ARTIKEL PELAJARAN 34
”Terus Manut karo Apa sing Bener”
”Terus manut karo apa sing bener.”—3 YOH. 4.
LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah
ISINÉ ARTIKEL IKIa
1. Apa manfaaté nyritakké pengalamané awaké dhéwé isa kenal Yéhuwah nganti dibaptis?
PAS ngobrol karo sedulur liya, awaké dhéwé mungkin takon, ”Kapan njenengan dibaptis? Piyé critané kok isa dadi Seksi Yéhuwah?” Awaké dhéwé mesthi seneng pas ngrungokké sedulur kuwi nyritakké pengalamané. Awaké dhéwé mesthi ya seneng nyritakké piyé awaké dhéwé isa sinau Alkitab lan akhiré dibaptis. (Rm. 1:11) Bar omong-omongan soal kuwi, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk dadi umaté Yéhuwah kuwi kesempatan sing berharga. Awaké dhéwé ya péngin ”terus manut karo apa sing bener”, yaiku kabèh ajaran ing Alkitab, bèn Yéhuwah seneng.—3 Yoh. 4.
2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa kok awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa buktiné nèk awaké dhéwé péngin terus manut karo apa sing bener. Nèk ngrembug soal kuwi, awaké dhéwé mesthi dadi tambah bersyukur karo Yéhuwah merga wis ngerti soal apa sing bener lan isa dadi umaté. (Yoh. 6:44) Awaké dhéwé ya dadi tambah semangat mbantu wong liya sinau Alkitab.
GELEM MANUT KARO ”APA SING BENER”
3. Kenapa awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener?
3 Awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener merga sayang karo Yéhuwah. Yéhuwah kuwi sumberé apa sing bener, lan apa sing bener kuwi ana ing Alkitab. Saka Alkitab, awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing nyiptakké kabèh lan Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. (1 Ptr. 5:7) Awaké dhéwé ya ngerti nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, nduwé katresnan sing gedhé banget, [lan] mesthi nepati janjiné”. (Pa. 34:6) Yéhuwah kuwi seneng karo apa sing adil. (Yés. 61:8) Yéhuwah ya ora seneng ndelok awaké dhéwé susah lan péngin nyingkirké kabèh kesusahané awaké dhéwé. (Yér. 29:11) Awaké dhéwé mesthi berharap bèn kuwi ndang kelakon. Kuwi sebabé awaké dhéwé sayang banget karo Yéhuwah.
Pengetahuan ing Alkitab Kuwi Kaya . . . Jangkar
Jangkar isa nggawé kapal ora hanyut. Padha kaya jangkar kuwi, nèk nduwé harapan, awaké dhéwé isa tetep tenang wektu ngadhepi masalah. Awaké dhéwé mesthi ya péngin ngandhani wong-wong soal harapan ing masa depan (Deloken paragraf 4-7)
4-5. Kenapa Paulus nggambarké harapan kaya jangkar?
4 Awaké dhéwé ya gelem manut karo apa sing bener merga kuwi ana manfaaté. Misalé, ing Alkitab disebutké soal harapan ing masa depan. Rasul Paulus nggambarké harapan kuwi kaya ”jangkar”. Harapan kuwi ”nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin”. (Ibr. 6:19) Jangkar isa nggawé kapal ora hanyut. Padha kaya jangkar kuwi, nèk nduwé harapan, awaké dhéwé isa tetep tenang wektu ngadhepi masalah.
5 Mémang, harapan sing disebutké Paulus kuwi kanggo wong-wong sing munggah swarga. Tapi, umaté Yéhuwah sing nduwé harapan urip ing bumi ya isa nganggep harapané kaya jangkar. Harapan isa urip saklawasé ing Firdaus kuwi luar biasa. (Yoh. 3:16) Merga nduwé harapan, awaké dhéwé isa bahagia lan ora bakal nyerah meskipun ngadhepi masalah.
6-7. Apa manfaaté merga Yvonne sinau Alkitab?
6 Gatèkna pengalamané Sedulur Yvonne. Wong tuwané dudu Seksi Yéhuwah. Terus pas cilik, dhèwèké ya wedi mati. Yvonne crita, ”Aku tau maca kata-kata, ’Kabèh wong akhiré bakal mati.’ Bar maca kuwi, aku dadi kepikiran terus lan kerep ora isa turu. Aku mikir, ’Lha terus, apa gunané aku urip?’ Ning, aku ya ora péngin mati.”
7 Terus pas remaja, Yvonne sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Merga sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk sukmbèn aku isa urip saklawasé ing Firdaus. Pas ngerti soal harapan kuwi, turuku dadi luwih angler, lan aku ora wedi mati manèh.” Yvonne seneng banget isa ngerti apa sing bener. Dhèwèké ya bahagia merga ngandhani wong-wong soal harapan ing masa depan.—1 Tim. 4:16.
