ARTIKEL PELAJARAN 27
LAGU 73 Bantu Aku Kendel
Kendel Kaya Zadok
”Zadok [kuwi] wong lanang enom sing hébat.”—1 BB. 12:28.
INTI
Niru Zadok bèn isa kendel.
1-2. Zadok kuwi sapa? (1 Babad 12:22, 26-28)
BAYANGNA peristiwané. Wektu kuwi, ana luwih saka 340.000 wong lagi ngumpul ing bukit cedhak Hébron kanggo ndadèkké Daud dadi raja Israèl. Selama telung dina, meréka seneng-seneng, nyanyi-nyanyi, lan muji Yéhuwah. (1 Bb. 12:39) Ing antarané wong akèh kuwi, ana cah lanang enom sing jenengé Zadok. Mungkin wektu kuwi dhèwèké ora pati menonjol. Tapi, Yéhuwah nggatèkké dhèwèké lan péngin awaké dhéwé ngerti soal dhèwèké. (Wacanen 1 Babad 12:22, 26-28.) Zadok kuwi sapa?
2 Zadok kuwi imam sing akrab karo Imam Agung Abiatar. Zadok ya dikèki kawicaksanan lan kesanggupan saka Gusti Allah bèn isa ngerti karepé Gusti Allah. (2 Sam. 15:27) Pas ana masalah, biasané wong-wong padha nemoni Zadok kanggo njaluk naséhat. Zadok kuwi wongé ya kendel. Apa buktiné nèk Zadok kendel? Kuwi sing arep dibahas ing artikel iki.
3. (a) Ngapa kok umaté Yéhuwah kudu kendel? (b) Apa sing arep dibahas ing artikel iki?
3 Ing akhir jaman iki, serangané Sétan saya suwé saya medèni. (1 Ptr. 5:8) Makané, sakdurungé Yéhuwah nyingkirké Sétan lan balané, awaké dhéwé kudu kendel. (Mzm. 31:24) Piyé carané niru Zadok sing kendel? Ing artikel iki arep dibahas telu carané.
NDHUKUNG KERAJAANÉ GUSTI ALLAH
4. Bèn isa terus ndhukung Kerajaané Gusti Allah, ngapa kok umaté Yéhuwah kudu kendel? (Deloken gambar.)
4 Bèn isa terus sepenuh hati ndhukung Kerajaané Gusti Allah, umaté Yéhuwah kudu kendel. (Mat. 6:33) Misalé, merga saiki akèh wong padha jahat lan bejat, awaké dhéwé kudu kendel bèn isa manut pathokané Yéhuwah saben dina lan nginjil. (1 Tés. 2:2) Terus, akèh wong saiki ora rukun merga masalah politik. Makané, awaké dhéwé kudu kendel bèn isa tetep ora mihak. (Yoh. 18:36) Ana akèh umaté Yéhuwah sing ngalami kesulitan ékonomi, dianiaya, utawa dipenjara merga ora gelem mèlu-mèlu urusan politik utawa wajib militèr.
Wektu wong-wong padha ngributké soal politik, njenengan bakal piyé? (Deloken paragraf 4)
5. Ngapa kok Zadok kudu kendel ndhukung Daud?
5 Wektu lunga ing Hébron, Zadok wis nggawa senjata lan siap perang. Dadi, dhèwèké mrana ora mung kanggo seneng-seneng merga Daud wis dadi raja. (1 Bb. 12:38) Dhèwèké siap mèlu Daud perang mbéla Israèl. Zadok kuwi dudu prajurit, dadi dhèwèké ora nduwé pengalaman perang. Makané, dhèwèké kudu kendel.
