ARTIKEL PELAJARAN 9
LAGU 51 Ngabdi karo Yéhuwah
Ayo Ndang Dibaptis
”Apa manèh sing mbok entèni? Kowé kudu ndang dibaptis.”—KIS. 22:16.
INTI
Belajar saka contoné wong Samaria, Saul saka Tarsus, Kornélius, lan wong Korintus bèn tergerak kanggo ndang dibaptis.
1. Apa waé sing marakké wong gelem dibaptis?
ANA cara sing paling apik kanggo nduduhké nèk sayang banget karo Yéhuwah lan bener-bener bersyukur merga dikèki berkah, termasuk kehidupan. Carané yaiku nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Nèk wis dibaptis, njenengan bakal dadi anggota keluargané Yéhuwah. Merga njenengan wis dadi duwèké Yéhuwah, Yéhuwah bakal dadi Bapak lan Sahabat sing selalu siap nuntun lan nggatèkké njenengan. (Mzm. 73:24; Yés. 43:1, 2) Terus, merga nggawé janji ngabdi lan dibaptis, njenengan ya bakal nduwé kesempatan kanggo urip saklawasé.—1 Ptr. 3:21.
2. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
2 Isa waé, ana hal-hal sing marakké njenengan ragu-ragu kanggo ndang dibaptis. Ana akèh wong sing ya tau ngrasa kaya ngono. Tapi, sakwisé berupaya memenuhi syarat kanggo dibaptis lan ngubah tingkah lakuné, meréka saiki akhiré bahagia nglayani Yéhuwah. Ing artikel iki bakal dibahas contoné wong-wong pas jamané para rasul. Apa waé tantangan sing meréka adhepi lan apa sing isa dipelajari saka contoné meréka?
WONG SAMARIA
3. Tantangan apa waé sing mungkin kudu diatasi beberapa wong Samaria bèn isa dibaptis?
3 Pas jamané Yésus, wong Samaria kuwi wong-wong saka kelompok agama sing ana ing wilayah Syikhèm lan Samaria kuna, ing sebelah utarané Yudéa. Bèn isa dibaptis, meréka kudu ngatasi beberapa tantangan. Wong Samaria mung percaya karo kitab Purwaning Dumadi nganti Pangandharing Torèt, lan mungkin karo buku Yosua. Padahal nèk péngin dibaptis, meréka kudu percaya karo kabèh isiné Kitab Suci. Sakliyané kuwi, wong Samaria mémang percaya nèk Mésias bakal teka, kaya sing dijanjèkké Gusti Allah ing Pangandharing Torèt 18:18, 19. (Yoh. 4:25) Tapi bèn isa dibaptis, meréka kudu percaya nèk Mésiasé kuwi Yésus. Menurut Yohanes 4:39, ”akèh wong Samaria” gelem percaya. Terus, merga akèh-akèhé wong Kristen wektu kuwi latar belakangé Yahudi, wong Samaria kudu berjuang bèn ora sengit manèh karo meréka.—Luk. 9:52-54.
4. Menurut Kisah 8:5, 6, 14, piyé tanggepané beberapa wong Samaria karo berita sing disampèkké Filipus?
4 Apa sing marakké wong Samaria gelem dibaptis? Beberapa wong Samaria gelem ”nampa omongané Gusti Allah” wektu Filipus ”martakké soal Kristus” ing meréka. (Wacanen Kisah 8:5, 6, 14.) Filipus kuwi wong Yahudi, tapi wong Samaria ora mempermasalahkan latar belakangé Filipus. Mungkin meréka kèlingan ayat ing Kitab Suci sing nyebutké nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké. (PT. 10:17-19) Wong Samaria luwih fokus kanggo ”nggatèkké tenanan” berita sing disampèkké Filipus lan meréka ndelok dhéwé bukti nèk sing dilakukan Filipus bener-bener saka kuwasané Gusti Allah. Filipus ya nggawé akèh mukjijat, misalé marèkké wong lara lan ngusir roh jahat.—Kis. 8:7.
