PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 Desember hlm. 24-29
  • Cah-Cah Lanang, Kowé Isa Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Cah-Cah Lanang, Kowé Isa Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PIYÉ BÈN ISA DADI WONG KRISTEN SING LUWIH APIK?
  • BELAJAR KETRAMPILAN SING BERMANFAAT
  • MANFAATÉ KANGGO SUKMBÈN
  • SING PERLU DIUPAYAKKÉ SAIKI
  • Cah-Cah Wédok, Kowé Isa Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Cah Enom Isa Dadi Wong sing Dipercaya
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • ”Ngupaya Dadi Wong sing Déwasa”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 Desember hlm. 24-29

ARTIKEL PELAJARAN 53

Cah-Cah Lanang, Kowé Isa Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik

”Kowé kudu kuwat lan tumindak kaya wong lanang.” —1 Raj. 2:​2, cathetan ngisor.

LAGU 135 Anak-Ku, Gawéa Seneng Ati-Ku

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, sedulur-sedulur lanang kudu piyé?

RAJA DAUD ngekèki naséhat Salomo, ”Kowé kudu kuwat lan tumindak kaya wong lanang.” (1 Raj. 2:​1-3, cathetan ngisor) Naséhat kuwi ya kanggo kabèh sedulur lanang saiki. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, sedulur-sedulur lanang kudu manut hukumé Gusti Allah lan ngetrapké pathokan ing Alkitab. (Luk. 2:52) Ngapa kok cah-cah lanang kudu berupaya bèn dadi wong Kristen sing luwih apik?

2-3. Apa manfaaté nèk cah-cah lanang berupaya bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik?

2 Sedulur-sedulur lanang kuwi nduwé tanggung jawab sing gedhé ing keluarga lan ing jemaat. Cah-cah enom, mungkin kowé ya wis mikirké tanggung jawab sing arep mbok raih, misalé dadi pelayan sepenuh waktu, abdiné jemaat, utawa pinituwa. Mungkin kowé ya péngin nikah utawa nduwé anak. (Éf. 6:4; 1 Tim. 3:1) Bèn rencana-rencana kuwi isa berhasil, kowé kudu dadi wong Kristen sing luwih apik.b

3 Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, ana ketrampilan-ketrampilan sing kudu mbok pelajari. Ora soal apa tanggung jawabmu sukmbèn, apa sing isa mbok upayakké kèt saiki?

PIYÉ BÈN ISA DADI WONG KRISTEN SING LUWIH APIK?

Sedulur lanang enom ngrenungké pas lagi pelajaran pribadi. Gambar: 1. Yésus nangis karo Maria lan Marta. 2. Yésus ndonga. 3. Yésus ngwijiki sikilé rasulé.

Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé isa niru sifat-sifaté Yésus (Deloken paragraf 4)

4. Cah-cah lanang isa éntuk conto sing apik saka sapa waé? (Deloken gambar kanggo paragraf 4.)

4 Niru contoné wong-wong sing dadi teladan. Ing Alkitab ana akèh teladan sing isa diconto cah-cah lanang. Meréka wong-wong sing sayang karo Yéhuwah lan dikèki tanggung jawab ngurusi umaté. Kowé ya isa niru teladané sedulur-sedulur lanang ing keluargamu dhéwé utawa ing jemaat sing sifat-sifat lan tingkah lakuné apik. (Ibr. 13:7) Teladan sing paling apik sing isa ditiru kuwi Yésus Kristus. (1 Ptr. 2:21) Wektu mempelajari teladané meréka, gatèkna sifat-sifaté. (Ibr. 12:​1, 2) Bar kuwi, pikirna carané niru.

