Pertanyaan saka Pembaca
Ing 2 Tésalonika 3:14, sing dikèki préntah kanggo ’mènèhi tandha’ kuwi para pinituwa utawa masing-masing wong Kristen?
Kanggo wong Kristen ing Tésalonika, Rasul Paulus nulis, ”Nèk ana sing ora manut karo petunjuk sing tak wènèhké liwat surat iki, kowé kudu mènèhi wong kuwi tandha.” (2 Tés. 3:14, cathetan ngisor) Mbiyèn, préntah kuwi kanggo para pinituwa. Nèk ana sing terus-terusan ora manut pathokan ing Alkitab meskipun wis bola-bali dinaséhati, para pinituwa mungkin bakal nyampèkké ceramah kanggo ngélikké para sedulur bèn ora bergaul karo wong kuwi ing kegiatan sakliyané ngibadah utawa nginjil.
Tapi saiki ana penyesuaian pemahaman soal kuwi. Préntah soal ’mènèhi tandha’ kuwi sesuatu sing kudu diputuské dhéwé karo saben wong Kristen. Dadi, para pinituwa ora perlu nyampèkké ceramah khusus soal kuwi. Lha ngapa kok ana penyesuaian pemahaman kuwi? Gatèkna apa sing lagi diomongké Paulus wektu ngekèki préntah kuwi.
Wektu kuwi, ing jemaat ana ”sedulur-sedulur sing ora tertib”. Meréka ora gelem manut petunjuké Paulus sing dhasaré saka Alkitab. Ing kunjungan sakdurungé, Paulus ngekèki petunjuk, ”Wong sing ora gelem nyambut gawé, ora usah mangan.” Tapi isih ana sing ora gelem nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé, padahal sakjané meréka sanggup. Terus, meréka ya seneng ngurusi urusané wong liya. Nah, para sedulur kudu piyé karo wong-wong kuwi?—2 Tés. 3:6, 10-12.
Paulus ngomong, ”Kowé kudu mènèhi wong kuwi tandha.” Kata Yunaniné berarti nitèni wong kuwi lan ngati-ati bèn aja nganti kena pengaruh èlèké. Paulus ngekèki préntah kuwi ora mung kanggo para pinituwa, tapi kanggo kabèh sedulur ing jemaat. (2 Tés. 1:1; 3:6) Dadi, nèk ana sedulur sing ora manut naséhat ing Alkitab, saben wong Kristen bakal milih kanggo ’ora bergaul manèh karo dhèwèké’.
Apa kuwi berarti dhèwèké diperlakukan kaya wong sing wis ditokké saka jemaat? Ora. Paulus ngomong, ”Kowé kudu terus mènèhi dhèwèké naséhat kaya sedulur.” Dadi, saben wong Kristen isa mutuské nèk meréka arep tetep bergaul karo wong kuwi ing pertemuan ibadah utawa pas nginjil, tapi ora pas kumpul-kumpul utawa rékréasi. Tujuané apa? Paulus ngomong, ”Bèn dhèwèké isin.” Isa waé bar dingonokké, wong sing ora tertib mau dadi isin lan akhiré ngubah tingkah lakuné.—2 Tés. 3:14, 15.
Nah nèk saiki, ’mènèhi tandha’ kanggo wong-wong sing ora tertib kuwi piyé? Kudu mastèkké sik apa mémang perbuatané bener-bener ”ora tertib”, kaya sing dijelaské Paulus. Sing dimaksud ”ora tertib” kuwi sengaja ora manut padahal wis dikèki naséhat saka Alkitab. Dadi, disebut ”ora tertib” kuwi dudu merga wong kuwi nggawé keputusan sing ora sesuai karo hati nuraniné awaké dhéwé, utawa pilihané béda karo pilihané awaké dhéwé. Kuwi ya dudu merga wong kuwi tau nglarani atiné awaké dhéwé.
Dadi, nèk ngerti ana sedulur sing terus-terusan ora manut naséhat ing Alkitab,a awaké dhéwé bakal milih ora bergaul karo dhèwèké wektu acara kumpul-kumpul utawa rékréasi. Tapi, tetep menikmati pertemuan ibadah lan nginjil karo wong kuwi. Nah merga iki keputusané dhéwé-dhéwé, kuwi ora perlu dibahas karo wong liya sakliyané keluargané dhéwé. Mengko nèk dhèwèké wis ngubah tingkah lakuné, awaké dhéwé isa bergaul karo dhèwèké kaya mbiyèn manèh.
a Wong-wong sing disebut ”ora tertib” kuwi nèk misalé piyé? Misalé, wong Kristen sing sengaja ora gelem nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé padahal isih sanggup, wis dikandhani tapi tetep pacaran karo wong sing ora seiman, seneng ngritik petunjuk saka organisasi, seneng debat soal ajaran ing Alkitab, utawa seneng nyebarké gosip.—1 Kor. 7:39; 2 Kor. 6:14; 2 Tés. 3:11, 12; 1 Tim. 5:13.