PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 April hlm. 8-13
  • ”Nyedhak marang Gusti Allah” Kuwi Hal sing Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Nyedhak marang Gusti Allah” Kuwi Hal sing Apik
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” ISA MARAKKÉ BAHAGIA
  • ”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” ISA MARAKKÉ URIP LUWIH BERMAKNA LAN DADI NDUWÉ HARAPAN
  • CARANÉ BÈN ISA TERUS”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH”
  • TETEP ISA ”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” MESKIPUN TAU NGGAWÉ KESALAHAN
  • ”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” NGANTI SAKLAWASÉ
  • Isa Cedhak karo Para Sedulur Kuwi Hal sing Apik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Carané Ngatasi Perasaan Ragu-Ragu
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 April hlm. 8-13

ARTIKEL PELAJARAN 15

LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku

”Nyedhak marang Gusti Allah” Kuwi Hal sing Apik

”Kanggoku, nyenengké banget isa nyedhak marang Gusti Allah.”—MZM. 73:28.

INTI

Manfaaté cedhak karo Yéhuwah lan carané bèn isa terus nyedhak karo Yéhuwah.

1-2. (a) Bèn isa kancanan akrab, kudu piyé? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

BAYANGNA kanca akrabé njenengan. Njenengan isa cedhak karo dhèwèké mesthi merga kerep bergaul. Njenengan ngerti sing dhèwèké senengi, sing dhèwèké ora senengi, lan kesulitan sing dhèwèké alami. Njenengan ya ngerti sifat-sifat apiké sing péngin njenengan tiru. Kuwi kabèh mesthi marakké njenengan sayang karo dhèwèké.

2 Nah padha kaya ngono, bèn isa dadi kanca akrabé Yéhuwah ya butuh wektu lan upaya. Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané bèn tambah cedhak karo Yéhuwah lan apa waé manfaaté. Tapi sakdurungé kuwi, ayo mbahas sik ngapa kok nèk nyedhak karo Yéhuwah kuwi hal sing apik utawa nyenengké.

3. Ngapa kok kudu ngrenungké manfaaté nyedhak karo Yéhuwah? Kèkana perumpamaan.

3 Kaya sing nulis mazmur, njenengan mesthi setuju nèk nyedhak karo Yéhuwah kuwi hal sing nyenengké utawa apik. Tapi, nèk ngrenungké apiké kuwi apa, njenengan bakal tergerak kanggo semakin nyedhak karo Yéhuwah. (Mzm. 63:​6-8) Kuwi isa diumpamakké kaya ngéné: Wong ngerti nèk mangan panganan sing bergizi, rajin olahraga, cukup istirahat, lan ngombé banyu sing cukup kuwi apik kanggo keséhatan. Tapi, nèk ora kerep-kerep mikirké manfaaté ya ora bakal tergerak kanggo melakukan kuwi. Nah padha kaya ngono, ora cukup nèk mung ngerti nèk akrab karo Yéhuwah kuwi apik utawa nyenengké. Awaké dhéwé kudu kerep ngrenungké manfaaté bèn tergerak kanggo semakin nyedhak karo Yéhuwah.—Mzm. 119:​27-30.

4. Sing nulis Mazmur 73:28 ngrasa piyé soal ”nyedhak marang Gusti Allah”?

4 Wacanen Mazmur 73:28. Sing nulis Mazmur 73 kuwi wong Lèwi sing nglayani dadi penyanyi ing bait. Kétoké, dhèwèké wis bertaun-taun nglayani Yéhuwah. Tapi, dhèwèké isih ngrasa butuh diélingké nèk ”nyedhak marang Gusti Allah” kuwi hal sing nyenengké utawa apik. Dhèwèké ya péngin wong-wong liya ya éling soal kuwi. Nah mémangé, nyedhak karo Gusti Allah kuwi manfaaté apa waé?

”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” ISA MARAKKÉ BAHAGIA

5. (a) Ngapa kok semakin cedhak karo Yéhuwah isa marakké bahagia? (b) Apa manfaat sing wis njenengan rasakké nèk nduwé kawicaksanan saka Yéhuwah? (Wulang Bebasan 2:​6-16)

5 Nèk semakin cedhak karo Yéhuwah mengko ya bakal semakin bahagia. (Mzm. 65:4) Lha ngapa? Salah siji alesané, merga nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab isa dadi wicaksana. Nèk wicaksana, awaké dhéwé bakal terlindungi bèn ora kena pengaruh sing èlèk lan ora nggawé dosa sing gedhé. (Wacanen Wulang Bebasan 2:​6-16.) Kuwi sebabé ing Alkitab disebutké, ”Wong isa bahagia nèk nduwé kawicaksanan lan pertimbangan sing apik.”—WB. 3:13.