Pengetahuan ing Alkitab Kuwi Kaya . . . Harta Karun
Isa nglayani Yéhuwah lan isa nduwé harapan urip saklawasé kuwi digambarké kaya nemu harta karun. Awaké dhéwé mesthi ora bakal menyesal merga wis berkorban bèn isa nglayani Yéhuwah (Deloken paragraf 8-11)
8-9. (a) Ing perumpamaan sing dicritakké Yésus, wong kuwi piyé pas ngerti nèk ana harta karun sing dipendhem ing ladhang? (b) Apa sing wis njenengan korbanké bèn isa nglayani Yéhuwah?
8 Ing Alkitab ya ana kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Ing Matius 13:44, kuwi digambarké kaya harta karun sing dipendhem. Yésus ngomong, ”Kerajaan swarga kuwi kaya harta karun sing dipendhem ing ladhang, ditemu wong, terus dipendhem manèh. Saking senengé, wong kuwi lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, terus ladhang mau dituku.” Ing perumpamaan kuwi dicritakké nèk wong mau ora lagi nggolèk harta karun. Tapi pas ngerti nèk ana harta karun ing ladhang, dhèwèké gelem ngedol kabèh sing diduwèni bèn isa tuku ladhang kuwi. Lha ngapa dhèwèké gelem kaya ngono? Merga dhèwèké ngerti nèk harta kuwi luwih berharga timbang kabèh hartané.
9 Apa njenengan ya nganggep kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya harta karun? Kabar apik kuwi luwih berharga timbang kabèh sing ana ing donya iki. Awaké dhéwé mesthi seneng banget isa ngerti soal kabar apik kuwi lan isa nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé nduwé harapan urip saklawasé. Terus, awaké dhéwé ya isa dadi kancané Yéhuwah lan ”bener-bener nyenengké Dhèwèké”. (Kol. 1:10) Awaké dhéwé mesthi ora bakal menyesal merga wis berkorban bèn isa nglayani Yéhuwah.
10-11. Kenapa Michael akhiré ora mèlu karaté manèh?
10 Ana sedulur-sedulur sing kudu berkorban bèn isa nglayani Yéhuwah. Misalé, ana sing kudu mandheg saka kebiasaané sing èlèk lan manut karo pathokané Alkitab. Sing liyané manèh, kuduné isa terkenal lan nduwé gawéan sing gajiné gedhé, tapi ora gelem kaya ngono merga péngin nglayani Yéhuwah. Gatèkna pengalamané Sedulur Michael. Wong tuwané dudu Seksi Yéhuwah. Pas enom, dhèwèké mèlu latihan karaté. Michael crita, ”Merga kerep latihan, aku ngrasa isa ngalahké sapa waé.” Terus, dhèwèké sinau Alkitab. Dhèwèké dadi ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo wong sing kejem. (Mzm. 11:5) Michael kandha, ”Suami istri sing ngajari aku Alkitab ora tau ngongkon aku mandheg latihan karaté. Wong loro kuwi mung fokus ngajari aku soal apa sing dipénginké Yéhuwah.”
11 Merga terus sinau Alkitab, Michael dadi tambah sayang karo Yéhuwah. Michael terharu pas ngerti nèk Yéhuwah kuwi bener-bener perduli karo umaté. Akhiré, dhèwèké mutuské endi sing kudu luwih diutamakké. Michael kandha, ”Pancèn, abot banget rasané ora mèlu karaté manèh. Tapi, aku ngerti nèk kuwi mesthi nggawé Yéhuwah seneng. Meskipun kudu berkorban, tapi aku yakin nèk isa bener-bener bahagia nèk nglayani Yéhuwah.”—Yak. 1:25.
Pengetahuan ing Alkitab Kuwi Kaya . . . Lampu
Alkitab kuwi kaya lampu sing madhangi panggonan sing peteng. Awaké dhéwé kudu manut tuntunan ing Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing bener (Deloken paragraf 12-13)
12-13. Apa manfaaté merga Mayli sinau Alkitab?
12 Alkitab ya digambarké kaya lampu sing madhangi panggonan sing peteng. (Mzm. 119:105; Éf. 5:8) Sedulur wédok sing jenengé Mayli saka Azerbaijan ngrasakké nèk kuwi bener. Bapaké karo ibuné Mayli kuwi agamané béda. Mayli seneng banget isa sinau Alkitab. Mayli crita ngéné, ”Aku mémang percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Tapi, aku ora ngerti apa tujuané Gusti Allah nyiptakké manungsa. Jaréné wong-wong, kabèh sing kelakon kuwi kersané Gusti Allah. Padahal, manungsa kuwi kan uripé susah, terus nèk mati ya disiksa ing neraka. Apa kuwi berarti Gusti Allah seneng ndelok manungsa sengsara?”
