ARTIKEL PELAJARAN 13
LAGU 4 ”Yéhuwah Kuwi Gembalaku”
Yéhuwah Selalu Siap Nulungi
”Apa Aku, Yéhuwah, ora isa nindakké kuwi?”—WI. 11:23.
INTI
Bèn tambah yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nyukupi kebutuhan matèriné awaké dhéwé.
1. Piyé Musa nduduhké imané wektu mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir?
ING buku Ibrani, ana akèh wong sing isa dadi conto merga nduwé iman sing gedhé. Salah sijiné Musa. (Ibr. 3:2-5; 11:23-25) Musa nduduhké imané wektu mimpin bangsa Israèl metu saka Mesir. Dhèwèké ora wedi karo Firaun lan tentarané sing kuwat. Wektu nyabrang Laut Merah lan selama ing padhang belantara, Musa ya bener-bener percaya karo Yéhuwah. (Ibr. 11:27-29) Musa yakin banget nèk Yéhuwah sanggup ngopèni meréka meskipun akèh-akèhé wong Israèl wektu kuwi wis mulai ora percaya. Kenyataané, Yéhuwah bener-bener terbukti ngekèki pangan, ombé, lan apa waé sing dibutuhké bangsa Israèl selama urip ing padhang belantara.a—Pa. 15:22-25; Mzm. 78:23-25.
2. Ngapa kok Yéhuwah nganti takon karo Musa, ”Apa Aku, Yéhuwah, ora isa nindakké kuwi”? (Wilangan 11:21-23)
2 Meskipun imané kuwat, kira-kira setaun sakwisé bangsa Israèl dibébaské saka Mesir, Musa mulai ragu apa Yéhuwah sanggup ngekèki daging kanggo wong Israèl. Wektu kuwi, jumlahé wong Israèl ana akèh banget. Terus, ing padhang belantara ya angèl nggolèk panganan. Piyé carané Yéhuwah nyedhiakké daging kanggo meréka? Yéhuwah ngomong ngéné karo Musa, ”Apa Aku, Yéhuwah, ora isa nindakké kuwi?” (Wacanen Wilangan 11:21-23.) Ing tèks asli Ibraniné, kata-katané Yéhuwah kuwi diterjemahké dadi, ”Apa tanganku kurang dawa?” Kata ”tangan” kuwi maksudé roh suci utawa kuwasané Yéhuwah. Dadi, Yéhuwah seolah-olah ngomong, ’Apa kuwasa utawa roh suci-Ku ora isa nindakké kuwi?’
3. Ngapa kok pengalamané Musa lan wong Israèl kuwi apik kanggo dipelajari?
3 Apa njenengan ya tau ragu Yéhuwah isa nyukupi kebutuhan matèriné njenengan sak keluarga? Ing artikel iki ayo mbahas pengalamané Musa lan wong Israèl sing ya tau ngrasa kaya ngono. Mengko ya bakal dibahas beberapa pathokan ing Alkitab bèn tambah yakin nèk Yéhuwah selalu siap nulungi.
SING ISA DIPELAJARI SAKA MUSA LAN WONG ISRAÈL
4. Piyé critané wong Israèl mulai ragu Yéhuwah isa nyedhiakké kebutuhané meréka?
4 Akèh wong Israèl mulai ragu Yéhuwah isa nyedhiakké sing meréka butuhké. Piyé critané? Wektu metu saka Mesir arep ing Tanah Perjanjian, ana ”wong-wong saka bangsa liya” sing mèlu bangsa Israèl. (Pa. 12:38; PT. 8:15) Sakwisé beberapa waktu ing padhang belantara, wong-wong saka bangsa liya kuwi ngomong nèk wis bosen mangan manna. Akèh wong Israèl ya mulai mèlu-mèlu sambat soal kuwi. (Wi. 11:4-6) Meréka ngomong nèk péngin banget mangan panganan sing mbiyèn tau dipangan pas ing Mesir. Kuwi marakké Musa ngrasa nèk dhèwèké sing kudu nyedhiakké daging kanggo meréka.—Wi. 11:13, 14.
5-6. Bangsa Israèl dadi ora nduwé rasa maturnuwun merga mèlu-mèlu wong-wong saka bangsa liya. Apa sing isa dipelajari?
