono terus piyé? Rasul Paulus tau ngandhani Timotius bèn ora bergaul karo sedulur-sedulur sing mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo Timotius. (Wacanen 2 Timotius 2:20-22.) Kowé ya kudu kaya ngono. Kowé mesthi wis ngupaya bèn isa akrab karo Yéhuwah. Dadi, hubunganmu karo Yéhuwah kuwi berharga banget. Aja nganti kowé bergaul karo wong-wong sing isa ngrusak hubunganmu karo Yéhuwah.—Mzm. 26:4.
KUDU NDUWÉ TUJUAN
16. Menurutmu, tujuan apa sing cocog bèn kowé isa dadi wong Kristen sing luwih kuwat imané?
16 Mikirké tujuan sing cocog. Menurutmu, tujuan apa sing cocog bèn kowé isa dadi wong Kristen sing luwih kuwat imané? (Éf. 3:16) Misalé, mungkin kowé isa luwih teratur maca lan sinau Alkitab. (Mzm. 1:2, 3) Terus, mungkin kowé ya péngin bèn luwih kerep ndonga lan bèn dongamu ora ngono-ngono waé. Sakliyané kuwi, mungkin kowé ya péngin luwih ati-ati wektu milih hiburan lan nggunakké wektumu kanggo sing luwih penting. (Éf. 5:15, 16) Nèk wis nduwé tujuan, kowé kudu ngupaya tenanan bèn kuwi isa kelakon. Yéhuwah mesthi seneng nèk kowé ngupayakké kuwi.
Sedulur wédok iki milih kanca sing kaya apa, lan dhèwèké lagi ngupayakké apa? (Deloken paragraf 17)
17. Apa manfaaté nèk kowé seneng mbantu wong liya?
17 Kowé ya isa dadi wong Kristen sing luwih kuwat imané nèk mbantu wong liya. Yésus ngomong, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.” (Kis. 20:35) Kowé isa mbuktèkké dhéwé nèk omongané Yésus kuwi pancèn bener. Kowé isa mikirké piyé carané isa mbantu sedulur-sedulur. Misalé, kowé isa ngajari sedulur-sedulur lansia bèn ngerti carané nggunakké komputer utawa tablèté. Terus, kowé ya isa mbantu blanja kebutuhané. Nèk kowé sedulur lanang sing wis dibaptis, kowé ya isa mikirké carané bèn isa nglayani dadi abdiné jemaat. (Flp. 2:4) Kowé ya kudu sregep nginjil kanggo mbantu wong-wong kenal karo Yéhuwah. (Mat. 9:36, 37) Terus, kowé isa mikirké piyé carané bèn isa luwih akèh nglayani Yéhuwah, misalé dadi perintis, nglayani ing Bètel, utawa mbantu ing proyèk pembangunan.
18. Nèk luwih akèh nglayani Yéhuwah, kenapa imanmu isa luwih kuwat lan kowé tambah cedhak karo Yéhuwah?
18 Nèk luwih akèh nglayani Yéhuwah, imanmu isa luwih kuwat, lan kowé isa tambah cedhak karo Yéhuwah. Nèk dadi perintis biasa, kowé isa mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Terus, kowé ya isa nglayani ing Bètel lan mbantu proyèk pembangunan. Kathy, perintis biasa sing umuré 21 taun, ngomong ngéné, ”Bar dibaptis, aku dadi tambah cedhak karo Yéhuwah merga bergaul karo sedulur-sedulur sing wis pengalaman. Sedulur-sedulur kuwi seneng sinau lan trampil mulang Alkitab. Aku ya dadi péngin kaya sedulur-sedulur kuwi.”
19. Apa berkahé nèk kowé terus ngupaya bèn imanmu tambah kuwat?
19 Mesthi ana manfaaté nèk kowé terus ngupaya bèn imanmu tambah kuwat. Yéhuwah mesthi ya bakal mberkahi kowé. Yéhuwah ora péngin kowé sengsara merga nggawé keputusan sing salah. (1 Yoh. 2:17; WB. 16:3) Terus, kowé ya bakal dadi conto sing apik kanggo sedulur-sedulur. (1 Tim. 4:12) Nèk terus ngupaya nggawé Yéhuwah seneng, kowé isa bener-bener bahagia. Uripmu bakal nyenengké banget merga kowé nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.—WB. 23:15, 16.
LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu
a Awaké dhéwé mesthi seneng nèk ana cah enom sing dibaptis. Tapi sakwisé dibaptis, cah enom ya kudu terus ngupaya bèn luwih kuwat imané. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané cah enom sing lagi waé dibaptis isa luwih kuwat imané.
b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.