5. Saka contoné wong Samaria, apa sing isa dipelajari?
5 Sakjané, wong Samaria isa waé nolak Filipus merga dhèwèké wong Yahudi lan nolak beritané merga kuwi sesuatu sing anyar kanggo meréka. Tapi kenyataané ora ngono. Wong Samaria ora ragu-ragu kanggo dibaptis sakwisé yakin nèk sing diajarké Filipus kuwi sing bener. Ing Alkitab disebutké, ”Wektu Filipus martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah lan jenengé Yésus Kristus, akèh wong lanang lan wédok dadi percaya marang Filipus lan dibaptis.” (Kis. 8:12) Nah nèk njenengan durung dibaptis, apa njenengan yakin nèk isiné Alkitab kuwi sing bener, lan nèk Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngetrapké préntahé Yésus soal saling menyayangi? (Yoh. 13:35) Nèk iya, njenengan ora perlu ragu-ragu kanggo dibaptis. Yéhuwah mesthi bakal mberkahi njenengan.
6. Apa sing isa njenengan tiru saka pengalamané Ruben?
6 Gatèkna pengalamané Ruben saka Jerman. Kèt Ruben cilik, wong tuwané wis Seksi Yéhuwah. Tapi pas remaja, dhèwèké sempet ora yakin nèk Yéhuwah ana tenan. Ruben ngerti nèk kudu belajar luwih akèh soal kuwi. Terus, Ruben piyé? Ruben crita, ”Aku pelajaran pribadi kanggo nggolèki bukti-bukti bèn aku dadi ora ragu-ragu manèh. Bahkan topik soal évolusi kuwi nganti tak pelajari ping bola-bali.” Bar maca buku Apakah Ada Pencipta yang Mempedulikan Anda? Ruben dadi yakin nèk Yéhuwah mémang ana tenan. Sakliyané kuwi, Ruben ya ngunjungi kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing kana, Ruben ndelok dhéwé piyé para sedulur saka akèh negara padha rukun lan bersatu. Akhiré, Ruben dibaptis pas umur 17. Nèk saiki ana hal-hal sing marakké njenengan ragu-ragu, golèka bukti-bukti saka publikasi soal topik kuwi. Nèk éntuk ”pengetahuan sing bener”, njenengan ora bakal ragu-ragu manèh. (Éf. 4:13, 14) Terus, njenengan ya isa nggatèkké pengalamané para sedulur ing akèh negara sing nduduhké piyé meréka rukun lan bersatu. Njenengan ya isa ngrasakké kuwi ing jemaaté njenengan dhéwé. Kuwi mengko isa marakké njenengan péngin dadi Seksi Yéhuwah.
SAUL SAKA TARSUS
7. Pandhangan sing salah apa sing diduwèni Saul?
7 Ana wong lanang sing jenengé Saul saka Tarsus. Dhèwèké kuwi pinter banget soal Hukum Yahudi lan dianggep wong penting. (Gal. 1:13, 14; Flp. 3:5) Wektu kuwi, akèh wong Yahudi nganggep nèk dadi Kristen kuwi berarti murtad. Makané, Saul sengit banget karo wong Kristen lan bertékad nganiaya meréka. Wektu nganiaya wong Kristen, Saul mikir nèk dhèwèké lagi melakukan sing dikarepké Gusti Allah. (Kis. 8:3; 9:1, 2; 26:9-11) Nah, nèk Saul beriman karo Yésus lan dibaptis dadi wong Kristen, berarti dhèwèké ya bakalé dianiaya.
8. (a) Apa sing marakké Saul gelem dibaptis? (b) Menurut Kisah 22:12-16, piyé Ananias mbantu Saul? (Deloken gambar.)
