PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 April hlm. 20-25
  • Saling Nguwatké ing Pertemuan Ibadah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Saling Nguwatké ing Pertemuan Ibadah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SALING NGUWATKÉ ING JEMAAT CILIK
  • SALING NGUWATKÉ ING JEMAAT GEDHÉ
  • CARA-CARA LIYA KANGGO SALING NGUWATKÉ
  • Muji Yéhuwah ing Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Carané Mènèhi Jawaban sing Apik
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Apa Sebabé Kudu Ngibadah Bareng?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 April hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 18

Saling Nguwatké ing Pertemuan Ibadah

”Ayo nggatèkké sedulur liya, . . . padha-padha nguwatké.”​—IBR. 10:24, 25.

LAGU 88 Ajari Aku Préntah-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Ngapa awaké dhéwé mènèhi koméntar?

NGAPA kok teka ing pertemuan ibadah? Kanggo muji Yéhuwah. (Mzm. 26:12; 111:1) Awaké dhéwé ya isa saling nguwatké ing pertemuan ibadah. (1 Tés. 5:11) Wektu mènèhi koméntar, awaké dhéwé isa muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur.

2. Awaké dhéwé isa mènèhi koméntar pas kesempatan apa waé?

2 Ana akèh kesempatan mènèhi koméntar. Misalé pas akhir pekan, awaké dhéwé isa mènèhi koméntar pas Sinau Warta Penting. Pas tengah pekan, awaké dhéwé isa koméntar pas bagéan Wulangan Penting, Sinau Alkitab Jemaat, lan bagéan rembugan liyané.

3. Ngapa kok mènèhi koméntar ora mesthi gampang, lan menurut Ibrani 10:24, 25 sing penting apa?

3 Kabèh mesthi péngin muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. Tapi, pas mènèhi koméntar, kuwi ora mesthi gampang. Awaké dhéwé isa waé wedi utawa malah isa waé ora kerep ditunjuk. Nèk ngono piyé? Paulus ngomong ing Ibrani 10:24, 25, wektu pertemuan ibadah, sing penting isa ”padha-padha nguwatké”. (Wacanen.) Awaké dhéwé mesthi ora bakal wedi mènèhi koméntar, merga bahkan koméntar sing sederhana tetep isa nguwatké sedulur-sedulur. Wektu ora ditunjuk, awaké dhéwé ora kecéwa merga kuwi kesempatan sedulur-sedulur liya mènèhi koméntar.​—1 Ptr. 3:8.

4. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal mbahas piyé carané isa saling nguwatké ing jemaat cilik lan ing jemaat gedhé. Ing jemaat cilik, biasané ora akèh sing teka. Dadi, ora akèh sing mènèhi koméntar. Ing jemaat gedhé, akèh sing teka. Dadi, biasané ora kabèh isa ditunjuk. Bar kuwi, awaké dhéwé bakal mbahas piyé bèn isiné koméntar isa nguwatké.   

SALING NGUWATKÉ ING JEMAAT CILIK

5. Piyé awaké dhéwé isa saling nguwatké nèk sing teka sithik?

5 Ing jemaat cilik utawa kelompok, biasané sing teka ora akèh. Dadi, ya ora akèh sing mènèhi koméntar. Kadhang, sing mandhu kudu ngentèni suwé nganti ana sing ngacung. Nèk kaya ngono, acarané dadi mboseni lan ora isa nguwatké. Terus piyé? Kerep-kerepa ngacung. Sing liyané mungkin ya dadi péngin kerep ngacung.

6-7. Piyé carané bèn ora terlalu wedi pas mèh koméntar?

6 Tapi piyé nèk pas mèh koméntar, njenengan wedi? Ya kuwi wajar. Tapi, apa njenengan péngin isa nguwatké sedulur-sedulur? Piyé carané bèn njenengan ora terlalu wedi pas mèh koméntar?

7 Njenengan isa nyoba saran-saran sing tau dirembug ing artikel-artikel Warta Penting sakdurungé.b Misalé, persiapan. (WB. 21:5) Nèk ngerti tenan sing lagi dibahas, njenengan ora bakal terlalu grogi pas mèh koméntar. Koméntaré singkat waé. (WB. 15:23; 17:27) Nèk koméntaré singkat, nyusun kalimaté ya ora mumet. Koméntar sing singkat, sing mung sak kalimat utawa rong kalimat, luwih gampang dipahami daripada koméntar sing dawa. Nèk koméntaré njenengan singkat lan nganggo kata-katané dhéwé, berarti persiapané apik lan njenengan ngerti tenan apa sing lagi dirembug.   

8. Piyé pandhangané Yéhuwah soal upayané awaké dhéwé?

8 Tapi piyé nèk sakwisé nyoba saran-saran iki, njenengan isih wedi nèk arep koméntar luwih saka ping pisan? Yéhuwah tetep menghargai upayané njenengan. (Luk. 21:1-4) Mènèhi sing paling apik ora berarti mènèhi luwih saka kesanggupan. (Flp. 4:5) Pikirna kesanggupané njenengan, siapna koméntar sing cocog, lan ndongaa bèn isa tenang. Cobanen mènèhi siji koméntar sing singkat.

SALING NGUWATKÉ ING JEMAAT GEDHÉ

9. Ngapa kok mènèhi koméntar ing jemaat sing luwih gedhé isa waé ora gampang?

9 Nèk ing jemaaté njenengan sing teka akèh, mènèhi koméntar ya mungkin ora gampang. Mungkin sing ngacung akèh banget, dadi njenengan jarang ditunjuk. Kuwi sing dialami Danielle.c Dhèwèké seneng banget mènèhi koméntar. Kuwi carané dhèwèké muji Yéhuwah lan nguwatké liyané. Dhèwèké ya dadi luwih paham ajaran Alkitab merga mènèhi koméntar. Tapi pas pindhah ing jemaat sing luwih gedhé, dhèwèké luwih jarang ditunjuk. Malah, kadhang ora ditunjuk babar blas. Dhèwèké ngomong, ”Aku jèngkèl banget merga ora diwènèhi kesempatan. Suwé-suwé aku mikir nèk kuwi disengaja.”

10. Apa waé carané bèn luwih kerep ditunjuk?   

10 Apa njenengan wis tau ngalami kaya Danielle? Mungkin njenengan dadi ora péngin ngacung manèh, terus ngrungokké waé acarané. Tapi, aja nyerah. Njenengan kudu piyé? Coba persiapan beberapa koméntar. Dadi nèk awal-awal ora ditunjuk, njenengan isih isa ngacung bar kuwi. Pas persiapan Warta Penting, pikirna apa hubungan saben paragraf karo apa sing lagi dirembug. Nèk mikirké kuwi, mungkin luwih akèh sing isa dikoméntari selama rembugan. Njenengan ya isa nyiapké koméntar ing paragraf sing angèl. (1 Kor. 2:10) Lha ngapa? Merga biasané luwih sithik sing ngacung. Tapi piyé nèk sakwisé nyoba saran-saran kuwi, njenengan bola-bali ora ditunjuk? Coba isa ngomong karo pemandhuné sakdurungé pertemuan, njenengan arep njawab pertanyaan sing endi.

11. Nèk ngetrapké Filipi 2:4, awaké dhéwé bakal piyé?

11 Wacanen Filipi 2:4. Nèk ngetrapké saran kuwi, awaké dhéwé bakal mikirké wong liya sing ya péngin mènèhi koméntar.

Sedulur-sedulur lagi mangan bareng. Ana sedulur sing lagi crita, sing liyané ngrungokké.

Kaya pas omong-omongan karo kanca, njenengan ya mesthi bakal mènèhi kesempatan wong liya kanggo mènèhi koméntar (Deloken paragraf 12)

12. Piyé carané nyemangati sedulur-sedulur pas pertemuan ibadah? (Deloken gambar kanggo paragraf 12.)

12 Coba pikirna, nèk omong-omongan karo kanca, apa njenengan sing bakal ngomong terus? Mesthi ora. Njenengan mesthi mènèhi kesempatan kancané njenengan ngomong. Padha kaya ngono, pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé péngin sing mènèhi koméntar akèh. Sakjané, sedulur-sedulur isa dadi semangat nèk diwènèhi kesempatan kanggo koméntar. (1 Kor. 10:24) Ayo ngrembug cara-carané bèn akèh sing koméntar.   

13. Piyé bèn ana luwih akèh sing mènèhi koméntar?

13 Pertama, koméntaré singkat waé bèn luwih akèh sing isa ngacung. Para pinituwa lan penginjil sing pengalaman isa dadi conto. Keloro, aja diborong. Nèk jawabané diborong kabèh, ora ana manèh sing isa dikoméntari. Misalé ing paragraf iki, ana loro saran. Koméntaré singkat waé lan aja diborong. Nèk misalé mengko njenengan ditunjuk, piyé nèk koméntaré siji thok waé?

Gambar: 1. Ing pertemuan ibadah, ana sedulur lanang sing ngacung. 2. Sedulur lanang kuwi mènèhi kesempatan kanggo sedulur liyané mènèhi koméntar.

Kapan ya aku ngacung? (Deloken paragraf 14)f

14. Nèk mèh ngacung, apa sing kudu dipikirké? (Deloken gambar kanggo paragraf 14.)

14 Pikirna wong liya wektu mèh ngacung. Nèk terlalu kerep ngacung, sing mandhu mungkin ngrasa nèk kudu nunjuk njenengan bola-bali padahal sing liyané durung sempat mènèhi koméntar. Sedulur-sedulur isa dadi wedi ngacung.​—Pkh. 3:7.

15. (a) Piyé nèk njenengan ora ditunjuk? (b) Apa buktiné nèk sing mandhu mikirké wong liya? (Deloken kothak ”Nèk Njenengan sing Mandhu”.)

15 Nèk akèh sing ngacung, mungkin njenengan ora isa kerep mènèhi koméntar. Mungkin sing mandhu ora isa kerep nunjuk njenengan. Meskipun kecéwa, tapi aja tersinggung.​—Pkh. 7:9.   