6. Apa sing marakké Daud dadi conto sing apik kanggo Zadok? (Mazmur 138:3)
6 Ngapa kok Imam Zadok isa kendel kaya ngono? Dhèwèké bergaul karo wong-wong sing kuwat lan kendel. Dhèwèké mesthi niru contoné meréka. Misalé, Daud kuwi kendel banget ”mimpin Israèl maju perang”, makané wong Israèl péngin Daud dadi rajané. (1 Bb. 11:1, 2) Daud selalu ngendelké Yéhuwah wektu nglawan mungsuh-mungsuhé. (Mzm. 28:7; wacanen Mazmur 138:3.) Zadok ya niru contoné wong-wong lanang sing kendel, misalé Yéhoyada, Bénaya, lan 22 pemimpin pasukan liyané sing ndhukung Daud. (1 Bb. 11:22-25; 12:26-28) Kabèh wong kuwi ndhukung Daud lan siap nglindhungi dhèwèké.
7. (a) Ing jaman saiki, awaké dhéwé isa belajar contoné sapa waé bèn isa kendel? (b) Apa sing isa dipelajari saka contoné Sedulur Nsilu? (Deloken cathetan ngisor.)
7 Nèk seneng mempelajari contoné wong-wong sing kendel ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané, awaké dhéwé ya isa dadi kendel. Pas ing bumi, Yésus rajané awaké dhéwé, ora gelem mèlu-mèlu politik. (Mat. 4:8-11; Yoh. 6:14, 15) Yésus isa kendel merga ngendelké Yéhuwah. Saiki ya ana akèh contoné cah-cah enom sing ora gelem mèlu kegiatan politik utawa wajib militèr. Njenengan isa maca pengalamané meréka ing jw.org.a
MBANTU PARA SEDULUR
8. Para pinituwa kudu kendel mbantu para sedulur, misalé pas apa?
8 Umaté Yéhuwah seneng mbantu. (2 Kor. 8:4) Tapi kadhang, kanggo ngekèki bantuan kuwi ya kudu kendel. Misalé, upayané para pinituwa pas ana perang. Merga sayang karo para sedulur, para pinituwa gelem toh nyawa kanggo nyedhiakké sing dibutuhké para sedulur, nyemangati, lan nguwatké meréka. (Yoh. 15:12, 13) Para pinituwa sing kendel kuwi kaya Zadok.
9. Menurut 2 Samuèl 15:27-29, Zadok dikon apa karo Daud? (Deloken gambar.)
9 Wektu kuwi, Absalom anaké Daud arep matèni Daud lan ngrebut takhtané. (2 Sam. 15:12, 13) Daud kudu ndang lunga saka Yérusalèm. Makané dhèwèké ngomong karo para abdiné, ”Ayo kabèh ndang lunga lan mlayu, merga awaké dhéwé ora bakal isa lolos saka Absalom.” (2 Sam. 15:14) Pas meréka lunga, Daud sadhar nèk kudu ana sing tetep ing Yérusalèm bèn isa ngandhani Daud soal rencanané Absalom. Makané, dhèwèké ngongkon Zadok lan beberapa imam sing liyané balik ing Yérusalèm kanggo dadi mata-mata. (Wacanen 2 Samuèl 15:27-29.) Para imam kuwi kudu ngati-ati banget, bahkan kudu toh nyawa. Lha ngapa? Absalom kuwi wongé kejem, égois, lan bahkan téga ngianati bapaké dhéwé. Nèk nganti Zadok lan para imam kuwi konangan dadi mata-matané Daud, meréka mesthi bakal dipatèni.
Daud ngekèki Zadok tugas sing berbahaya (Deloken paragraf 9)
10. Piyé Zadok lan para imam liyané nglindhungi Daud?
10 Bar kuwi, Zadok karo Husyai ndhukung rencana sing wis digawé Daud. (2 Sam. 15:32-37) Husyai éthok-éthok ndhukung Absalom lan ngekèki saran soal carané nyerang Daud. Nah, kuwi sakjané kesempatan bèn Daud isa siap-siap nyerang balik. Pas Absalom ngrungokké sarané Husyai, Husyai ngandhani Zadok lan Abiatar. (2 Sam. 17:8-16) Terus, Zadok karo Abiatar ngandhani Daud soal rencanané Absalom. (2 Sam. 17:17) Merga bantuané Yéhuwah, Zadok lan para imam liyané isa nglindhungi Daud.—2 Sam. 17:21, 22.
11. Piyé awaké dhéwé isa kendel kaya Zadok wektu mbantu para sedulur?
11 Piyé awaké dhéwé isa kendel kaya Zadok wektu dikon mbantu para sedulur sing lagi ngadhepi situasi sing berbahaya? (1) Manut arahan. Wektu keadaané berbahaya, awaké dhéwé kudu tetep bersatu. Makané, kudu manut arahan saka kantor cabang. (Ibr. 13:17) Para pinituwa kudu rutin ndelok petunjuk soal persiapan sakdurungé ngadhepi bencana lan sing kudu dilakukan pas ana bencana. (1 Kor. 14:33, 40) (2) Kendel, tapi tetep ngati-ati. (WB. 22:3) Sakdurungé bertindak, ya kudu mikirké résikoné. Aja sembrana. (3) Ngendelké Yéhuwah. Wektu mbantu para sedulur ing situasi sing berbahaya, élinga nèk Yéhuwah ya nggatèkké keselamatané njenengan lan para sedulur.
12-13. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Viktor lan Vitalii? (Deloken gambar.)
12 Gatèkna pengalamané Viktor karo Vitalii, loro pinituwa ing Ukraina. Meréka dikon ngeterké panganan lan banyu kanggo para sedulur. Viktor crita, ”Nggolèk panganan wektu kuwi angèl banget. Ing kéné kerep ana témbak-témbakan. Tapi, ana siji sedulur seiman sing nyumbangké persediaan pangané. Sumbangané kuwi cukup kanggo kebutuhané para sedulur selama beberapa hari. Nah, wektu ngunggahké barang ing truk, ana bom sing tiba kira-kira 20 mèter cedhaké kami. Sedina kuwi aku ndonga terus bèn isa kendel mbantu sedulur-sedulur.”
13 Vitalii crita, ”Kami kudu bener-bener kendel. Panggonan pertama sing kudu tak teri kuwi adohé 12 jam. Sepanjang perjalanan, aku ndonga terus karo Yéhuwah.” Vitalii kendel, tapi ya tetep ngati-ati. Dhèwèké crita manèh, ”Aku ndonga terus, bèn Yéhuwah mbantu aku isa wicaksana lan ora sembrana. Aku mung liwat dalan-dalan sing wis disaranké pamréntah. Imanku dadi tambah kuwat merga ndelok para sedulur kerja sama. Meréka nyingkirké halangan saka dalan, mbantu ngunggahké barang-barang ing truk, lan nyedhiakké panganan lan tempat istirahat kanggo aku karo Viktor.”
Wektu mbantu para sedulur ing situasi sing berbahaya, kudu kendel tapi tetep ngati-ati (Deloken paragraf 12-13)
TERUS SETYA KARO YÉHUWAH
14. Piyé rasané nèk ana keluarga utawa kanca akrab sing ora gelem nglayani Yéhuwah manèh?
14 Wektu anggota keluarga utawa kanca akrab wis ora gelem nglayani Yéhuwah manèh, mesthi rasané sedhih banget lan isa marakké cilik ati. Apamanèh nèk awaké dhéwé wis akrab banget karo wongé. (Mzm. 78:40; WB. 24:10) Nèk tau ngalami kaya ngono, njenengan isa belajar saka Zadok sing terus setya karo Yéhuwah.
15. Zadok kudu kendel bèn isa tetep setya karo Yéhuwah. Lha ngapa? (1 Para Raja 1:5-8)
15 Zadok nduwé sahabat sing jenengé Abiatar. Nah, wektu Daud mèh mati, anaké Daud sing jenengé Adoniya ngupaya ngrebut takhtané Daud. Padahal Yéhuwah ngomong nèk sing kuduné dadi raja kuwi Salomo. (1 Bb. 22:9, 10) Nah, Abiatar malah ndhukung Adoniya. (Wacanen 1 Para Raja 1:5-8.) Kuwi berarti, Abiatar ora mung ora setya karo Daud, tapi ya karo Yéhuwah. Zadok mesthi sedhih lan kecéwa banget. Dhèwèké karo Abiatar wis bareng-bareng dadi imam lan kerja sama selama luwih saka patang puluh taun. (2 Sam. 8:17) Meréka ya tau kerja sama ngurusi ”Pethiné Gusti Allah sing bener”. (2 Sam. 15:29) Selama iki, meréka ya wis ndhukung pamréntahané Daud lan melakukan akèh tugas kanggo Yéhuwah bareng-bareng. (2 Sam. 19:11-14) Tapi meskipun wis dikhianati Abiatar, Zadok tetep setya karo Yéhuwah.
