PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 April hlm. 2-7
  • ”Pilihen Dhéwé Sapa sing Arep Mbok Layani”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Pilihen Dhéwé Sapa sing Arep Mbok Layani”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA KOK YÉSUS MILIH NGLAYANI YÉHUWAH?
  • NGAPA KOK YÉHUWAH PANTES DISEMBAH?
  • NGAPA KOK AWAKÉ DHÉWÉ MILIH NGLAYANI YÉHUWAH?
  • TERUS NGLAYANI YÉHUWAH
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Yéhuwah ”Nambani Wong sing Lara Ati”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 April hlm. 2-7

ARTIKEL PELAJARAN 14

LAGU 8 Yéhuwah sing Nglindhungi

”Pilihen Dhéwé Sapa sing Arep Mbok Layani”

”Aku lan keluargaku bakal nglayani Yéhuwah.”—YOS. 24:15.

INTI

Bèn terus éling ngapa kok milih nglayani Yéhuwah.

1. Bèn isa bener-bener bahagia, manungsa kudu piyé, lan apa sebabé? (Yésaya 48:​17, 18)

YÉHUWAH sayang banget karo manungsa. Dhèwèké péngin manungsa bahagia ora mung saiki tapi nganti sukmbèn. (Pkh. 3:​12, 13) Wektu diciptakké, manungsa dikèki akèh kesanggupan sing luar biasa. Tapi, manungsa ora dikèki kesanggupan kanggo nentokké dhéwé dalané utawa apa sing bener lan sing salah. (Pkh. 8:9; Yér. 10:23) Yéhuwah ngerti nèk bèn bener-bener bahagia, manungsa kudu nglayani lan manut Dhèwèké.—Wacanen Yésaya 48:​17, 18.

2. Menurut Sétan, manungsa isa bahagia nèk piyé, lan apa sing dilakukan Yéhuwah kanggo mbuktèkké nèk omongané Sétan kuwi ora bener?

2 Sétan péngin manungsa mikir nèk manungsa isa bahagia tanpa tuntunané Yéhuwah. (PD. 3:​4, 5) Kanggo mbuktèkké nèk omongané Sétan ora bener, selama beberapa waktu, Yéhuwah ngejarké manungsa nggolèk dalan dhéwé. Tapi kenyataané, manungsa ora isa urip dhéwé tanpa Yéhuwah. Nah sewaliké, ing Alkitab ana akèh contoné wong-wong sing bahagia merga nglayani Yéhuwah. Sing paling bahagia kuwi Yésus Kristus. Makané, ing artikel iki bakal dibahas ngapa kok Yésus milih nglayani Yéhuwah, ngapa kok Yéhuwah pantes disembah, lan ngapa kok awaké dhéwé milih nglayani Yéhuwah.

NGAPA KOK YÉSUS MILIH NGLAYANI YÉHUWAH?

3. Sétan nawani apa, tapi Yésus milih apa?

3 Selama ing bumi, Yésus selalu terbukti milih nglayani Yéhuwah. Misalé, ora suwé bar Yésus dibaptis, Sétan nemoni Yésus lan nawani kabèh kerajaan ing bumi kanggo Yésus. Tapi syaraté, Yésus kudu gelem nyembah Sétan sepisan waé. Yésus njawab, ”Lungaa, Sétan! Merga Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’” (Mat. 4:​8-10) Ngapa kok Yésus milih nglayani Yéhuwah?

4-5. Apa waé alesané Yésus milih nglayani Yéhuwah?

4 Alesan sing terutama kuwi merga Yésus bener-bener sayang Yéhuwah. (Yoh. 14:31) Yésus ya ngerti nèk sing bener kuwi kuduné nglayani Yéhuwah. (Yoh. 8:​28, 29; Why. 4:11) Yésus kenal banget Yéhuwah kuwi kaya apa. Yésus ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing ngekèki urip, Yéhuwah isa dipercaya, lan murah hati. (Mzm. 33:4; 36:9; Yak. 1:17) Yéhuwah ora tau ngapusi Yésus, lan kabèh sing diduwèni Yésus asalé saka Yéhuwah. (Yoh. 1:14) Yésus ya ngerti Sétan kuwi kaya apa. Sétan béda banget karo Yéhuwah. Sétan wis marakké manungsa dosa lan mati. Sétan kuwi tukang ngapusi, srakah, lan égois. (Yoh. 8:44) Makané, Yésus ora gelem kaya Sétan sing malah mbrontak nglawan Yéhuwah.—Flp. 2:​5-8.

5 Alesan liyané kuwi merga Yésus ngerti apa hasilé sukmbèn nèk dhèwèké milih nglayani Yéhuwah. (Ibr. 12:2) Nèk Yésus terus setya, sukmbèn jeneng Yéhuwah bakal disucèkké, terus dhèwèké ya isa dadi sarana bèn manungsa ora dosa lan mati manèh.