5. Piyé carané bèn isa nduwé kemampuan kanggo mikir lan apa manfaaté? (Mazmur 119:9)

5 ”Gunakna kemampuan kanggo mikir.” (WB. 3:21) Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir kuwi berarti ora grusa-grusu, tapi mikir sik sakdurungé bertindak. Bèn isa terus nduwé kemampuan kanggo mikir kuwi butuh upaya. Lha ngapa? Saiki, ana akèh cah enom sing nggawé keputusan mung berdasarkan perasaan utawa karepé dhéwé. (WB. 7:7; 29:11) Terus, ya ana pengaruh sing èlèk saka film, TV, internèt, lan média sosial. Lha terus, piyé carané bèn isa nduwé kemampuan kanggo mikir? Kowé kudu mempelajari Alkitab bèn ngerti piyé perasaan lan pikirané Yéhuwah. Terus, pikirna manfaaté nèk manut Yéhuwah. Bar kuwi, kowé isa nggawé keputusan sing nggawé Yéhuwah seneng. (Wacanen Mazmur 119:9.) Nèk ngetrapké kuwi, kowé bakal isa dadi wong Kristen sing luwih apik. (WB. 2:​11, 12; Ibr. 5:14) Ayo mbahas apa manfaaté nèk nduwé kemampuan kanggo mikir pas: (1) urusan karo sedulur-sedulur wédok lan (2) milih pakaian lan dandanan.

6. Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, sedulur lanang bakal piyé pas urusan karo sedulur wédok?

6 Sedulur lanang sing nduwé kemampuan kanggo mikir bakal ngajèni wong wédok. Mémang, wajar nèk sedulur lanang tertarik karo sedulur wédok, terus péngin nduwé hubungan karo dhèwèké. Tapi nèk kowé ora nduwé niat nikah karo dhèwèké, aja ngekèki harapan. Misalé nulis, ngomong, utawa melakukan sesuatu sing marakké dhèwèké mikir nèk kowé seneng karo dhèwèké. (1 Tim. 5:​1, 2) Terus, nèk saiki kowé lagi pacaran, réputasiné pacarmu ya kudu mbok jaga. Aja nganti kowé mung berduaan thok karo dhèwèké tanpa ana pendamping.—1 Kor. 6:18.

7. Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, sedulur lanang bakal piyé pas milih pakaian lan dandanan?  

7 Sedulur lanang ya isa terbukti nduwé kemampuan kanggo mikir saka carané milih pakaian lan gaya rambut. Akèh-akèhé modhèl pakaian saiki dirancang lan diiklanké karo wong-wong sing ora menghormati Yéhuwah lan tingkah lakuné bejat. Makané, gaya pakaiané ketat-ketat utawa marakké wong lanang dadi kétok kaya wong wédok. Dadi, pas milih arep nganggo klambi apa, sedulur lanang bakal mikirké pathokan ing Alkitab lan niru contoné sedulur-sedulur sing dadi teladan soal milih pakaian lan dandanan. Dhèwèké isa mikirké, ’Saka pilihan pakaian lan dandananku, apa kuwi mbuktèkké nèk aku nduwé pertimbangan sing apik lan ora péngin marakké wong liya dadi risi? Nèk ndelok penampilanku, apa wong liya isa percaya nèk aku iki abdiné Gusti Allah?’ (1 Kor. 10:​31-33; Tit. 2:6) Nèk nduwé kemampuan kanggo mikir, kowé ora mung bakal diajèni sedulur-sedulur, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng.

8. Piyé bèn sedulur lanang enom isa diendelké?  

8 Isa diendelké. Wong lanang sing isa diendelké mesthi bakal sregep lan tenanan ngrampungké kabèh tugas sing wis dipercayakké. (Luk. 16:10) Conto sing paling sampurna kuwi Yésus. Dhèwèké selalu bertanggung jawab lan ora tau asal-asalan nggarap tugasé. Meskipun kadhang-kadhang tugasé saka Yéhuwah kuwi angèl, kuwi tetep dirampungké. Yésus nganti gelem ngekèkké nyawané merga dhèwèké sayang karo kabèh wong terutama murid-muridé. (Yoh. 13:1) Nèk niru Yésus, kowé mesthi bakal tenanan wektu ngrampungké tugasmu. Nèk durung paham carané, kowé kudu rendah hati lan njaluk tulung sedulur-sedulur sing luwih berpengalaman. Aja cepet ngrasa puas. Nèk kowé ngrasa isa luwih apik manèh, ya upayakna kuwi. (Rm. 12:11) Wektu éntuk tugas, garapen kuwi ”kaya kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa”. (Kol. 3:23) Terus, merga ora sampurna, isa waé kowé nggawé salah. Dadi kudu rendah hati lan ngakoni kesalahanmu.—WB. 11:2.

BELAJAR KETRAMPILAN SING BERMANFAAT

9. Apa manfaaté nèk sedulur lanang enom belajar ketrampilan?

9 Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé kudu belajar ketrampilan. Ketrampilan-ketrampilan kuwi bakal bermanfaat wektu kowé éntuk tugas ing jemaat, nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhanmu lan keluarga, lan wektu urusan karo wong liya. Gatèkna conto-contoné.

Sedulur lanang enom ajar maca lan nulis ing kelas maca lan nulis saka organisasi.

Isa maca lan nulis kuwi ana akèh manfaaté kanggo kowé dhéwé lan kanggo para sedulur ing jemaat (Deloken paragraf 10-11)

10-11. Nèk sedulur lanang isa maca lan nulis, apa manfaaté kanggo dhèwèké dhéwé lan para sedulur ing jemaat? (Mazmur 1:​1-3) (Deloken gambar kanggo paragraf 10-11.)

10 Maca lan nulis. Ing Alkitab disebutké nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina kuwi isa marakké bahagia. (Wacanen Mazmur 1:​1-3.) Nèk maca Alkitab saben dina, kowé bakal ngerti sing dikarepké Yéhuwah. Hasilé, pas ngadhepi situasi tertentu, kowé bakal ngerti kudu piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 1:​3, 4) Sedulur-sedulur lanang sing kaya ngono dibutuhké ing jemaat.

11 Sedulur-sedulur bakal éntuk akèh manfaat nèk ing jemaat ana sedulur-sedulur lanang sing isa mulang lan ngekèki naséhat saka Alkitab. (Tit. 1:9) Nèk isa maca lan nulis, kowé bakal isa nyiapké ceramah lan koméntar sing bermanfaat, sing marakké sedulur-sedulur tambah kuwat imané. Terus, pas pelajaran pribadi lan pas ngrungokké ceramah ing pertemuan-pertemuan ibadah, kowé ya isa nggawé cathetan sing bermutu. Hasilé, cathetan-cathetanmu kuwi mengko isa dienggo nguwatké imanmu lan imané wong liya.

12. Bèn isa komunikasi sing apik, apa waé sing kudu diupayakké?

12 Komunikasi sing apik. Sedulur lanang kudu belajar bèn isa komunikasi sing apik. Kuwi berarti dhèwèké kudu ngrungokké lan memahami pikiran lan perasaané wong liya. (WB. 20:5) Carané, dhèwèké isa ngamati nada suara, èksprèsi wajah, lan sikapé wong liya. Kuwi berarti, kowé kudu akèh bergaul. Tapi, nèk mung seneng komunikasi ora langsung, misalé mung liwat SMS, email, utawa chat, mengko pas ketemu langsung kowé dadi bingung arep ngomong apa. Mulané, upayakna bèn isa omong-omongan secara langsung.—2 Yoh. 12.

Sedulur lanang enom lagi diajari sedulur liya carané ndandani omah.

Kowé kudu belajar ketrampilan bèn isa nyambut gawé (Deloken paragraf 13)

13. Sedulur lanang enom kudu belajar apa manèh? (1 Timotius 5:8) (Deloken gambar kanggo paragraf 13.)

13 Ajar nggolèk dhuwit. Wong lanang kudu isa nggolèk dhuwit dhéwé bèn isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. (Wacanen 1 Timotius 5:8.) Ing beberapa negara, cah-cah lanang biasané ajar ketrampilan saka bapaké utawa saka anggota keluarga liyané. Ing negara liyané, mungkin meréka belajar ketrampilané saka kursus utawa sekolah kejuruan. Ora soal piyé carané, sing penting kowé kudu belajar ketrampilan bèn isa nyambut gawé. (Kis. 18:​2, 3; 20:34; Éf. 4:28) Kowé ya kudu seneng kerja keras lan tekun nyambut gawé. Nèk kowé nduwé réputasi kaya ngono, kowé bakal luwih gampang éntuk gawéan lan luwih dipercaya wong liya. Nèk kowé berupaya nduwé sifat-sifat sing disenengi Yéhuwah lan belajar ketrampilan, kuwi mesthi bakal ana manfaaté kanggo kowé sukmbèn. Ayo ndelok conto-contoné.

MANFAATÉ KANGGO SUKMBÈN

14. Bèn isa dadi pelayan sepenuh waktu, apa sing isa diupayakké?

14 Nèk arep dadi pelayan sepenuh waktu. Ana akèh sedulur sing mulai dadi pelayan sepenuh waktu kèt isih enom. Nèk merintis, cah-cah enom isa belajar carané kerja sama karo akèh wong sing sifaté béda-béda. Merga kudu urip sederhana, dhèwèké ya bakal belajar ngatur keuangané. (Flp. 4:​11-13) Nah, bèn isa dadi pelayan sepenuh waktu, kowé isa nyoba merintis èkstra sik. Bar dadi perintis èkstra beberapa bulan, akèh sing akhiré luwih siap dadi perintis biasa. Nèk wis dadi perintis biasa, kowé isa diundang kanggo dadi rélawan pembangunan utawa anggota Bètel.

15-16. Piyé bèn sedulur lanang enom isa memenuhi syarat dadi abdiné jemaat utawa pinituwa?

15 Nèk péngin dadi abdiné jemaat utawa pinituwa. Kabèh cah lanang kudu berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dhèwèké memenuhi syarat dadi pinituwa. Menurut Alkitab nèk dhèwèké ngupayakké kuwi, berarti dhèwèké ”péngin nindakké gawéan sing apik”. (1 Tim. 3:1) Sakdurungé dadi pinituwa, kudu memenuhi syarat sik dadi abdiné jemaat. Abdiné jemaat tugasé mbantu para pinituwa nglayani para sedulur ing jemaat. Embuh pinituwa utawa abdiné jemaat kabèh kuwi rendah hati nglayani para sedulur lan ya semangat nginjil. Cah-cah enom isa dadi abdiné jemaat bahkan pas umuré isih 17-19 taun. Terus, nèk wis memenuhi syarat, abdiné jemaat sing umuré 20-an ya isa dilantik dadi pinituwa.

16 Syarat-syarat dadi abdiné jemaat lan pinituwa kuwi ditulis ing Alkitab, lan kuwi dhasaré merga sayang karo Yéhuwah, keluarga, lan para sedulur seiman. (1 Tim. 3:​1-13; Tit. 1:​6-9; 1 Ptr. 5:​2, 3) Piyé carané bèn isa memenuhi syarat-syarat kuwi? Kudu paham sik saben syaraté. Terus ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa memenuhi syarat kuwi.c

Sedulur lanang enom ngéwangi wong tuwané nyiapké panganan.

Yéhuwah ngongkon wong lanang bèn sayang karo bojo lan anak-anaké, nyukupi kebutuhané meréka, dadi sahabaté, lan mbantu meréka bèn tetep akrab karo Yéhuwah (Deloken paragraf 17)

17. Bèn siap dadi suami lan kepala keluarga, sedulur lanang enom kudu piyé? (Deloken gambar kanggo paragraf 17.)

17 Nèk dadi suami lan kepala keluarga. Kaya sing diomongké Yésus, ana sedulur-sedulur lanang sing milih ora arep nikah. (Mat. 19:12) Tapi, nèk mutuské arep nikah, kowé bakal éntuk tanggung jawab tambahan dadi suami lan kepala keluarga. (1 Kor. 11:3) Yéhuwah ngongkon wong lanang bèn sayang karo bojoné, nyukupi kebutuhané, dadi sahabaté, lan mbantu bojoné tetep akrab karo Yéhuwah. (Éf. 5:​28, 29) Nèk kowé ngupayakké bèn nduwé sifat-sifat sing dibahas ing artikel iki, misalé nduwé kemampuan kanggo mikir, ngajèni wong wédok, lan isa diendelké, kowé bakal luwih siap dadi suami lan kepala keluarga.