13 Mayli bener-bener péngin ngerti soal kuwi. Akhiré, dhèwèké sinau Alkitab lan dadi Seksi Yéhuwah. Mayli crita, ”Aku saiki luwih ayem lan bahagia merga sinau Alkitab. Ajaran ing Alkitab kuwi masuk akal banget.” Kaya Mayli, awaké dhéwé mesthi bersyukur banget karo Yéhuwah merga ”wis nggawa [awaké dhéwé] metu saka panggonan sing peteng menyang panggonané sing padhang banget”.—1 Ptr. 2:9.
14. Bèn semakin menghargai pengetahuan saka Alkitab, awaké dhéwé kudu piyé? (Deloken kothak ”Gambaran Liyané”.)
14 Pengalaman-pengalaman mau nduduhké nèk pengetahuan saka Alkitab kuwi berharga banget. Sakjané, isih ana akèh pengalaman saka sedulur-sedulur liyané. Nèk péngin ngerti luwih akèh, njenengan isa nggolèki kuwi ing bacaan-bacaan saka organisasi. Hasilé, njenengan mesthi bakal semakin menghargai pengetahuan saka Alkitab. Terus, njenengan mesthi ya gelem manut karo apa sing bener, yaiku apa sing ana ing Alkitab. Saiki, ayo ngrembug apa buktiné nèk awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener.
BUKTINÉ NÈK GELEM MANUT KARO APA SING BENER
15. Apa buktiné nèk awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener?
15 Awaké dhéwé kudu terus sinau Alkitab lan bacaan-bacaan saka organisasi. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener. Ora soal awaké dhéwé lagi waé utawa wis suwé dadi umaté Yéhuwah, mesthi isih ana akèh sing isa dipelajari. Ing terbitan pertama saka majalah The Watchtower disebutké ngéné, ’Pengetahuan saka Alkitab kuwi kaya kembang cilik ing padhang belantara. Ing donya iki, ana akèh ajaran sing salah, dadi angèl banget nèk péngin ngerti endi sing bener. Mula, njenengan kudu ngupaya tenanan bèn isa ngerti endi ajaran sing bener. Kuwi kaya nggolèk kembang cilik mau. Nèk wis nemokké siji, aja cepet puas. Njenengan kudu terus nggolèki kembang liyané.’ Mémang, sinau Alkitab kuwi kadhang ora gampang. Tapi, kuwi akèh manfaaté.
16. Njenengan nèk sinau Alkitab carané piyé? (Wulang Bebasan 2:4-6)
16 Ora kabèh umaté Yéhuwah kuwi seneng maca lan sinau. Tapi, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ’terus nggolèki’ lan ’terus nggali’ pengetahuan sing bener. (Wacanen Wulang Bebasan 2:4-6.) Kuwi mesthi ana manfaaté. Sedulur lanang sing jenengé Corey nyritakké piyé carané dhèwèké sinau Alkitab. Dhèwèké kandha, ”Aku maca Alkitabé ora kesusu. Kabèh cathetan ngisor karo referénsi silangé ya tak waca. . . . Terus, aku ya nggolèk katrangan luwih akèh ing bacaan-bacaan saka organisasi soal ayat kuwi. Jebulé, ana akèh sing aku durung ngerti. Aku seneng banget sinau nganggo cara iki.” Mémang, njenengan ora kudu niru persis carané sinau Sedulur Corey mau. Sing penting, njenengan ngupaya tenanan sinau Alkitab. Kuwi bukti nèk njenengan gelem manut karo apa sing bener.—Mzm. 1:1-3.
17. Apa maksudé manut karo apa sing bener? (Yakobus 1:25)
17 Tapi, manut karo apa sing bener kuwi maksudé ora mung sinau Alkitab thok. Awaké dhéwé lagi isa bener-bener bahagia nèk ngetrapké apa sing wis dipelajari. (Wacanen Yakobus 1:25.) Apa njenengan bener-bener ngetrapké apa sing wis dipelajari? Ana sedulur sing mènèhi saran bèn awaké dhéwé ngrenungké kuwi. Rasul Paulus ngomong, ”Sing penting, awaké dhéwé terus maju.” (Flp. 3:16) Kuwi maksudé, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn ngerti endi sing kudu diubah lan endi sing kudu luwih diupayakké.
18. Kenapa awaké dhéwé kudu ”terus manut karo apa sing bener”?
18 Akèh banget manfaaté nèk kabèh umaté Yéhuwah ”terus manut karo apa sing bener”. Awaké dhéwé isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng. Sedulur-sedulur mesthi ya seneng ndelok upayané awaké dhéwé. (WB. 27:11; 3 Yoh. 4) Mula, ayo terus manut karo apa sing bener.
LAGU 144 Terus Diharapké
a ”Apa sing bener” kuwi maksudé kabèh ajaran sing ana ing Alkitab. Nah ora soal lagi waé nglayani Yéhuwah utawa wis suwé, awaké dhéwé perlu ngrenungké kenapa kok awaké dhéwé gelem manut karo apa sing bener. Nèk ngrenungké kuwi, awaké dhéwé mesthi dadi luwih péngin nyenengké Yéhuwah.