8 Apa sing marakké Saul gelem dibaptis? Wektu kuwi, Yésus ngomong karo Saul saka swarga. Terus, ujug-ujug ana cahaya sing padhang banget sing marakké Saul dadi wuta. (Kis. 9:3-9) Selama telung dina, Saul pasa lan ngrenungké peristiwa kuwi. Saul dadi yakin nèk Yésus mémang Mésias lan sing dipercaya wong Kristen kuwi agama sing bener. Saul ya mesthi menyesal banget merga wis mèlu-mèlu ndhukung bèn Stéfanus dipatèni. (Kis. 22:20) Nah bar kuwi, ana muridé Yésus sing jenengé Ananias marani Saul. Dhèwèké marèkké Saul bèn ora wuta manèh lan ngongkon Saul bèn ndang dibaptis. (Wacanen Kisah 22:12-16.) Saul rendah hati gelem ngrungokké Ananias lan gelem dibaptis.—Kis. 9:17, 18.
Kaya Saul, nèk ana sing nyemangati njenengan bèn ndang dibaptis, apa njenengan gelem dibaptis? (Deloken paragraf 8)
9. Apa sing isa dipelajari saka contoné Saul?
9 Ana sing isa dipelajari saka contoné Saul. Saul akhiré gelem dibaptis merga dhèwèké rendah hati gelem ngubah tingkah lakuné bèn isa dadi muridé Yésus. Kuwi ora bakal isa kelakon nèk Saul terus sombong lan wedi karo pendapaté wong. (Kis. 26:14, 19) Bahkan meskipun ngerti nèk dhèwèké isa waé dianiaya, Saul tetep gelem dadi muridé Yésus. (Kis. 9:15, 16; 20:22, 23) Sakwisé dibaptis lan ngadhepi akèh tantangan, Saul ya terus ngendelké Yéhuwah. (2 Kor. 4:7-10) Nèk njenengan dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, njenengan ya isa waé ngadhepi tantangan. Tapi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu bèn njenengan isa tetep setya.—Flp. 4:13.
10. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Anna?
10 Gatèkna pengalamané Anna. Anna kuwi wong Kurdi ing Eropa Timur. Ibuné wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, tapi bapaké ora. Nah pas Anna umur 9, bapaké ngijinké Anna belajar Alkitab. Sing manggon sak omah karo Anna kuwi ora mung Anna karo bapak ibuné, tapi ya keluarga besaré. Menurut meréka, wong sing pindhah agama saka agama leluhur kuwi dianggep nggawé isin keluarga besar. Dadi wektu Anna belajar Alkitab, keluarga besaré ora seneng. Wektu Anna umur 12, Anna ngomong karo bapaké nèk dhèwèké péngin dibaptis. Bapaké takon apa kuwi mémang kepénginané Anna utawa ana sing meksa Anna. Anna njawab, ”Kuwi merga aku sayang Yéhuwah.” Akhiré, bapaké ngéntukké Anna dibaptis. Tapi bar dibaptis, keluarga besaré Anna padha ngécé lan njahati Anna. Bahkan mbahé ngomong, ”Isih mendhing kowé dadi wong sing kelakuané bejat utawa seneng ngrokok daripada kowé dadi Seksi Yéhuwah.” Terus Anna piyé? Dhèwèké crita, ”Yéhuwah selalu nulungi aku. Bapak ibuku ya selalu ndhukung aku.” Saben Anna ngrasakké bantuané Yéhuwah, kuwi mesthi ditulis karo Anna. Cathetané kuwi ya kerep diwaca karo Anna bèn dhèwèké selalu éling nèk Yéhuwah selalu nulungi dhèwèké. Nèk njenengan wedi bakal dianiaya, élinga nèk Yéhuwah ya isa nulungi njenengan.—Ibr. 13:6.
KORNÉLIUS
11. Apa sing isa waé marakké Kornélius ragu-ragu kanggo dibaptis?
11 Ing Alkitab ana conto liyané, yaiku Kornélius. Kornélius kuwi ”perwira pasukan” Romawi sing dadi kepala kanggo 100 tentara. (Kis. 10:1, cathetan ngisor) Merga jabatané, wong-wong padha menghormati dhèwèké, lan dhèwèké dianggep wong penting ing militèr. Kornélius ya ”seneng mbantu wong mlarat”. (Kis. 10:2) Yéhuwah ngongkon Rasul Pétrus kanggo ngandhani Kornélius soal kabar apik. Nah, apa merga jabatané kuwi Kornélius dadi ragu-ragu kanggo dibaptis?