18. Bèn siap dadi bapak sing apik, sedulur lanang enom kudu piyé?

18 Nèk dadi bapak. Bar kowé nikah, mungkin kowé isa waé nduwé anak. Bèn isa dadi bapak sing apik, kowé isa niru contoné Yéhuwah. (Éf. 6:4) Misalé, ing ngarepé wong akèh Yéhuwah ngomong nèk sayang lan bangga karo Yésus. (Mat. 3:17) Nèk kowé dadi bapak, kerep-kerepa ngomong karo anakmu nèk kowé sayang karo meréka. Terus, ya kerep-kerepa muji. Nèk kowé niru contoné Yéhuwah, mengko anak-anakmu ya isa dadi wong Kristen sing luwih apik. Kowé isa siap dadi bapak sing apik nèk kèt saiki kowé belajar perduli lan menyayangi keluargamu lan sedulur-sedulur ing jemaat. Ngomonga nèk meréka kuwi berharga lan kowé sayang karo meréka. (Yoh. 15:9) Nèk kuwi mbok upayakké kèt saiki, kowé bakal berguna kanggo organisasi lan disayangi Yéhuwah lan keluargamu.

SING PERLU DIUPAYAKKÉ SAIKI

Sedulur-sedulur lanang enom sing semangat nglayani Yéhuwah. 1. Sedulur lanang sing pelajaran pribadi mau saiki lagi nginjil. 2. Sedulur lanang sing mau ngéwangi nyiapké panganan saiki lagi ngajari sedulur lansia nganggo tablèt. 3. Sedulur lanang sing ajar maca lan nulis mau lagi éntuk tugas maca Alkitab ing pertemuan ibadah. 4. Sedulur lanang sing diajari ndandani omah mau saiki lagi nggunakké graji mesin ing proyèk pembangunan.

Akèh cah-cah lanang dadi wong Kristen sing luwih apik merga mempelajari Alkitab lan ngetrapké sing dipelajari kuwi (Deloken paragraf 19-​20)

19-20. Bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik, sedulur-sedulur lanang enom kudu piyé? (Deloken gambar halaman 1.)

19 Sedulur-sedulur lanang enom, dadi wong Kristen sing luwih apik kuwi ora otomatis. Kowé kudu niru conto sing apik, nduwé kemampuan kanggo mikir, isa diendelké, lan belajar ketrampilan sing bermanfaat kanggo kowé sukmbèn.

20 Bar pembahasan iki, mungkin kowé dadi mikir nèk kuwi ora gampang. Tapi kowé mesthi isa berhasil. Élinga nèk Yéhuwah péngin mbantu kowé. (Yés. 41:​10, 13) Sedulur-sedulur ing jemaat ya mesthi bakal mbantu kowé. Nèk kowé ngupaya tenanan bèn dadi wong Kristen sing luwih apik, kowé bakal bahagia lan puas. Sedulur-sedulur lanang, kalian disayangi. Muga-muga Yéhuwah mberkahi upayamu bèn isa dadi wong Kristen sing luwih apik.—WB. 22:4.

APA SING ISA DIPELAJARI SAKA . . .

  • Mazmur 119:9?

  • Mazmur 1:​1-3?

  • 1 Timotius 5:8?

LAGU 65 Terus Maju

a Sedulur-sedulur lanang sing nduwé sifat-sifat sing apik lan terbukti isa diajèni kuwi dibutuhké ing jemaat. Ing artikel iki bakal dibahas piyé bèn cah-cah lanang isa dadi sedulur sing kaya ngono.

b Deloken ”Keterangan” ing artikel sakdurungé.

c Deloken buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa, Bab 5-6.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim