PENGALAMAN
Nglayani Yéhuwah Nggawé Aku Bener-Bener Bahagia
KELUARGAKU manggon ing Easton, Pennsylvania, Amerika Serikat. Wektu cilik, aku péngin kuliah bèn isa dadi wong penting. Aku seneng banget sinau. Pas ana pelajaran matematika lan ilmu pengetahuan, bijiku mesthi apik. Malah pas taun 1956, aku nganti éntuk hadiah 25 dolar merga bijiku paling apik. Tapi pas wis gedhé, kepénginanku berubah. Kok isa?
MULAI SINAU ALKITAB
Taun 1940-an, wong tuwaku sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Tapi, akhiré sinauné mandheg. Meskipun ngono, ibuku tetep diwènèhi majalah Warta Penting lan Gatèkna! Terus taun 1950, keluargaku diundang kanggo teka ing pertemuan internasional ing New York.
Ora suwé bar kuwi, Sedulur Lawrence Jeffries teka ing omahku. Dhèwèké péngin mbantu aku sinau Alkitab. Awalé, aku ora setuju karo ajarané Alkitab soal ora éntuk mèlu perang. Terus aku ngomong, ”Lha nèk kabèh wong Amerika ora gelem mèlu perang, terus piyé nèk diserang mungsuh?” Sedulur Jeffries kandha, ”Nèk kabèh wong Amerika gelem nglayani Yéhuwah terus diserang mungsuh, menurutmu Yéhuwah bakal piyé?” Saka kono, aku dadi ngerti nèk selama iki sing tak pikirké salah. Kuwi nggawé aku dadi péngin sinau Alkitab.
Pas aku dibaptis
Aku maca majalah Warta Penting lan Gatèkna! sing disimpen ibuku. Bar kuwi, aku sinau Alkitab karo Sedulur Jeffries. Terus, aku ya mulai teka ing pertemuan ibadah. Aku ngerti iki sing bener, akhiré aku dadi penginjil. Aku sidané ora kepéngin kuliah merga ngerti nèk ”dinané Yéhuwah wis ora suwé manèh”. (Zéf. 1:14) Saiki, aku kepéngin mbantu wong-wong kenal Yéhuwah.
Aku lulus SMA tanggal 13 Juni 1956. Terus, telung dina bar kuwi aku dibaptis ing pertemuan wilayah. Aku ora nyangka nèk jebulé berkahé akèh banget nèk nglayani Yéhuwah.
NGLAYANI DADI PERINTIS
Enem sasi sakwisé dibaptis, aku mulai merintis biasa. Ing Kagiyatané Abdiné Allah (Kingdom Ministry) Desember 1956, ana artikel sing mbahas soal pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Bar maca artikel kuwi, aku dadi péngin mèlu nginjil ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil.—Mat. 24:14.
Aku pindhah ing Edgefield, Karolina Selatan. Ing kana mung ana papat penginjil. Nèk karo aku ana lima. Pertemuan ibadahé ing omahé salah siji sedulur. Saben sasi, aku nginjil nganti 100 jam. Aku mandhu pertemuan sakdurungé nginjil. Aku ya kudu nyampèkké ceramah ing pertemuan ibadah. Mémang, aku dadi luwih sibuk. Tapi merga tugas-tugas kuwi, aku dadi luwih cedhak karo Yéhuwah.
Ana ibu-ibu sing sinau Alkitab karo aku. Dhèwèké nduwé rumah duka ing Johnston. Dhèwèké apikan banget. Aku dikèki gawéan, tapi sing mlebuné ora saben dina. Terus, para sedulur éntuk nganggo salah siji omahé dienggo ngibadah.
Sedulur Jolly Jeffries, sing asalé saka Brooklyn, New York, pindhah kéné. Dhèwèké kuwi anaké sing mbantu aku sinau Alkitab. Dhèwèké ngancani aku nginjil ing kéné. Ana sedulur sing nyilihi karavan bèn aku karo Jolly isa manggon ing kono.
Ing dhaérah kéné, gajiné ora akèh. Mung éntuk loro utawa telung dolar sedina. Malah pas kuwi, aku tau tuku panganan, terus aku ora nduwé dhuwit manèh. Tapi bar metu saka toko, ana wong lanang sing nawani aku gawéan sing bayarané sak dolar per jam. Aku dikongkon resik-resik ing proyèk pembangunan. Aku kerja telung dina. Aku ngrasakké nèk iki bener-bener bantuané Yéhuwah. Aku dadi isa terus mbantu jemaat ing Edgefield. Malah, aku isa mèlu pertemuan internasional ing New York taun 1958.
Pas aku nikah
Pas dina keloro acara kuwi, aku ketemu Ruby Wadlington. Dhèwèké kuwi perintis biasa saka Gallatin, Tennessee. Aku karo dhèwèké padha-padha péngin dadi utusan injil. Dadi, aku karo Ruby mèlu pertemuan kanggo sing péngin ndaftar Sekolah Giléad. Sakwisé pertemuan internasional kuwi, aku surat-suratan karo Ruby. Terus aku diundang ceramah ing jemaat ing Gallatin. Pas kuwi, aku sekalian nglamar Ruby. Aku pindhah ing jemaat ing Gallatin, terus aku karo Ruby nikah taun 1959.