5 Wong-wong saka bangsa liya ora nduwé rasa maturnuwun karo sing wis disedhiakké Yéhuwah. Nah suwé-suwé, wong Israèl ya dadi mèlu-mèlu. Padha kaya kuwi, merga akèh wong saiki ora nduwé rasa maturnuwun, awaké dhéwé ya isa waé dadi mulai ora menghargai sing wis disedhiakké Yéhuwah. Mungkin dadi péngin nduwé utawa ngrasakké manèh hal-hal sing mbiyèn tau diduwèni. Utawa, mungkin mulai mèri karo sing diduwèni wong liya. Sakjané, nèk berupaya ngrasa puas karo sing wis diduwèni saiki, awaké dhéwé bakal luwih bahagia.
6 Wong Israèl kuduné éling nèk janjiné Yéhuwah soal kelimpahan matèri kuwi kelakoné lagi mengko ing Tanah Perjanjian, dudu selama perjalanan ing padhang belantara. Padha kaya ngono, timbang mikirké hal-hal sing ora isa diduwèni saiki, awaké dhéwé bakal luwih bahagia nèk ngrenungké janjiné Yéhuwah sukmbèn ing donya anyar. Nah, bèn tambah percaya janjiné Yéhuwah, isa ngrenungké ayat-ayat ing Alkitab.
7. Apa sing marakké yakin nèk Yéhuwah mesthi selalu isa nulungi?
7 Wektu Yéhuwah nakoni Musa, ”Apa Aku, Yéhuwah, ora isa nindakké kuwi?”, Yéhuwah mungkin péngin Musa mikir loro hal iki: (1) Kuwasané Yéhuwah ora ana entèké. (2) Kuwasané Yéhuwah isa menjangkau umaté ing endi waé. Bahkan wektu wong Israèl ana ing tengah-tengah padhang belantara, Yéhuwah isa nyedhiakké akèh banget daging kanggo meréka. Yéhuwah isa nulungi umaté ”nganggo kuwasa lan kekuwatané sing gedhé”. (Mzm. 136:11, 12) Dadi wektu ngadhepi kesulitan, yakina nèk Yéhuwah mesthi selalu isa nulungi saben umaté.—Mzm. 138:6, 7.
8. Piyé bèn aja nganti dadi kaya wong Israèl? (Deloken gambar.)
8 Yéhuwah nepati janjiné. Dhèwèké ngekèki akèh banget manuk puyuh. Wong Israèl ora maturnuwun, tapi malah dadi srakah. Wis sedina sewengi nglumpukké manuk puyuh, sésuké meréka isih nglumpukké manèh sak akèh-akèhé. Yéhuwah dadi nesu lan nyebut meréka ”wong-wong rakus”. Terus, meréka dihukum. (Wi. 11:31-34) Saka kisah kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk aja nganti dadi srakah. Ora soal sugih utawa mlarat, sing kudu diutamakké kuwi nglumpukké ”harta ing swarga”. Kuwi berarti kudu berupaya bèn hubungané karo Yéhuwah lan Yésus saya suwé saya akrab. (Mat. 6:19, 20; Luk. 16:9) Nèk wis melakukan kuwi, mengko isa yakin nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhan matèriné awaké dhéwé.
Saka tanggepané wong Israèl wektu dikèki manuk puyuh, apa sing isa dipelajari? (Deloken paragraf 8)
9. Awaké dhéwé isa yakin soal apa?
9 Yéhuwah ya siap nulungi umaté saiki. Tapi, kuwi ora berarti umaté ora bakal ngalami masalah ékonomi utawa kelaparan.b Sing pasti, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. Ora soal masalah apa sing diadhepi, Yéhuwah mesthi bakal nguwatké lan ndhukung. Nah, piyé isa mbuktèkké nèk percaya Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé? Ayo mbahas loro situasi iki: (1) wektu ngadhepi masalah keuangan, lan (2) wektu ngrencanakké soal keuangan dienggo sukmbèn pas wis tuwa.
WEKTU NGADHEPI MASALAH KEUANGAN
10. Awaké dhéwé isa ngadhepi masalah keuangan apa waé?
10 Akhir donya iki saya suwé saya cedhak. Dadi, masalah ékonomi mesthi bakal tambah parah. Merga kondhisi politik sing ora stabil, perang, bencana alam, utawa pandemi, isa waé awaké dhéwé ngerti-ngerti di-PHK, hartané entèk, utawa ora nduwé tempat tinggal manèh. Bèn isa nyukupi kebutuhan saben dina, awaké dhéwé mungkin kudu nggolèk gawéan anyar utawa bahkan sak keluarga kudu pindhah ing panggonan liya. Nah, piyé bèn isa nggawé keputusan sing nduduhké nèk percaya Yéhuwah selalu siap nulungi?
11. Apa waé sing isa dilakukan wektu ngadhepi masalah keuangan? (Lukas 12:29-31)
11 Sing terutama kudu dilakukan kuwi nyritakké kabèh sing dikuwatirké karo Yéhuwah. (WB. 16:3) Ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa wicaksana nggawé keputusan, tetep tenang, lan ora ”terlalu kuwatir”. (Wacanen Lukas 12:29-31.) Terus, njaluka Yéhuwah mbantu bèn isa ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni. (1 Tim. 6:7, 8) Sakliyané kuwi ya isa riset saka publikasi soal carané ngatasi masalah keuangan. Akèh sing wis ngrasakké dhéwé manfaaté ngetrapké saran-saran saka artikel utawa vidéo ing jw.org soal masalah keuangan.
12. Pertanyaan apa waé sing isa dipikirké bèn isa nggawé keputusan sing apik soal gawéan?
12 Ana sing mutuské nampa gawéan sing marakké meréka adoh saka keluarga, tapi akhiré menyesal. Dadi sakdurungé nampa gawéan, aja mung mikirké mengko gajiné pira. Tapi ya kudu mikirké dampaké kanggo hubungané njenengan lan keluarga karo Yéhuwah. (Luk. 14:28) Pikirna, ’Nèk aku adoh saka bojoku, mengko piyé hubunganku karo dhèwèké? Apa aku isih isa rutin ngibadah, nginjil, lan bergaul karo para sedulur?’ Nèk wis nduwé anak, pikirna, ’Nèk aku ora ing omah, apa aku bakal tetep isa ndhidhik anakku ”sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah”?’ (Éf. 6:4) Wektu arep nggawé keputusan, pikirna pandhangané Yéhuwah, dudu omongan utawa pendapaté keluarga utawa kanca sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab.c Toni sing manggon ing Asia bagian barat éntuk beberapa tawaran gawéan sing gajiné gedhé ing luar negeri. Bar ndonga lan mbahas karo bojoné, Toni mutuské kanggo nolak tawaran-tawaran kuwi lan berupaya bèn sak keluarga urip luwih sederhana. Toni crita, ”Merga nggawé keputusan kuwi, aku isa mbantu akèh wong kenal Yéhuwah. Anak-anakku ya semangat nglayani Yéhuwah. Kami wis ngrasakké dhéwé nèk selama kami ngetrapké kata-katané Yésus ing Matius 6:33, Yéhuwah mesthi ngopèni kami.”
WEKTU NGRENCANAKKÉ SOAL KEUANGAN DIENGGO SUKMBÈN PAS WIS TUWA
13. Apa sing isa dilakukan saiki bèn sukmbèn pas wis tuwa kebutuhan matèriné ya tetep tercukupi?
13 Wektu nggawé rencana soal keuangan dienggo sukmbèn pas wis tuwa, awaké dhéwé ya isa mbuktèkké nèk percaya Yéhuwah selalu siap nulungi. Mémang, ing Alkitab awaké dhéwé dikon kerja keras bèn kebutuhan matèriné sukmbèn isa tercukupi. (WB. 6:6-11) Terus, apik nèk ya isa nabung. Soalé nèk pas butuh, dhuwit kuwi bermanfaat. (Pkh. 7:12) Tapi, aja nganti nggolèk dhuwit dadi hal sing paling diutamakké.
14. Wektu nggawé rencana soal keuangan dienggo sukmbèn, ngapa kok perlu ngrenungké Ibrani 13:5?
14 Ing perumpamaané, Yésus nyritakké soal wong sing nglumpukké dhuwit akèh tapi ora melakukan hal-hal sing penting menurut Yéhuwah. Yésus nyebut wong kuwi bodho. (Luk. 12:16-21) Ora ana sing isa ngerti apa sing bakal kelakon. (WB. 23:4, 5; Yak. 4:13-15) Yésus ya wis ngomong nèk kabèh sing péngin dadi muridé kudu siap ’ninggalké kabèh hartané’. (Luk. 14:33) Wong Kristen ing Yudéa pas jamané para rasul wis ngalami kuwi. Meskipun kélangan hartané, meréka tetep bahagia. (Ibr. 10:34) Jaman saiki ya ana akèh sedulur sing réla kélangan gawéan utawa harta merga ora gelem mèlu-mèlu politik. (Why. 13:16, 17) Meréka yakin tenan karo janjiné Yéhuwah, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.” (Wacanen Ibrani 13:5.) Mémang, apik nèk nggawé rencana soal keuangan dienggo sukmbèn. Tapi, nèk ana peristiwa sing ora disangka-sangka, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal ndhukung.
15. Apa sing kudu diéling-éling wong tuwa? (Deloken gambar.)
15 Ing beberapa budaya, tujuané wong nduwé anak kuwi bèn sukmbèn pas wis tuwa ana sing ngopèni. Dadi, sukmbèn meréka wis ora perlu susah-susah manèh mikirké kebutuhan matèriné. Tapi, ing Alkitab disebutké nèk wong tuwa sing kuduné nyukupi kebutuhan matèriné anak-anaké. (2 Kor. 12:14) Ya mémang saya tuwa wong tuwa butuh dibantu anak-anaké, lan anak-anak ya seneng isa mbantu wong tuwa. (1 Tim. 5:4) Tapi wong tuwa kudu éling, nèk meréka bakal luwih bahagia nèk tujuané nggedhèkké anak kuwi bèn anak-anak nglayani Yéhuwah, dudu bèn sukmbèn nyukupi kebutuhan matèriné wong tuwané.—3 Yoh. 4.
Nèk percaya Yéhuwah, suami istri bakal manut pathokan ing Alkitab wektu nggawé keputusan kanggo uripé pas wis tua (Deloken paragraf 15)d
16. Bèn anak-anak mengko isa nyukupi kebutuhané dhéwé, apa sing isa diupayakké wong tuwa? (Éfésus 4:28)
16 Liwat teladan, duduhna nèk njenengan ngendelké Yéhuwah. Tapi, njenengan ya kudu ngajari bèn anak-anak isa nyukupi kebutuhané dhéwé. Kèt cilik, latihen bèn meréka seneng kerja keras. (WB. 29:21; wacanen Éfésus 4:28.) Bantunen bèn meréka sekolahé tenanan lan ora males-malesan. Njenengan ya isa riset pathokan ing Alkitab kanggo mbantu anak-anak bèn isa nggawé keputusan sing bener soal pendidikané. Tujuané wong tuwa kuwi bèn anak-anak mengkoné isa nglayani Yéhuwah luwih akèh, tapi ya tetep mandiri utawa isa nyukupi kebutuhané dhéwé.
17. Awaké dhéwé isa yakin soal apa?
17 Wong-wong sing ngendelké Yéhuwah isa yakin nèk Yéhuwah sanggup lan gelem nyukupi kebutuhan matèriné meréka. Merga akhir donya iki saya cedhak, awaké dhéwé kudu semakin ngendelké Yéhuwah. Ora soal apa sing kelakon, ayo bertékad kanggo terus percaya nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nyukupi kebutuhané umaté. Kuwasané Yéhuwah kuwi ora ana entèké lan isa menjangkau umaté ing endi waé.
LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah
a Deloken ”Pertanyaan saka Pembaca” ing Warta Penting Oktober 2023.
b Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 September 2014.
c Deloken artikel ”Tak Seorang Pun Dapat Melayani Dua Majikan” ing Menara Pengawal 15 April 2014.
d PENJELASAN GAMBAR: Ana sedulur lanang karo bojoné sing nduwé anak wédok. Meréka lagi videocall-an. Anaké kuwi nglayani ing proyèk pembangunan Balai Ibadah bareng karo bojoné.