Nèk Njenengan sing Mandhu

Nèk njenengan mandhu, piyé bèn ana akèh sing isa koméntar?

  • Aja kakèhan ngomong. Kata pengantar lan penutupé singkat waé. Aja nggawé kesimpulan nèk ora bener-bener perlu.e Ora perlu mènèhi kata pengantar saben mèh mbahas paragraf berikuté.

  • Bar maca pertanyaan aja langsung nunjuk bèn sedulur-sedulur liyané isa mèlu ngacung. Sing wis koméntar aja terus-terusan ditunjuk nèk sing durung koméntar mèlu ngacung. Aja lali, sedulur sing wis pengalaman ya isa gela nèk bola-bali ora ditunjuk.

  • Aja ngomong, ”Ana manèh sing mèh koméntar?” utawa, ”Sapa sing durung koméntar?”

  • Nèk mandhu rembugan pas bagéan Uripé Wong Kristen utawa Sinau Alkitab Jemaat, coba éling-élingen sapa waé sing durung koméntar.

  • Aja kesuwèn pas mbahas paragraf awal. Mengko kesusu pas paragraf akhir lan ora isa nunjuk liyané.

16. Piyé carané nguwatké sedulur-sedulur sing mènèhi koméntar?

16 Nèk ora isa kerep koméntar, coba ngrungokké wektu sedulur-sedulur liya mènèhi koméntar. Njenengan isa muji merga koméntaré sedulur-sedulur kuwi nguwatké. Nèk dipuji, sedulur-sedulur kuwi ya isa dikuwatké.​—WB. 10:21.   

CARA-CARA LIYA KANGGO SALING NGUWATKÉ

17. (a) Piyé wong tuwa isa mbantu anak-anaké? (b) Kaya ing vidéo, papat cara apa kanggo nyiapké jawaban? (Deloken cathetan ngisor.)

17 Apa cara liya kanggo saling nguwatké? Wong tuwa isa mbantu anak-anak nyiapké koméntar sing cocog karo umuré. (Mat. 21:16) Kadhang sing dirembug mémang abot, misalé masalah perkawinan. Tapi isa waé ana siji utawa loro paragraf sing anak-anak isa mèlu koméntar. Kandhanana anak-anak nèk ora mesthi ditunjuk terus. Nèk wis dikandhani, anak-anak ora bakal sedhih nèk ora ditunjuk.​—1 Tim. 6:18.d   

18. Piyé bèn koméntaré njenengan isa muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur? (Wulang Bebasan 27:2)

18 Awaké dhéwé isa nyiapké koméntar sing muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. (WB. 25:11) Nyritakké pengalaman pribadi kuwi ora apa-apa, tapi aja nganti mung crita soal njenengan thok. (Wacanen Wulang Bebasan 27:2; 2 Kor. 10:18) Awaké dhéwé péngin sedulur-sedulur tetep mikirké Yéhuwah, Alkitab, lan organisasiné. (Why. 4:11) Njenengan isa crita pengalaman nèk mémang pertanyaané soal kuwi. Misalé kaya pertanyaan ing paragraf berikuté.

19. (a) Apa hasilé nèk awaké dhéwé mikirké kepentingané wong liya? (Roma 1:11, 12) (b) Piyé perasaané njenengan soal mènèhi koméntar?

19 Awaké dhéwé kabèh mesthi péngin berusaha bèn isa saling nguwatké. Tapi ora ana aturan sing kaku koméntaré njenengan kudu piyé. Isa waé njenengan kudu luwih kerep ngacung, utawa mènèhi kesempatan wong liya kanggo koméntar. Sing penting awaké dhéwé mikirké kepentingané wong liya. Hasilé, awaké dhéwé isa ”padha-padha nguwatké”.​—Wacanen Roma 1:11, 12.   

PIYÉ CARANÉ MIKIRKÉ KEPENTINGANÉ WONG LIYA WEKTU . . .

  • sithik sing ngacung?

  • akèh sing ngacung?

  • nyiapké koméntar?

LAGU 93 Tulung Berkahi Ibadahku

a Awaké dhéwé isa saling nguwatké nèk mènèhi koméntar pas pertemuan ibadah. Tapi, ana sing wedi. Sing liyané péngin isa luwih kerep koméntar. Ora soal njenengan sing endi, kabèh isa saling nguwatké nèk mikirké wong liya wektu mèh mènèhi koméntar. Lha piyé praktèkké? Koméntar kaya apa sing isa nguwatké sedulur-sedulur?

b Deloken saran-sarané ing Warta Penting Januari 2019 halaman 8-13, lan Menara Pengawal 1 September 2003 halaman 19-22.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d Deloken vidéo Dadi Kancané Yéhuwah—Siapna Jawabanmu ing jw.org.

e Deloken artikel Menara Pengawal 15 Juli 2013 halaman 32, lan 1 September 2003 halaman 21-22.

f KETERANGAN GAMBAR: Sedulur sing wis koméntar mènèhi kesempatan kanggo liyané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim