BAHAN PELAJARAN PRIBADI LAN KELUARGA
Umaté Yéhuwah sing Setya Mesthi Nepati Janji
Wacanen Para Hakim 11:30-40 bèn isa belajar soal nepati janji saka kisahé Yéfta lan anaké wédok.
Pelajari tenanan ceritané. Piyé pandhangané wong Israèl sing setya soal janjiné karo Yéhuwah? (Wi. 30:2) Apa buktiné nèk Yéfta lan anaké wédok beriman karo Yéhuwah?—PH. 11:9-11, 19-24, 36.
Pelajari luwih akèh. Yéfta janji apa karo Yéhuwah? Sakjané, apa karepé Yéfta? (w16.04 5 ¶12) Bèn isa nepati janjiné karo Yéhuwah, Yéfta lan anaké wédok kudu nggawé pengorbanan apa? (w16.04 6-7 ¶14-16) Janji-janji apa sing isa waé digawé umaté Yéhuwah saiki?—w17.04 6-9 ¶10-19.
Golèkana pelajarané. Pikirna:
’Apa waé sing isa tak upayakké bèn isa nepati janji ngabdiku?’ ((w20.03 13 ¶20)
’Pengorbanan apa waé sing isa tak gawé bèn isa nglayani Yéhuwah luwih akèh?’
’Aku kudu piyé bèn isa terus nepati janji perkawinanku?’ (Mat. 19:5, 6; Éf. 5:28-33)