6. Apa sing marakké sing nulis mazmur mulai ora bahagia?

6 Tapi, kuwi ora berarti nèk cedhak karo Yéhuwah bakal bahagia terus lan ora tau sedhih. Sing nulis Mazmur 73 mulai ora bahagia wektu mulai mikirké hal-hal sing menurut dhèwèké ora adil. Dhèwèké jèngkèl lan mèri merga wong-wong sing ora manut Gusti Allah uripé malah pénak. Wong sing jahat lan sombong kétoké selalu luwih sugih, luwih séhat, lan malah ora tau susah. (Mzm. 73:​3-7, 12) Merga ngrasa nèk kuwi ora adil, sing nulis mazmur nganti mikir nèk nglayani Yéhuwah kuwi ora ana manfaaté. Dhèwèké sedhih banget, terus ngomong, ”Ora ana gunané aku njaga atiku tetep resik lan ngomong nèk aku ora salah.”—Mzm. 73:13.

7. Nèk lagi sedhih, apa sing isa dilakukan? (Deloken gambar.)

7 Bèn ora terus-terusan ngrasa sedhih, sing nulis mazmur ngupaya ora mikir sing èlèk manèh. Dhèwèké ”mlebu ing panggonan suciné Gusti Allah”. Ing kono, Yéhuwah mbantu bèn dhèwèké mikir sing bener. (Mzm. 73:​17-19) Wektu awaké dhéwé sedhih, Yéhuwah ngerti. Makané nèk ndonga, Yéhuwah mesthi bakal mbantu. Liwat naséhaté ing Alkitab lan para sedulur, awaké dhéwé bakal dikuwatké bèn isa terus nglayani Yéhuwah meskipun lagi sedhih. Bahkan wektu lagi ngadhepi akèh banget masalah nganti bingung kudu piyé, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé terhibur lan tetep tenang.—Mzm. 94:19.a

Wong Lèwi lagi ngadeg ing antarané mézbah tembaga lan serambi bait.

Wong Lèwi sing nulis Mazmur 73 ngadeg ing ”panggonan suciné Gusti Allah sing luar biasa” (Deloken paragraf 7)


”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” ISA MARAKKÉ URIP LUWIH BERMAKNA LAN DADI NDUWÉ HARAPAN

8. Apa manèh manfaaté nèk nyedhak karo Yéhuwah?

8 Manfaat liyané nèk nyedhak karo Yéhuwah kuwi isa marakké urip dadi luwih bermakna. Terus ya dadi nduwé harapan sing pasti. (Yér. 29:11) Ayo mbahas kuwi siji-siji.

9. Ngapa kok nyedhak karo Yéhuwah isa marakké urip dadi luwih bermakna?

9 Akèh wong ora percaya nèk Gusti Allah ana. Meréka mikir nèk uripé manungsa kuwi ora ana tujuané lan manungsa bakalé musnah. Tapi saka Alkitab, awaké dhéwé yakin nèk ’Gusti Allah kuwi ana lan mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké’. Dadi, apa waé sing dilakukan kanggo Yéhuwah ora bakal sia-sia. (Ibr. 11:6) Kèt awal, manungsa diciptakké kanggo nglayani Yéhuwah. Dadi nèk nglayani Yéhuwah, uripé manungsa bakal bener-bener bermakna.—PT. 10:​12, 13.

10. Yéhuwah janji apa kanggo wong-wong sing berharap karo Dhèwèké? (Mazmur 37:29)

10 Akèh-akèhé wong saiki mung fokus kerja, nikah, nduwé anak, lan nglumpukké akèh dhuwit bèn ora kuwatir pas wis tuwa. Meréka ora ngerti janjiné Gusti Allah soal masa depan. Tapi nèk umaté Yéhuwah berharapé karo Yéhuwah. (Mzm. 25:​3-5; 1 Tim. 6:17) Meréka percaya nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné. Ana akèh hal apik sing meréka harapké, terutama isa nglayani Yéhuwah saklawasé ing Firdaus.—Wacanen Mazmur 37:29.

11. Nèk nyedhak karo Yéhuwah, apa manfaaté kanggo njenengan, lan piyé perasaané Yéhuwah?

11 Isih ana manfaat liyané nèk nyedhak karo Yéhuwah. Misalé, kanggo wong-wong sing cedhak karo Dhèwèké, Yéhuwah janji bakal ngampuni dosa-dosané nèk meréka bertobat. (Yés. 1:18) Kuwi marakké meréka dadi ora ngrasa bersalah manèh merga dosa-dosané mbiyèn. (Mzm. 32:​1-5) Yéhuwah ya bakal seneng nèk awaké dhéwé nyedhak karo Dhèwèké. (WB. 23:15) Njenengan mesthi wis ngrasakké dhéwé akèh berkah sing dinikmati merga cedhak karo Yéhuwah. Tapi bèn isa terus nyedhak karo Yéhuwah, kudu piyé?

CARANÉ BÈN ISA TERUS”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH”

12. Apa waé sing wis njenengan lakukan bèn isa nyedhak karo Yéhuwah?

12 Mbiyèn sakdurungé dibaptis, bèn isa cedhak karo Yéhuwah, njenengan mesthi wis ngupayakké belajar soal Yéhuwah lan Yésus, bertobat, beriman, lan berupaya manut karepé Yéhuwah. Nah saiki sakwisé dibaptis, hal-hal kuwi ya kudu terus dilakukan bèn isa tambah cedhak karo Yéhuwah.—Kol. 2:6.

13. Telu hal apa sing isa marakké njenengan terus nyedhak karo Yéhuwah?

13 Hal-hal apa sing isa marakké awaké dhéwé terus nyedhak karo Yéhuwah? (1) Terusna kebiasaan maca lan mempelajari Alkitab. Tapi, aja mung mempelajari ajaran-ajaran dhasar soal Gusti Allah thok. Awaké dhéwé ya kudu berupaya memahami pandhangané Yéhuwah, karepé Yéhuwah, lan terus berupaya manut préntahé. (Éf. 5:​15-17) (2) Terus renungna hal-hal sing wis Yéhuwah lakukan kanggo njenengan bèn imané njenengan tambah kuwat. (3) Aja melakukan hal-hal sing disengiti Yéhuwah lan aja bergaul karo wong-wong sing melakukan kuwi.—Mzm. 1:1; 101:3.

14. Bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, apa sing isa dilakukan ing kegiatan saben dina? (1 Korintus 10:31) (Deloken gambar.)

14 Wacanen 1 Korintus 10:31. Awaké dhéwé kudu selalu melakukan hal-hal sing isa marakké Yéhuwah seneng. Kuwi ora mung sekedar nginjil utawa teka ing pertemuan ibadah. Wektu melakukan kegiatan saben dina ya kudu selalu berupaya nggawé Yéhuwah seneng. Misalé, selalu jujur lan murah hati. (2 Kor. 8:21; 9:7) Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé nganggep urip iki berharga. Dadi, awaké dhéwé ora éntuk kakèhan mangan, kakèhan ngombé minuman keras, lan kudu melakukan apa waé bèn isa tetep séhat. Meskipun kétoké sepélé, upayané awaké dhéwé kanggo nggawé Yéhuwah seneng isa marakké Yéhuwah tambah sayang karo awaké dhéwé.—Luk. 16:10.

Gambar: Cara-cara nggawé Yéhuwah seneng. 1. Ngati-ati wektu numpak kendaraan: Sedulur lanang sing numpak mobil mandheg pas lampuné abang. 2. Olahraga: Sedulur lanang lagi jogging. 3. Mangan panganan sing bergizi: Macem-macem panganan sing bergizi ing mangkok. 4. Murah hati: Sedulur wédok ngekèki kembang lan panganan kanggo sedulur wédok lansia sing tangané lagi diperban.

Ngati-ati wektu numpak kendaraan, rajin olahraga, mangan panganan sing bergizi, lan murah hati kuwi beberapa cara bèn isa nggawé Yéhuwah seneng (Deloken paragraf 14)


15. Yéhuwah pénginé awaké dhéwé piyé karo wong liya?

15 Yéhuwah apikan ora mung karo wong-wong sing nglayani Dhèwèké, tapi ya karo sing ora. (Mat. 5:45) Yéhuwah péngin awaké dhéwé ya apikan karo wong liya. Misalé, ”ora ngèlèk-èlèk sapa waé, ora seneng padu, . . . lan alus marang kabèh wong”. (Tit. 3:2) Kuwi ya berarti ora éntuk ngrèmèhké wong liya mung merga wong kuwi ora percaya Yéhuwah. (2 Tim. 2:​23-25) Nèk selalu apikan karo wong liya, awaké dhéwé bakal tambah cedhak karo Yéhuwah.

TETEP ISA ”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” MESKIPUN TAU NGGAWÉ KESALAHAN

16. Apa sing tau dirasakké sing nulis Mazmur 73?

16 Isa waé merga tau nggawé kesalahan, njenengan ngrasa nèk ora isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Sing nulis Mazmur 73 ya tau ngrasa kaya ngono. Dhèwèké ngomong, ”Aku kaya mèh nyimpang saka dalan sing bener. Aku kaya mèh keplèsèt.” (Mzm. 73:2) Dhèwèké ya ngakoni nèk dhèwèké ”sedhih banget”, dadi ”ora isa mikir”, lan dadi ”kaya kéwan sing ora nduwé pengetahuan”. (Mzm. 73:​21, 22) Tapi, apa merga kuwi dhèwèké dadi ngrasa ora pantes disayang lan ora bakal diampuni Yéhuwah?

17. (a) Wektu lagi putus asa, apa sing dilakukan sing nulis mazmur? (b) Apa sing isa dipelajari saka pengalamané sing nulis mazmur? (Deloken gambar.)

17 Meskipun mungkin sing nulis mazmur tau ngrasa nèk Yéhuwah ninggalké dhèwèké, dhèwèké ora terus-terusan mikir kaya ngono. Dhèwèké ngerti nèk pas ngrasa kaya ngono dhèwèké malah kudu nyedhak karo Yéhuwah. Makané dhèwèké ngomong, ”Tapi saiki aku ana ing cedhak-Mu. Njenengan nyekel tangan tengenku. Njenengan nuntun aku nganggo naséhat-Mu, lan Njenengan bakal nggawé aku diajèni.” (Mzm. 73:​23, 24) Pas ngrasa sedhih, cilik ati, utawa putus asa merga tau nggawé kesalahan, kudu njaluk kekuwatan karo Yéhuwah. (Mzm. 73:26; 94:18) Bahkan meskipun dosané gedhé, awaké dhéwé isih isa bali ing Yéhuwah merga yakin nèk Dhèwèké ”gelem ngapura”. (Mzm. 86:5) Dadi, terutama wektu lagi putus asa, awaké dhéwé malah kudu nyedhak karo Yéhuwah.—Mzm. 103:​13, 14.

Gambar: 1. Sedulur lanang sing cilik ati lagi lungguh ing kasur. 2. Bar kuwi, dhèwèké tersenyum wektu disambut sedulur lanang karo bojoné ing pertemuan ibadah.

Wektu ngrasa ora semangat utawa cilik ati, malah kudu semakin nyedhak karo Yéhuwah. Carané, luwih kerep ndonga lan rajin teka ing pertemuan ibadah. (Deloken paragraf 17)


”NYEDHAK MARANG GUSTI ALLAH” NGANTI SAKLAWASÉ

18. Ngapa kok awaké dhéwé isa terus nyedhak karo Yéhuwah?

18 Ora soal sepira suwéné, awaké dhéwé isih isa terus nyedhak karo Yéhuwah. Ana akèh hal sing isa dipelajari soal Dhèwèké. Menurut Alkitab, ora ana manungsa sing ’isa bener-bener paham’ kawicaksanan, pengetahuan, pikiran, lan perbuatané Yéhuwah.—Rm. 11:33.

19. Ing Mazmur ana jaminan apa?

19 Ing Mazmur 79:13 disebutké, ”Aku, yaiku umat-Mu lan domba sing mbok angon, bakal ngucap syukur marang [Yéhuwah] nganti saklawasé, lan aku bakal muji [Yéhuwah] nganti turun temurun”. Njenengan ya isa yakin nèk isa terus nyedhak karo Yéhuwah lan nampa berkahé saklawasé. Njenengan ya isa ngomong, ”Gusti Allah bakal nguwatké atiku, lan Dhèwèké sing tak duwèni saklawasé.”—Mzm. 73:26.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok kudu ngrenungké manfaaté ”nyedhak marang Gusti Allah”?

  • Apa waé sing marakké ”nyedhak marang Gusti Allah” kuwi hal sing apik utawa nyenengké?

  • Piyé carané bèn isa terus ”nyedhak marang Gusti Allah”?

LAGU 32 Mèlua Yéhuwah

a Nèk terus-terusan sedhih, kuwatir, utawa strès, mungkin butuh priksa ing dokter. Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, wacanen Warta Penting No. 1 2023.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim