ARTIKEL PELAJARAN 29
LAGU 87 Acara Ibadah Kuwi Nguwatké
Cara sing Bener Wektu Ngekèki Naséhat
”Aku bakal nggatèkké kowé lan mènèhi kowé naséhat.”—MZM. 32:8.
INTI
Carané ngekèki naséhat sing isa bener-bener bermanfaat.
1. Sapa sing kudu ngekèki naséhat? Jelasna.
SOAL ngekèki naséhat, kanggoné beberapa wong kuwi sesuatu sing gampang dilakukan. Tapi, ya ana sing ngrasa nèk kuwi ora gampang. Nèk njenengan dhéwé piyé? Ora soal kuwi gampang apa ora, kadhang awaké dhéwé kudu ngekèki naséhat. Soalé, kuwi salah siji cara mbuktèkké nèk sayang karo para sedulur. Yésus ngomong nèk murid-muridé kudu saling menyayangi. (Yoh. 13:35) Terus, ing Alkitab ya disebutké nèk naséhat sing tulus dikèkké isa marakké persahabatan dadi tambah kuwat.—WB. 27:9.
2. Para pinituwa kudu ngerti soal apa lan ngapa? (Deloken kothak ”Naséhat ing Pertemuan Ibadah Tengah Pekan”.)
2 Sing khususé kudu ngerti cara sing bener wektu ngekèki naséhat kuwi para pinituwa. Soalé, meréka wis dipasrahi Yéhuwah lan Yésus kanggo nggatèkké para sedulur ing jemaat. (1 Ptr. 5:2, 3) Salah siji bukti nggatèkkéné kuwi nèk ngekèki naséhat saka Alkitab liwat ceramah ing pertemuan ibadah. Sakliyané kuwi, para pinituwa ya isa ngekèki naséhat pribadi kanggo saben sedulur sing butuh dinaséhati, termasuk sing wis ngedoh saka Yéhuwah. Nah, piyé bèn para pinituwa lan awaké dhéwé kabèh isa ngerti cara sing bener kanggo ngekèki naséhat?
3. (a) Bèn isa ngerti cara sing bener wektu ngekèki naséhat, kudu piyé? (Yésaya 9:6; deloken kothak ”Niru Yésus Wektu Ngekèki Naséhat”.) (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
3 Bèn isa ngerti cara sing bener wektu ngekèki naséhat, isa belajar saka tokoh-tokoh ing Alkitab, terutama Yésus. Salah siji gelaré Yésus kuwi ”Penaséhat sing hébat”. (Wacanen Yésaya 9:6.) Lha terus, piyé nèk awaké dhéwé dijaluki naséhat, lan piyé nèk kudu ngekèki naséhat padahal wongé ora njaluk dinaséhati? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki. Terus ya bakal dibahas ngapa kok ngekèki naséhat kuwi wektu lan carané kudu sing pas.
KUDU PIYÉ WEKTU DIJALUKI NASÉHAT?
4-5. Wektu dijaluki naséhat, apa sing isa dipikirké sik? Kèkana conto.
4 Wektu dijaluki naséhat, mesthi rasané seneng lan kepéngin langsung mbantu. Tapi sakdurungé ngekèki naséhat, pikirna, ’Apa aku nduwé pengetahuan lan pengalaman sing dibutuhké kanggo ngekèki dhèwèké naséhat sing pas?’ Kadhang, solusiné kuwi dudu ngekèki naséhat, tapi nggolèkké wong sing luwih ngerti soal masalah kuwi lan isa mbantu dhèwèké.
5 Misalé ngéné, kanca akrabé njenengan lara parah. Dhèwèké crita nèk wis nggolèk beberapa pilihan perawatan keséhatan, terus njaluk pendapaté njenengan soal perawatan endi sing luwih apik. Mungkin sakjané ana pilihan perawatan sing menurut njenengan apik, tapi njenengan dudu dokter lan dudu wong sing terlatih ing bidang penyakit kuwi. Makané, sing paling apik kuwi njenengan ngancani dhèwèké kanggo nggolèk dokter sing isa mbantu dhèwèké.
6. Ngapa kok ora éntuk kesusu langsung ngekèki naséhat?
6 Bahkan meskipun wis ngerti naséhat sing pas, luwih apik nèk ora kesusu langsung ngekèki naséhat. Menurut Wulang Bebasan 15:28, ”Wong sing bener mikir dhisik sakdurungé njawab.” Lha tapi piyé nèk misalé ngrasa wis ngerti tenan jawabané? Tetep luwih apik nèk riset, ndonga, lan ngrenungké sik apa sing arep disampèkké. Mengko hasilé njenengan bakal dadi luwih yakin nèk sing arep disampèkké kuwi sesuai karo karepé Yéhuwah. Gatèkna contoné Nabi Natan.
7. Apa sing isa dipelajari saka contoné Nabi Natan?
7 Wektu Raja Daud ngomong karo Nabi Natan nèk péngin mbangun baité Yéhuwah, kuduné Natan takon sik karo Yéhuwah. Tapi, Natan malah langsung nyaranké bèn Daud mbangun waé bait kuwi. Padahal jebulé dudu kuwi sing dikarepké Yéhuwah. (1 Bb. 17:1-4) Nah saka conto kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk dijaluki naséhat, aja ”kesusu ngomong”.—Yak. 1:19.
8. Apa manèh alesané ngapa kok kudu ngati-ati sakdurungé ngekèki naséhat?
8 Ana manèh alesan liyané ngapa kok kudu ngati-ati sakdurungé ngekèki naséhat. Élinga, nèk wong kuwi nganti nggawé keputusan sing salah merga manut naséhaté awaké dhéwé, awaké dhéwé ya bakal mèlu bertanggung jawab. Makané, kudu bener-bener dipikirké tenanan sik.
WEKTU KUDU NGEKÈKI NASÉHAT TAPI WONGÉ ORA NJALUK DINASÉHATI
9. Sakdurungé ngekèki naséhat, para pinituwa kudu mastèkké soal apa? (Galatia 6:1)
9 Kadhang, para pinituwa kudu inisiatif ngekèki naséhat sedulur sing ”tumindaké ngarah marang sing salah”. (Wacanen Galatia 6:1.) Mungkin, sedulur kuwi wis nggawé keputusan sing ora wicaksana, sing mengkoné isa marakké dhèwèké nggawé dosa gedhé. Para pinituwa péngin bèn dhèwèké isa terus nglayani Yéhuwah lan akhiré urip saklawasé. (Yak. 5:19, 20) Tapi, para pinituwa kudu éling nèk ana hal-hal sing isa diputuské berdasarkan hati nurani. (Rm. 14:1-4) Dadi, meréka kudu bener-bener mastèkké sik nèk keputusané wong kuwi mémang wis ”ngarah marang sing salah”. Nah, nèk ternyata tenan keputusané wis ”ngarah marang sing salah”, piyé carané ngekèki naséhat?
10-12. Wektu kudu ngekèki naséhat kanggo sedulur sing ora njaluk dinaséhati, apa sing kudu dilakukan pinituwa? Kèkana perumpamaan. (Deloken gambar.)
10 Ngekèki naséhat sedulur sing ora njaluk dinaséhati kuwi isa waé ora gampang kanggo para pinituwa. Kaya sing disebutké Rasul Paulus, isa waé sedulur kuwi ora sadhar nèk sing wis dilakukan ora wicaksana. Dadi nèk ngerti-ngerti pinituwa ngekèki naséhat, isa waé dhèwèké dadi bingung ngapa kok dinaséhati. Makané, ana beberapa hal sing kudu dilakukan pinituwa bèn sedulur kuwi siap nampa naséhat.
11 Kuwi isa dipadhakké kaya upayané petani sing arep nandur ing tanah sing atos. Sakdurungé benihé ditandur, petani kudu nggemburké tanahé sik. Bar benihé dipendhem, dhèwèké kudu nyirami benih kuwi bèn thukul. Padha kaya ngono, pinituwa kudu seolah-olah ”nggemburké sik atiné” sedulur sing arep dinaséhati bèn siap nampa naséhat. Misalé, isa nggolèk wektu sing pas kanggo ngandhani nèk perduli karo sedulur kuwi lan ana sesuatu sing péngin disampèkké. Nèk njenengan dikenal dadi pinituwa sing apikan lan ora kasar, para sedulur mesthi bakal luwih gampang nampa naséhat saka njenengan.
12 Selama omong-omongan, pinituwa kuwi isa terus ”nggemburké atiné” sedulur kuwi. Misalé, nyebutké nèk kabèh wong isa nggawé salah lan butuh dinaséhati. (Rm. 3:23) Nganggo cara sing alus lan ngajèni, pinituwa isa nduduhké liwat Alkitab hal ora wicaksana apa sing wis sedulur kuwi lakukan nganti butuh dinaséhati. Sakwisé sedulur kuwi sadhar nèk sing wis dilakukan ora wicaksana, pinituwa kuwi bakal njelaské apa sing perlu dilakukan bèn isa berubah dadi luwih apik manèh. Kuwi isa dipadhakké kaya prosès ”mendhem benih”. Ing akhir omong-omongan, pinituwa kuwi isa muji lan ngejak sedulur kuwi ndonga. Kuwi isa dipadhakké kaya prosès ”nyirami”.—Yak. 5:15.
Para pinituwa kudu wicaksana lan nduduhké nèk sayang wektu ngekèki naséhat wong sing ora njaluk dinaséhati (Deloken paragraf 10-12)
13. Piyé carané pinituwa mastèkké nèk wong sing dinaséhati wis bener-bener paham isi naséhaté?
13 Pinituwa sing ngekèki naséhat kuwi ya kudu mastèkké nèk sing dinaséhati wis bener-bener paham karo isi naséhaté. Soalé, kadhang apa sing disampèkké lan sing ditampa isa waé béda. Nah, cara mastèkkéné piyé? Bèn isa ngerti apa wongé wis bener-bener paham isi naséhaté lan apa sing kudu dilakukan, pinituwa kuwi isa ngekèki beberapa pertanyaan.—Pkh. 12:11.
NGEKÈKI NASÉHAT ING WEKTU SING PAS LAN NGANGGO CARA SING BENER
14. Apa éntuk ngekèki naséhat pas isih nesu? Jelasna.
14 Merga ora sempurna, isa waé awaké dhéwé tersinggung gara-gara omongan utawa perbuatané wong liya. (Kol. 3:13) Bahkan, ing Alkitab ya disebutké nèk kuwi isa marakké awaké dhéwé nganti nesu. (Éf. 4:26) Tapi, aja ngekèki naséhat wektu isih nesu. Soalé, menurut Alkitab ”wong sing nesu kuwi tumindaké ora cocog karo apa sing bener kanggoné Gusti Allah”. (Yak. 1:20) Nèk ngekèki naséhat pas isih nesu, isa marakké situasiné dadi tambah ora apik. Mémang kuwi ora berarti rasa jèngkèlé dipendhem terus lan ora diomongké, tapi kudu ngentèni sik nganti tenang, lagi ngandhani wong kuwi. Gatèkna conto saka Èlihu sing ngekèki naséhat kanggo Ayub.
15. Apa sing isa dipelajari saka contoné Èlihu? (Deloken gambar.)
15 Selama pirang-pirang dina, Èlihu ngrungokké Ayub membéla diri wektu ditudhuh Èlifaz, Bildad, lan Zofar. Èlihu ngrasa mesakké karo Ayub. Tapi, wektu Ayub ngomongké sing ora bener soal Yéhuwah, Èlihu dadi nesu. Èlihu ora langsung ngekèki naséhat Ayub, tapi ngentèni sik wektu sing pas. Èlihu nyampèkké naséhaté pas wis tenang lan nganggo cara sing ngajèni. (Ayb. 32:2; 33:1-7) Contoné Èlihu kuwi apik banget. Ngekèki naséhat kuwi kuduné pas atiné tenang lan disampèkké nganggo cara sing nduduhké nèk ngajèni lan menyayangi wong sing dinaséhati.—Pkh. 3:1, 7.
Meskipun awalé nesu, Èlihu ngentèni sik lan ngekèki naséhaté pas wis tenang lan nganggo cara sing ngajèni Ayub (Deloken paragraf 15)
TERUS NGEKÈKI LAN NAMPA NASÉHAT
16. Apa sing isa dipelajari saka Mazmur 32:8?
16 Kaya ayat téma artikel iki, Yéhuwah ora mung ngomong nèk bakal ngekèki naséhat, tapi ya ngomong, ”Aku bakal nggatèkké kowé.” (Wacanen Mazmur 32:8.) Kuwi berarti Yéhuwah ya bakal mbantu bèn awaké dhéwé isa ngetrapké naséhaté. Kuwi conto sing apik kanggo ditiru. Wektu kudu ngekèki naséhat, awaké dhéwé ya kudu terus nyemangati lan mbantu bèn wong sing dikèki naséhat kuwi akhiré isa nggawé keputusan sing bener.
17. Pinituwa sing ngekèki naséhat spésifik saka Alkitab kuwi isa dipadhakké kaya apa? Jelasna. (Yésaya 32:1, 2)
17 Saiki awaké dhéwé semakin butuh dinaséhati lan ngekèki naséhat. (2 Tim. 3:1) Kaya ”aliran banyu ing lemah sing garing” isa marakké seger, para pinituwa sing ngekèki naséhat spésifik saka Alkitab ya isa nyemangati lan marakké awaké dhéwé semakin péngin terus nglayani Yéhuwah. (Wacanen Yésaya 32:1, 2.) Bersyukur banget nduwé kanca-kanca sing ora ragu-ragu ngekèki naséhat sing awaké dhéwé butuhké. Naséhaté kuwi berharga kaya ”apel emas ing wadhah pérak”. (WB. 25:11) Muga-muga awaké dhéwé terus belajar carané ngekèki lan nampa naséhat.
LAGU 109 Tresna saka Ati