NGLAYANI ING JEMAAT
Wektu umurku 23 taun, aku nglayani dadi hamba sidang (saiki disebut koordinator badan pinituwa) ing Gallatin. Sedulur Charles Thompson bakal dadi pinituwa wilayah anyar ing wilayah kéné. Jemaat ing Gallatin dadi jemaat pertama sing dikunjungi dhèwèké. Sedulur Thompson sakjané pengalamané wis akèh. Tapi, dhèwèké tetep takon karo aku soal sedulur-sedulur ing kéné. Dhèwèké ya takon piyé pinituwa wilayah sakdurungé mbantu sedulur-sedulur. Dhèwèké dadi conto kanggo aku. Aku sinau nèk sakdurungé nggawé keputusan kudu nggolèk informasi dhisik.
Sasi Mei 1964, aku diundang mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat sing suwéné sesasi ing South Lansing, New York. Bar sekolah kuwi, aku dadi ngerti nèk kudu sinau luwih akèh soal Yéhuwah lan luwih cedhak karo Yéhuwah.
NGLAYANI DADI PINITUWA WILAYAH LAN PENGAWAS DISTRIK
Pas Januari 1965, aku éntuk tugas dadi pinituwa wilayah. Dhaérah sing kudu tak kunjungi kuwi saka Knoxville, Tennessee, tekan Richmond, Virginia. Kuwi termasuk jemaat-jemaat Karolina Utara, Kentucky, lan Virginia Barat. Pas kuwi, pamréntah nglarang wong kulit putih kumpul karo wong kulit ireng. Dadi, aku mung ngunjungi jemaat-jemaat sing kulit ireng thok. Sedulur-sedulur sing tak kunjungi kuwi ora sugih. Aku karo Ruby péngin isa mbantu sedulur-sedulur kuwi. Ana sedulur sing wis suwé nglayani dadi pinituwa wilayah sing ngandhani, ”Wektu ngunjungi sedulur-sedulur ing jemaat, aja dadi kaya bosé. Kowé lagi isa mbantu sedulur-sedulur ing jemaat nèk sedulur-sedulur kuwi nganggep kowé sedulur seimané dudu bosé.”
Ana pengalaman sing unik. Pas kuwi, aku karo Ruby lagi ngunjungi salah siji jemaat. Terus, ana salah siji wong wédok sing sinau Alkitab karo Ruby. Wong wédok kuwi nduwé anak wédok sing umuré setaun. Tapi, ing jemaat kuwi ora ana sedulur sing isa nggantèni Ruby sinau Alkitab karo wong wédok kuwi. Dadi, Ruby mbantu wong wédok kuwi sinau Alkitab liwat surat. Pas kunjungan berikuté, wong wédok kuwi wis mulai teratur teka ing pertemuan ibadah. Terus, ana loro perintis istiméwa sing pindhah mrono. Dadi wong wédok kuwi isa nglanjutké sinau Alkitabé karo loro perintis mau nganti dibaptis. Kira-kira 30 taun bar kuwi, taun 1995, pas ing Bètel Patterson, ana sedulur wédok sing ngandhani Ruby nèk dhèwèké kuwi anaké wong wédok sing mbiyèn dibantu Ruby sinau Alkitab. Dhèwèké karo bojoné mèlu Sekolah Giléad kelas ke-100.
Bar kuwi, aku ditugaské ing Florida. Bèn isa ngunjungi jemaat-jemaat ing kono, aku butuh mobil. Dadi, aku tuku mobil sing regané murah. Tapi durung nganti seminggu, wis ana bagéan mesiné sing rusak. Aku karo Ruby wis ora nduwé dhuwit manèh kanggo ndandani kuwi. Dadi, aku nélpon sedulur seiman sing mungkin isa mbantu ndandani. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon karyawané ndandani mobilku. Terus ya ora gelem dibayar. Sedulur kuwi mung ngomong, ”Wis gampang lah.” Dhèwèké malah mènèhi dhuwit kanggo aku karo Ruby. Kuwi bukti nèk Yéhuwah bener-bener nggatèkké umaté. Nèk ngéling-éling pengalaman kuwi, aku karo Ruby dadi péngin kaya Yéhuwah sing apikan.
Pas ngunjungi jemaat-jemaat, aku karo Ruby nginep ing omahé sedulur-sedulur. Aku karo Ruby dadi isa akrab banget karo sedulur-sedulur. Pernah pas kuwi, aku durung rampung ngetik laporan nganggo mesin ketikku. Soréné, aku mèh ngrampungké laporan kuwi. Tapi, anaké sedulur seiman sing omahé tak enggo nginep malah dolanan mesin ketikku. Bocah kuwi umuré telung taun. Bocah kuwi bener-bener ”mbantu” aku ngrampungké laporanku, soalé laporanku kudu tak ketik manèh saka awal. Bertahun-tahun bar kuwi, aku isih guyonan karo dhèwèké soal kuwi.
Taun 1971, aku éntuk tugas nglayani dadi pengawas distrik ing New York. Aku karo Ruby kagèt banget. Pas kuwi umurku lagi 34 taun. Ing wilayah kuwi, aku pengawas distrik pertama sing kulité ireng. Meskipun ngono, sedulur-sedulur ing wilayah kuwi tetep nyambut aku.
Merga dadi pengawas distrik, saben minggu aku éntuk tugas nyampèkké ceramah ing pertemuan wilayah. Selama nglayani dadi pengawas distrik, aku kerja sama karo akèh pinituwa wilayah sing luwih pengalaman. Malah, ana sing mbiyèn nyampèkké ceramah baptisan pas aku baptis. Terus, ana Sedulur Theodore Jaracz sing akhiré dadi anggota Pengurus Pusat. Sakliyané kuwi, ana sedulur-sedulur sing nglayani ing Bètel Brooklyn. Para pinituwa wilayah lan anggota Bètel kuwi nggawé aku nyaman. Sedulur-sedulur kuwi rendah hati lan bener-bener manut pathokané Alkitab lan arahan saka organisasi. Dadi, aku ya menikmati tugasku dadi pengawas distrik.
NGLAYANI DADI PINITUWA WILAYAH MANÈH
Taun 1974, ana beberapa pinituwa wilayah sing éntuk tugas dadi pengawas distrik. Terus, aku ditugasi manèh dadi pinituwa wilayah, tapi tugasku ngunjungi jemaat ing Karolina Selatan. Sedulur-sedulur ing kono seneng banget, merga saiki wong-wong sing kulit putih lan sing kulit ireng éntuk ngumpul bareng.
Taun 1976, aku ditugaské ing Georgia yaiku dhaérah antara Atlanta lan Columbus. Aku éling banget nyampèkké ceramah pemakaman kanggo suami istri kulit ireng sing anak-anaké mati merga omahé diobong. Pas kuwi, ibuné bocah-bocah mau isih dirawat ing rumah sakit merga luka-luka. Ana akèh banget sedulur kulit ireng lan kulit putih sing teka ing rumah sakit kanggo menghibur suami istri kuwi. Aku ndelok nèk sedulur-sedulur kuwi saling menyayangi. Nèk saling menyayangi, aku yakin kabèh masalah isa diatasi.
NGLAYANI ING BÈTEL
Taun 1977, aku karo Ruby dikongkon mbantu gawéan ing Bètel beberapa bulan. Pas gawéan kuwi arep rampung, ana loro anggota Pengurus Pusat sing takon apa aku karo Ruby isa terus nglayani ing Bètel. Aku karo Ruby gelem tetep nglayani ing kéné.
Selama 24 taun, aku nglayani ing Departemèn Dinas. Salah siji tugasé departemèn kuwi njawab pertanyaan sing angèl saka sedulur-sedulur. Tapi, Pengurus Pusat mènèhi bantuan, yaiku mènèhi arahan sing sesuai karo pathokané Alkitab. Dadi, aku karo sedulur-sedulur ing Departemèn Dinas isa luwih gampang nèk arep njawab pertanyaan-pertanyaan. Arahan-arahan mau ya isa dienggo nglatih pinituwa wilayah, pinituwa, lan perintis. Dadi, sedulur-sedulur kuwi isa luwih trampil. Awaké dhéwé mesthi seneng merga ana akèh sedulur sing trampil ing organisasiné Yéhuwah.
Saka taun 1995 nganti 2018, aku ditugaské dadi wakil kantor pusat, sing mbiyèn disebut pengawas zona. Mula, aku kerep ketemu karo Panitia Cabang, anggota Bètel, lan utusan injil. Aku kerep mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur kuwi. Terus, aku karo Ruby ya dikuwatké karo pengalamané sedulur-sedulur kuwi. Misalé pas taun 2000, aku karo Ruby tau ngunjungi Rwanda. Aku tersentuh karo sedulur-sedulur lan anggota Bètel sing tetep kuwat meskipun ngadhepi masalah sing abot. Meskipun sedulur-sedulur kuwi kélangan anggota keluargané, tapi sedulur-sedulur kuwi isa tetep setya, nduwé harapan, lan tetep semangat.
Pas ulang taun pernikahanku ke-50
Saiki, aku karo Ruby umuré wis 80-an. Aku wis 20 taun nglayani dadi Panitia Cabang Amerika Serikat. Mémang aku ora tau kuliah, tapi aku éntuk pelatihan saka organisasiné Yéhuwah. Merga ana pelatihan kuwi, aku dadi isa mbantu wong-wong sinau Alkitab bèn sukmbèn isa urip saklawasé. (2 Kor. 3:5; 2 Tim. 2:2) Wong-wong kuwi ya isa luwih bahagia lan luwih akrab karo Yéhuwah. (Yak. 4:8) Aku karo Ruby seneng mbantu sedulur-sedulur supaya tetep semangat mulang wong liya soal Yéhuwah. Kuwi sing isa nggawé bener-bener bahagia.