12. Apa sing marakké Kornélius gelem dibaptis?
12 Apa sing marakké Kornélius gelem dibaptis? Ing Alkitab disebutké nèk ”Kornélius lan keluargané wedi marang Gusti Allah”. Kornélius ya rajin ndonga. (Kis. 10:2) Wektu krungu kabar apik saka Pétrus, Kornélius sak keluarga beriman karo Yésus lan langsung gelem dibaptis. (Kis. 10:47, 48) Kornélius mesthi gelem nggawé akèh penyesuaian bèn dhèwèké sak keluarga isa nglayani Yéhuwah.—Yos. 24:15; Kis. 10:24, 33.
13. Apa sing isa dipelajari saka contoné Kornélius?
13 Saul lan Kornélius kuwi wong-wong sing nduwé jabatan. Tapi, kuwi ora didadèkké alesan kanggo ora ndang dibaptis. Nah nèk njenengan piyé? Apa njenengan ya kudu nggawé penyesuaian sing gedhé bèn isa nglayani Yéhuwah? Nèk iya, yakina nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan lan mberkahi upayané njenengan kanggo nglayani Dhèwèké.
14. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Tsuyoshi?
14 Tsuyoshi saka Jepang kudu nggawé penyesuaian ing gawéané bèn isa dibaptis. Tsuyoshi kerja dadi asistèn kepala sekolah Ikenobo, yaiku sekolah seni merangkai bunga sing terkenal banget ing Jepang. Biasané saben ana pemakaman, kepala sekolah bakal merangkai bunga lan mèlu ritual upacara agama Buddha. Nah kuwi dadi masalah kanggo Tsuyoshi soalé nèk pas kepala sekolahé ora isa teka, Tsuyoshi sing kudu nggantèni lan mèlu ritual kuwi. Padahal sakwisé belajar Alkitab, Tsuyoshi ngerti sing bener soal wong mati. Dhèwèké ngerti nèk dhèwèké ora bakal isa dibaptis nèk mèlu-mèlu acara kaya ngono. Makané, dhèwèké bertékad ora gelem mèlu ritual kuwi manèh. (2 Kor. 6:15, 16) Akhiré, Tsuyoshi ngomongké soal kuwi ing kepala sekolahé. Ternyata kepala sekolahé ngomong nèk Tsuyoshi isih isa kerja ing kono lan ora perlu mèlu ritual kuwi. Akhiré, kira-kira setaun sakwisé mulai belajar Alkitab, Tsuyoshi dibaptis.a Nèk njenengan ya kudu nggawé penyesuaian soal gawéan bèn isa nglayani Yéhuwah, yakina nèk Yéhuwah mesthi bakal nyedhiakké kebutuhané njenengan lan keluarga.—Mzm. 127:2; Mat. 6:33.
WONG KORINTUS
15. Apa sing isa waé marakké wong Korintus ora ndang dibaptis?
15 Bèn isa dibaptis, wong-wong ing Korintus ya kudu berjuang tenanan ngatasi tantangan. Soalé, akèh-akèhé wong ing kono padha ngutamakké harta lan kelakuané bejat. Meréka melakukan hal-hal sing ora disenengi Gusti Allah. Tapi wektu Rasul Paulus nginjil ing Korintus lan nyritakké soal Yésus, ’ana akèh sing dadi wong percaya terus dibaptis’. (Kis. 18:7-11) Yésus ya tau nemoni Paulus lan ngomong, ”Akèh wong ing kutha iki bakal percaya karo aku.” Makané, Paulus terus nginjil ing kutha kuwi nganti siji setengah taun.
16. Apa sing marakké wong Korintus akhiré isa dibaptis? (2 Korintus 10:4, 5)
16 Apa sing marakké wong Korintus gelem dibaptis? (Wacanen 2 Korintus 10:4, 5.) Kuwi merga meréka ngetrapké isiné Alkitab lan dibantu kuwasané roh suci. (Ibr. 4:12) Kuwi sebabé, wong-wong sing mauné homosèks, seneng nyolong, lan seneng mabuk, bar nampa kabar apik soal Yésus, kelakuané saiki wis berubah lan ora kaya ngono manèh.—1 Kor. 6:9-11.b
17. Apa sing isa dipelajari saka wong Korintus?
17 Gatèkna nèk beberapa wong ing Korintus wis bertaun-taun nglakoni kebiasaan sing bejat. Tapi, kuwi ora dadi alesan kanggo meréka ora ndang dibaptis. Malah, meréka gelem berjuang kanggo ngatasi kebiasaan kuwi nganti seolah-olah kaya mlaku ing dalan sing sempit. (Mat. 7:13, 14) Nah, nèk saiki njenengan ya lagi berjuang ngatasi kebiasaan utawa tingkah laku sing ora nggenah, aja nyerah. Njaluka bantuané Yéhuwah. Roh suciné bakal mbantu njenengan bèn isa nolak kepénginan sing salah.
18. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Monika?
18 Bèn isa dibaptis, Monika saka Georgia berjuang tenanan bèn ora ngomongké kata-kata sing saru lan ora nonton utawa ngrungokké hiburan sing ora pantes. Monika ngomong, ”Sing marakké aku isa kuwat kanggo berjuang kuwi merga ndonga. Yéhuwah ngerti aku péngin melakukan sing bener. Makané, Dhèwèké selalu mbantu lan ndhukung aku.” Monika akhiré dibaptis umur 16. Apa saiki njenengan ya lagi berjuang ngatasi kepénginan utawa kebiasaan sing salah bèn isa dibaptis? Njaluka bantuané Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal murah hati ngekèki roh suciné kanggo mbantu njenengan berubah.—Yoh. 3:34.
IMAN SING ISA MINDHAHKÉ GUNUNG
19. Apa sing isa marakké njenengan berhasil ngatasi tantangan sing gedhéné kaya gunung? (Deloken gambar.)
19 Élinga nèk Yéhuwah sayang lan péngin banget njenengan dadi anggota keluargané. Tapi, nèk njenengan ngadhepi tantangan piyé? Yésus tau ngomong karo murid-muridé, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak biji sing cilik banget, kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Kowé bakal isa nindakké apa waé.” (Mat. 17:20) Wong-wong sing ngrungokké omongané Yésus wektu kuwi lagi beberapa taun dadi pengikuté Yésus. Dadi, imané meréka isih durung patia kuwat. Tapi, Yésus ngyakinké nèk meréka berupaya bèn imané tambah kuwat, Yéhuwah bakal mbantu meréka ngatasi tantangan, bahkan sing gedhéné kaya gunung. Nah, Yéhuwah ya bakal mbantu njenengan ngatasi tantangan apa waé bèn isa dibaptis.
Élinga nèk Yéhuwah sayang lan péngin banget njenengan dadi anggota keluargané (Deloken paragraf 19)c
20. Saka conto-conto sing wis dibahas ing artikel iki, sing endi sing paling berkesan kanggo njenengan?
20 Nèk wis ngerti hal apa sing marakké njenengan ora ndang dibaptis, njenengan kudu ndang ngupaya ngatasi kuwi. Gatèkna lan tirunen conto-conto saka jaman mbiyèn lan saiki, bèn njenengan isa terus semangat lan ora cilik ati. Muga-muga contoné meréka isa marakké njenengan tergerak kanggo ndang nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Kuwi keputusan sing paling apik.
LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
a Pengalamané Sedulur Tsuyoshi Fujii ditulis ing Sedarlah! 8 Agustus 2005, halaman 20-23.
b Deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Kenapa Njenengan Ora Ndang Dibaptis?
c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur-sedulur keplok-keplok lan nyambut para sedulur sing bar dibaptis.