16. Apa sing marakké Zadok isa tetep setya karo Yéhuwah?
16 Meskipun Abiatar ngianati Yéhuwah lan Daud, Zadok tetep setya karo Yéhuwah. Daud dadi percaya karo Zadok. Wektu siasaté Adoniya kebukak, Daud milih Zadok, Natan, lan Bénaya kanggo nglantik Salomo dadi raja. (1 Raj. 1:32-34) Zadok mesthi dikuwatké lan disemangati merga terus bergaul karo wong-wong sing ya setya karo Yéhuwah, misalé Natan lan pendhukungé Daud sing liyané. (1 Raj. 1:38, 39) Wektu Salomo dadi raja, dhèwèké ”nglantik Zadok dadi imam nggantèni Abiatar”.—1 Raj. 2:35.
17. Nèk ana keluarga utawa kanca sing wis ora setya karo Yéhuwah, piyé carané niru Zadok?
17 Piyé carané niru Zadok? Nèk ana keluarga utawa kanca sing wis ora setya karo Yéhuwah, buktèkna nèk njenengan milih setya karo Yéhuwah. (Yos. 24:15) Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn isa kendel nglakoni sing bener. Ndongaa karo Yéhuwah lan terusa bergaul karo umaté. Nèk njenengan tetep setya, Yéhuwah mesthi menghargai lan bakal mberkahi njenengan.—2 Sam. 22:26.
18. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Marco karo Sidse?
18 Gatèkna pengalamané Marco karo Sidse. Anaké wédok loro-loroné ora gelem nglayani Yéhuwah manèh. Marco crita, ”Kèt anak-anak lair, wong tuwa mesthi sayang banget lan ngupaya tenanan bèn anaké ora cilaka. Dadi, wektu anaké milih ora nglayani Yéhuwah manèh, atiné wong tuwa mesthi hancur. Tapi, aku ngrasakké nèk Yéhuwah selalu mbantu bèn aku karo bojoku isa saling nguwatké. Wektu aku sedhih, bojoku sing nguwatké lan nyemangati aku. Terus wektu dhèwèké sedhih, aku sing nguwatké dhèwèké.” Sidse ngomong, ”Nèk ora dikuwatké Yéhuwah, kami mesthi ora isa ngadhepi kuwi. Aku ngrasa anakku ora gelem nglayani Yéhuwah manèh kuwi merga salahku. Kuwi kabèh tak critakké ing Yéhuwah. Beberapa hari bar kuwi, ana sedulur wédok sing wis suwé banget ora tau ketemu, ngerti-ngerti ngrangkul aku, ndelok aku, lan ngomong, ’Kuwi dudu salahmu.’ Dadi merga bantuané Yéhuwah, aku isa tetep bahagia nglayani Dhèwèké.”
19. Apa tékadé njenengan?
19 Yéhuwah péngin kabèh umaté kendel kaya Zadok. (2 Tim. 1:7) Tapi, Yéhuwah pénginé awaké dhéwé ngendelké Dhèwèké, dudu ngendelké kemampuané dhéwé. Mulané pas njenengan ngrasa nèk kudu kendel, njaluka tulung karo Yéhuwah. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan bèn dadi kendel kaya Zadok.—1 Ptr. 5:10.
LAGU 126 Terus Kuwatna Imanmu
a Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Kenapa Wong Kristen Sejati Kudu Kendel—Supaya Tetep Nétral.