NGAPA KOK YÉHUWAH PANTES DISEMBAH?

6-7. Ngapa kok akèh wong saiki ora nglayani Yéhuwah, lan ngapa kok mung Yéhuwah sing pantes disembah?

6 Akèh wong saiki ora nglayani Yéhuwah merga durung kenal Yéhuwah. Meréka ora ngerti sifat-sifaté Yéhuwah sing luar biasa lan ora ngerti hal-hal sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo meréka. Meréka kaya wong-wong sing ditemoni Paulus wektu nginjil ing Athéna.—Kis. 17:​19, 20, 30, 34.

7 Paulus ngandhani wong-wong Athéna nèk Gusti Allah sing bener ”mènèhi urip lan napas marang kabèh wong”. Paulus ya ngomong, ”Awaké dhéwé isa urip, obah, lan ana kuwi merga Dhèwèké.” Yéhuwah kuwi Pencipta. ”Saka wong siji, Dhèwèké nggawé kabèh bangsa”, makané mung Yéhuwah sing pantes disembah.—Kis. 17:​25, 26, 28.

8. Yéhuwah ora bakal ngapa, lan piyé Dhèwèké mbuktèkké nèk sayang banget karo manungsa?

8 Meskipun Yéhuwah kuwi Pencipta lan sing berhak mréntah, Yéhuwah ora tau meksa wong nglayani Dhèwèké. Malah, Yéhuwah ngekèki akèh bukti sing nduduhké nèk Dhèwèké bener-bener ana lan sayang banget karo saben wong. Yéhuwah péngin sak akèh-akèhé wong dadi kancané kanggo saklawasé. (1 Tim. 2:​3, 4) Makané, Yéhuwah nglatih umaté kanggo ngandhani wong-wong soal karepé lan sing bakal Dhèwèké lakukan kanggo manungsa. (Mat. 10:​11-13; 28:​19, 20) Yéhuwah ya ngumpulké umaté sak donya bèn nggabung ing jemaat-jemaat. Terus, Yéhuwah ngekèki para pinituwa kanggo nggatekké umaté.—Kis. 20:28.

9. Piyé Yéhuwah mbuktèkké nèk sayang karo kabèh wong?

9 Bahkan kanggo wong-wong sing ora percaya nèk Gusti Allah ana tenan, Yéhuwah tetep mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo meréka. Pikirna: Selama éwonan taun, akèh wong ora gelem manut Yéhuwah tapi malah milih urip sak karepé dhéwé. Tapi, Yéhuwah tetep ngekèki sing meréka butuhké bèn isa terus urip lan menikmati uripé. (Mat. 5:​44, 45; Kis. 14:​16, 17) Merga Yéhuwah, meréka isa ngrasakké kasih sayang saka keluarga lan kanca, isa nduwé anak, lan isa menikmati hasil kerja kerasé. (Mzm. 127:3; Pkh. 2:24) Kuwi kabèh bukti nèk Yéhuwah sayang karo saben wong. (Pa. 34:6) Saiki, ayo mbahas apa waé alesané ngapa kok awaké dhéwé milih nglayani Yéhuwah lan apa waé berkahé.

NGAPA KOK AWAKÉ DHÉWÉ MILIH NGLAYANI YÉHUWAH?

10. (a) Awaké dhéwé gelem nglayani Yéhuwah terutama merga apa? (Matius 22:37) (b) Bar ngerti nèk Yéhuwah gelem memahami lan ngampuni njenengan, piyé perasaané njenengan? (Mazmur 103:​13, 14)

10 Kaya Yésus, awaké dhéwé nglayani Yéhuwah terutama merga sayang banget karo Yéhuwah. (Wacanen Matius 22:37.) Awaké dhéwé gelem nyedhak merga ngerti sifat-sifaté Yéhuwah sing luar biasa. Misalé, Yéhuwah seneng ngampuni. Wektu wong Israèl ora manut, Yéhuwah nganti njaluk, ”Tulung mertobata saka tumindakmu sing èlèk”. (Yér. 18:11) Yéhuwah ngerti nèk manungsa kuwi ora sempurna. (Wacanen Mazmur 103:​13, 14.) Wektu ngrenungké ping pira Yéhuwah ngampuni njenengan, mesthi njenengan dadi péngin nglayani Dhèwèké saklawasé, ta?

11. Apa manèh alesané awaké dhéwé milih nglayani Yéhuwah?

11 Alesan liyané nglayani Yéhuwah kuwi merga ngerti nèk sing bener kuwi mémang kuduné nglayani Yéhuwah. (Mat. 4:10) Terus, nèk setya nglayani Yéhuwah, bakal ana hasil-hasil sing apik. Awaké dhéwé isa nyucèkké jeneng Yéhuwah, mbuktèkké nèk Sétan ngapusi, lan isa nggawé Yéhuwah seneng. Sakliyané kuwi, nèk saiki milih nglayani Yéhuwah, mengko ya bakal éntuk kesempatan nglayani Dhèwèké nganti saklawasé.—Yoh. 17:3.

12-13. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Yeni karo Peni?

12 Kèt isih cilik, bocah-bocah isa diajari bèn berupaya sayang karo Yéhuwah. Nah mengko pas meréka saya gedhé, rasa sayangé ya dadi semakin kuwat. Gatèkna pengalamané kakang adhi sing jenengé Yeni karo Peni.a Meréka mulai belajar Alkitab wektu Yeni umur 11 lan Peni umur 10. Wong tuwané ora gelem belajar Alkitab, tapi meréka ngijinké Yeni karo Peni belajar karo Seksi Yéhuwah, asalkan saben minggu tetep mèlu ing gréja. Yeni crita, ”Merga belajar Alkitab karo Seksi Yéhuwah, aku dadi wani nolak wektu dijak kanca-kancaku nganggo narkoba utawa nglakoni hubungan sèks sing ora pantes.”

13 Beberapa taun bar kuwi, Yeni karo Peni dibaptis. Terus, meréka mulai merintis. Wektu wong tuwané saya tuwa, meréka ngopèni wong tuwané karo terus merintis. Wektu ngéling-ngéling pengalamané mbiyèn, Yeni crita, ”Aku wis ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah selalu nggatekké sahabat-sahabaté kaya sing disebutké ing 2 Timotius 2:​19, ’Yéhuwah ngerti wong-wong sing dadi duwèké.’” Dadi, njenengan ya isa yakin nèk Yéhuwah selalu nggatekké wong-wong sing milih nglayani lan sayang karo Dhèwèké.

14. Piyé awaké dhéwé isa mbéla Yéhuwah? (Deloken gambar.)

14 Awaké dhéwé mesthi péngin wong-wong ngerti sing bener soal Yéhuwah. Perumpamaané ngéné: Nèk kanca akrabé njenengan ditudhuh ora jujur lan kejem, padahal njenengan ngerti dhéwé nèk wongé kuwi apikan, murah hati, lan seneng ngampuni, mesthi njenengan bakal mbéla dhèwèké, ta? Nah padha kaya ngono, Sétan lan akèh wong saiki ngomongké sing ora bener soal Yéhuwah. Awaké dhéwé mesthi péngin mbéla Yéhuwah lan nyritakké sing bener soal Dhèwèké. (Mzm. 34:1; Yés. 43:10) Dadi, liwat omongan lan perbuatan, awaké dhéwé isa nduduhké nèk milih nglayani lan sayang karo Yéhuwah.

Gambar: 1. Wong wédok ndelok wong-wong murtad padha démo ing ngarep gedhung pertemuan rohaniné Seksi Yéhuwah. 2. Bar kuwi, wong wédok mau omong-omongan karo sepasang suami istri sing lagi jaga gerai.

Apa njenengan gelem mbéla Yéhuwah? (Deloken paragraf 14)b


15. Berkah apa waé sing dirasakké Rasul Paulus merga gelem nggawé penyesuaian? (Filipi 3:​7, 8)

15 Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng utawa isa nglayani luwih akèh, awaké dhéwé mesthi réla nyesuaikké cita-cita lan rencana. Gatèkna contoné Rasul Paulus. Meskipun nduwé kedudukan sing penting ing agama Yahudi, tapi Paulus réla ninggalké kuwi bèn isa dadi muridé Yésus lan nglayani Yéhuwah. (Gal. 1:14) Berkahé, dhèwèké éntuk akèh pengalaman sing nyenengké selama nglayani Yéhuwah lan nduwé kesempatan kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga. Paulus ora tau menyesal wis milih nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé ya mesthi kaya ngono.—Wacanen Filipi 3:​7, 8.

16. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Yulia? (Deloken gambar.)

16 Nèk ngutamakké nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé ya bakal éntuk berkah ora mung saiki tapi ya sukmbèn. Gatèkna pengalamané Sedulur Yulia. Kèt cilik, Yulia kerep mèlu paduan suara ing gréja. Merga pinter nyanyi, akhiré Yulia dilatih kanggo dadi penyanyi opera profésional. Yulia akhiré dadi terkenal lan kerep tampil ing pertunjukan musik sing terkenal. Nah wektu sekolah ing akademi musik, ana kancané sing nyritani dhèwèké soal Gusti Allah lan ngandhani nèk Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah. Ora suwé bar kuwi, Yulia mulai belajar Alkitab seminggu ping pindho. Akhiré, Yulia milih nglayani Yéhuwah timbang neruské karier musiké. Kuwi keputusan sing ora gampang. Yulia ngomong, ”Akèh sing ngelokké merga aku milih nglayani Yéhuwah lan ora milih karier nyanyiku.” Keputusan kuwi wis digawé 30 taun mbiyèn, tapi apa sing dirasakké Yulia nganti saiki? Dhèwèké ngomong, ”Aku seneng merga wis milih nglayani Yéhuwah. Aku yakin nèk sukmbèn kabèh sing tak pénginké mesthi bakal diwujudké Yéhuwah.”—Mzm. 145:16.

Gambar: Adegan ulang sing nduduhké apa sing diupayakké Yulia. 1. Dhèwèké nyanyi ing panggung lan ditonton wong akèh. 2. Dhèwèké nyanyi karo bojoné pas pertemuan ibadah.

Nèk ngutamakké nglayani Yéhuwah, mesthi bakal bahagia lan puas (Deloken paragraf 16)c


TERUS NGLAYANI YÉHUWAH

17. Omongané Rasul Paulus ing Ibrani 10:37 kuwi berarti apa kanggo wong sing wis nglayani Yéhuwah lan durung?

17 Donya iki sedhéla manèh bakal disingkirké. Rasul Paulus nulis, ”’Sedhéla manèh’, ’sing bakal teka bakal tekan lan ora bakal telat.’” (Ibr. 10:37) Kuwi artiné apa? Kanggo sing durung milih nglayani Yéhuwah, kudu éling nèk wektuné mung tinggal sithik. Dadi, meréka kudu ndang nggawé keputusan. (1 Kor. 7:29) Terus, kanggo sing wis nglayani Yéhuwah tapi lagi ngadhepi akèh tantangan utawa masalah, isa éling nèk kuwi mung tinggal ”sedhéla manèh”.

18. Yésus lan Yéhuwah pénginé awaké dhéwé piyé?

18 Yésus ora mung ngongkon awaké dhéwé dadi muridé, tapi ya terus ngetutké dhèwèké. (Mat. 16:24) Nèk saiki wis nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun, terusa setya. Mémang wektu nglayani Yéhuwah, ana akèh sing kudu diupayakké utawa dikorbanké. Mungkin kuwi ora gampang. Tapi, kudu terus éling nèk awaké dhéwé bakal bahagia lan éntuk akèh berkah, bahkan saiki.—Mzm. 35:27.

19. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Glen?

19 Ana sing ngrasa nèk nglayani Yéhuwah kuwi marakké dadi ora bébas. Cah-cah enom, apa kowé ya tau ngrasa kaya ngono? Ana cah lanang sing jenengé Glen ngomong, ”Aku tau ngrasa nèk dadi Seksi Yéhuwah kuwi kakèhan larangan. Aku ora isa seneng-seneng, pésta, pacaran, utawa main game kekerasan. Padahal kanca-kancaku menikmati kuwi. Wektuku malah akèh-akèhé dienggo ngibadah lan nginjil.” Merga mikir kaya ngono, Glen akhiré dadi piyé? Dhèwèké crita, ”Ing ngarepé para sedulur, aku tetep kétok apik. Tapi ing mburi, aku mulai niru kelakuané kanca-kancaku. Awalé aku ngrasa seneng, tapi sakjané aku ora bener-bener bahagia. Akhiré, aku mulai mikirké manèh manfaaté nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab. Terus, aku bertékad arep luwih tenanan manèh nglayani Yéhuwah. Sejak kuwi aku ngrasa nèk Yéhuwah selalu njawab dongaku.”

20. Apa tékadé njenengan?

20 Sing nulis Mazmur ngomong, ”Wong sing mbok pilih lan mbok jak nyedhak marang Njenengan bèn isa manggon ing omah-Mu mesthi bakal bahagia.” (Mzm. 65:4) Muga-muga awaké dhéwé nduwé tékad kaya Yosua sing ngomong, ”Aku lan keluargaku bakal nglayani Yéhuwah.”—Yos. 24:15.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok Yésus milih nglayani Yéhuwah?

  • Ngapa kok Yéhuwah pantes disembah?

  • Ngapa kok njenengan milih nglayani Yéhuwah?

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b PENJELASAN GAMBAR: Bar ndelok wong-wong padha démo ing ngarep gedhung pertemuan rohaniné Seksi Yéhuwah, wong wédok marani rak beroda. Ing kono ana sedulur wédok sing ngandhani dhèwèké ajaran sing bener saka Alkitab.

c PENJELASAN GAMBAR: Adegan ulang. Gambar-gambar sing nduduhké apa sing diupayakké Yulia bèn isa nglayani Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim