PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Juli hlm. 20-25
  • Apa Njenengan Péngin Ngerti Carané Bèn Isa Ngrasa Puas?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Péngin Ngerti Carané Bèn Isa Ngrasa Puas?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • LUWIH SENENG MENGHARGAI
  • FOKUS KARO KAREPÉ YÉHUWAH LAN TETEP RENDAH HATI
  • NGRENUNGKÉ JANJINÉ YÉHUWAH
  • ”WONG SING WEDI MARANG [YÉHUWAH] ORA BAKAL KEKURANGAN APA-APA”
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Apa Njenengan Isa Nitèni Bédané sing Bener karo sing Salah?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Juli hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 31

LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah

Apa Njenengan Péngin Ngerti Carané Bèn Isa Ngrasa Puas?

”Aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas ing keadaan apa waé.”—FLP. 4:11.

INTI

Bèn isa ngrasa puas, kudu seneng menghargai, fokus karo karepé Yéhuwah lan tetep rendah hati, lan ngrenungké janjiné Yéhuwah.

1. Nèk ngrasa puas, bakal piyé lan ora bakal piyé?

APA njenengan puas karo sing wis diduwèni? Nèk ngrasa puas, apa waé berkah saka Yéhuwah mesthi bakal dihargai lan kuwi marakké bahagia lan damai. Bahkan nèk misalé ana hal-hal sing ora isa diduwèni, ora bakal ngrasa kecéwa utawa nesu. Mémang, awaké dhéwé dikon ngrasa cukup lan ora ngoyo, tapi kuwi ora berarti ora ngupaya apa-apa. Contoné, péngin berbuat luwih akèh kanggo nglayani Yéhuwah. (Rm. 12:1; 1 Tim. 3:1) Tapi nèk durung éntuk tugas sing dipénginké, ya aja ngrasa kecéwa.

2. Apa bahayané nèk ngrasa ora puas?

2 Nèk ngrasa ora puas, akibaté isa fatal. Misalé, ana sing nganti kerja mati-matian mung bèn isa tuku barang-barang sing sakjané ora bener-bener dibutuhké. Malah, kanggo nuruti kepénginané, ana sing nganti nyolong. Alesané mungkin merga mikir, ’Iki kan hakku’, ’Lha aku kan wis péngin banget’, utawa, ’Mengko nèk aku wis nduwé dhuwit tak balèkké’. Tapi tetep waé, nyolong kuwi marakké Yéhuwah ora seneng lan jeneng Yéhuwah isa dièlèk-èlèk. (WB. 30:9) Terus, ya ana sing dadi ora gelem nglayani Yéhuwah manèh merga kecéwa soalé ora éntuk tugas sing dipénginké. (Gal. 6:9) Nah, umaté Yéhuwah isa dadi kaya ngono mungkin awalé merga mulai ngrasa ora puas.

3. Apa hal penting sing isa dipelajari saka Filipi 4:​11, 12?

3 Ngrasa puas kuwi sesuatu sing isa diupayakké kabèh wong. Gatèkna contoné Rasul Paulus. Wektu kuwi dhèwèké lagi dipenjara, tapi merga ”wis ngerti carané bèn ngrasa puas ing keadaan apa waé”, dhèwèké isa tetep bahagia. (Wacanen Filipi 4:​11, 12.) Mungkin merga keadaan sing berubah-ubah, awaké dhéwé ya kadhang ngrasa ora puas. Apamanèh, rasa puas kuwi dudu gawan bayi. Tapi kaya Paulus, awaké dhéwé isa ngrasa puas. Nah, piyé carané? Ayo mbahas apa waé sing isa marakké dadi ngrasa puas.

LUWIH SENENG MENGHARGAI

4. Kok isa nèk seneng menghargai dadi ngrasa puas? (1 Tésalonika 5:18)

4 Biasané, wong nèk seneng menghargai bakal luwih gampang kanggo ngrasa puas. (Wacanen 1 Tésalonika 5:18.) Misalé, nèk kebutuhané wis tercukupi lan kuwi bener-bener dihargai, ya dadi ora mikirké kepénginan sing ora diduwèni. Nèk menghargai tugas sing diduwèni saiki, mesthi bakal ngupayakké sing paling apik ing tugas kuwi, ora malah dadi fokus ngoyak tugas sing dipénginké. Yéhuwah ngerti nèk seneng menghargai kuwi penting. Makané, ing Alkitab awaké dhéwé dikon maturnuwun liwat donga. Hasilé, mengko bakal dikèki ”rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa”.—Flp. 4:​6, 7.

5. Hal-hal apa sing sakjané isa disyukuri wong Israèl? (Deloken gambar.)

5 Gatèkna contoné wong Israèl pas ing padhang belantara. Meréka bola-bali sambat merga péngin panganan sing tau dipangan ing Mesir. (Wi. 11:​4-6) Mémang, wektu kuwi keadaané ora gampang. Tapi nèk gelem ngrenungké apa sing wis Yéhuwah lakukan kanggo meréka, sakjané meréka isih isa ngrasa puas. Pas ing Mesir, meréka kuwi budhak sing ditindhes, tapi Yéhuwah nggawé Sepuluh Bencana kanggo mbébaské meréka. Pas arep ninggalké Mesir, Yéhuwah bahkan nggawé bèn wong Mesir gelem ngekèkké pérak, emas, lan klambiné kanggo digawa wong Israèl. (Pa. 12:​35, 36) Terus, wektu wong Israèl kejebak ing antarané pasukan Firaun lan Laut Merah, Yéhuwah mbelah laut kuwi bèn wong Israèl isa nyebrang. Selama ing padhang belantara, Yéhuwah saben dina ngekèki manna. Dadi, nèk nganti meréka ora puas kuwi dudu merga kurang panganan, tapi merga ora menghargai sing wis dikèki Yéhuwah.

Pas lagi ngumpulké manna, beberapa wong Israèl sambat karo Musa, terus sing liyané ndeloki.

Apa sing marakké wong Israèl ora ngrasa puas? (Deloken paragraf 5)


6. Apa waé sing isa dilakukan bèn dadi luwih seneng menghargai?

6 Piyé bèn isa luwih seneng menghargai? Pertama, saben dina renungna lan tulisen hal-hal apik sing wis dinikmati. (KP. 3:​22, 23) Keloro, saben diapiki utawa dikèki sesuatu, ucapna maturnuwun, terutama karo Yéhuwah. (Mzm. 75:1) Ketelu, miliha kanca-kanca sing seneng nduduhké rasa maturnuwun. Nèk kancané seneng menghargai, ya bakal dadi wong sing seneng menghargai. Tapi nèk kancané ora nduwé rasa maturnuwun, mengko suwé-suwé ya isa dadi kaya ngono. (PT. 1:​26-28; 2 Tim. 3:​1, 2, 5) Nèk biasa maturnuwun, ora bakal gampang kecéwa wektu ngalami kesulitan utawa sing dipéngini ora keturutan.

7. Apa sing marakké Aci akhiré isa ngrasa puas?

7 Gatèkna pengalamané Sedulur Aci, sing manggon ing Indonesia. Aci crita, ”Selama pandemi COVID-19, aku mulai mbandhing-mbandhingké keadaanku karo sedulur liyané. Kuwi marakké aku dadi ora puas karo keadaanku.” (Gal. 6:4) Aci akhiré ora ngrasa kaya ngono manèh. Aci crita, ”Aku mulai mikirké berkah-berkah sing tak rasakké saben dina lan ngrenungké hal-hal apik sing wis tak rasakké merga dadi umaté Yéhuwah. Terus, kuwi tak sebutké wektu ndonga. Hasilé, aku dadi isa bener-bener ngrasa puas.” Nèk ngrasa ora puas karo keadaané njenengan saiki, coba tirunen sing dilakukan Aci.

FOKUS KARO KAREPÉ YÉHUWAH LAN TETEP RENDAH HATI

8. Apa sing tau dialami Barukh? Critakna.

8 Sekretarisé Nabi Yérémia sing jenengé Barukh ya tau ngrasa ora puas karo keadaané. Wektu kuwi, Barukh dikon Yéhuwah ngancani Yérémia nyampèkké berita penghukuman kanggo bangsa Israèl sing ora nduwé rasa maturnuwun. Tapi, Barukh ora terus fokus karo karepé Yéhuwah. Dhèwèké malah mulai mikirké karepé dhéwé. Liwat Yérémia, Yéhuwah ngandhani Barukh, ”Kowé malah mburu perkara-perkara sing mbok anggep penting. Aja mburu kuwi manèh.” (Yér. 45:​3-5) Yéhuwah seolah-olah ngomong, ”Barukh, kowé kuduné puas karo keadaanmu saiki.” Merga gelem ngrungokké naséhaté Yéhuwah, Barukh isa terus nggawé Yéhuwah seneng.

9. Bèn isa nduwé pandhangan sing bener soal tugas tambahan, apa sing isa dipelajari saka 1 Korintus 4:​6, 7? (Deloken gambar.)

9 Kadhang, ana umaté Yéhuwah sing péngin éntuk tugas tambahan tertentu merga ngrasa pantes. Mungkin dhèwèké mémang wis kerja keras, trampil, lan wis suwé nglayani Yéhuwah. Nah, piyé bèn aja nganti ora trima nèk tugas kuwi ternyata malah dikèkké wong liya? Dhèwèké isa ngrenungké kata-kata sing ditulis Rasul Paulus ing 1 Korintus 4:​6, 7. (Wacanen.) Kabèh tugas tambahan utawa ketrampilan sing diduwèni kuwi asalé saka Yéhuwah. Kuwi dikèkké dudu merga sing dikèki luwih hébat timbang liyané, tapi merga Yéhuwah apikan banget.—Rm. 12:​3, 6; Éf. 2:​8, 9.

Gambar: Sedulur-sedulur sing éntuk tugas tambahan. 1. Sedulur lanang ngecèk pipa-pipa ing fasilitas organisasi. 2. Sedulur wédok diwawancara ing pertemuan wilayah basa isyarat. 3. Sedulur lanang nyampèkké ceramah ing jemaat.

Isa nduwé ketrampilan utawa tugas tambahan kuwi merga Yéhuwah sing apikan banget (Deloken paragraf 9)c


10. Piyé bèn isa dadi rendah hati?

10 Awaké dhéwé isa dadi rendah hati nèk ngrenungké lan niru contoné Yésus. Misalé, ing peristiwa pas Yésus ngwijiki sikilé para rasulé. Rasul Yohanes nulis, ’Yésus ngerti nèk [1] Bapak wis masrahké kabèh marang dhèwèké, [2] dhèwèké teka saka Gusti Allah, lan [3] bakal bali marang Gusti Allah.’ Tapi, Yésus gelem ”ngwijiki sikilé murid-muridé”. (Yoh. 13:​3-5) Sakjané, Yésus isa waé ngrasa nèk para rasulé sing kuduné ngwijiki sikilé dhèwèké. Selama ing bumi, Yésus ya isa waé ngrasa nèk kuduné uripé nyaman soalé dhèwèké Anaké Gusti Allah. Tapi kenyataané, Yésus selalu rendah hati lan ngrasa puas. Dhèwèké dadi conto sing apik banget.—Luk. 9:58; Yoh. 13:15.

11. Critakna piyé sifat rendah hati akhiré marakké Dennis ngrasa puas.

11 Sedulur Dennis saka Belanda ya berjuang bèn isa rendah hati kaya Yésus. Dennis crita, ”Kadhang, wektu ana sing éntuk tugas sing tak pénginké, aku dadi jèngkèl. Aku ngrasa nèk kuduné aku sing éntuk tugas kuwi. Bar kuwi, aku pelajaran pribadi soal kerendahan hati. Ing JW Library® aku nggawé kategori ’rendah hati’.a Terus, ayat-ayat soal kerendahan hati tak lebokké kono bèn nèk péngin maca ayat-ayat kuwi manèh, aku isa langsung nemokké. Aku ya ndownload lan kerep nonton vidéo ceramah soal kerendahan hati.b Aku dadi sadhar nèk kabèh sing tak lakukan kuwi kuduné bèn Yéhuwah sing dipuji, dudu aku. Sing marakké kabèh tugas isa berhasil kuwi Yéhuwah, lan nèk aku éntuk tugas, kuwi sakjané merga saking apikané Yéhuwah.” Dadi, nèk mulai ngrasa ora puas karo tugas sing diduwèni saiki, kudu belajar bèn isa luwih rendah hati. Hasilé, hubungané karo Yéhuwah dadi tambah akrab lan isa ngrasa puas.—Yak. 4:​6, 8.

NGRENUNGKÉ JANJINÉ YÉHUWAH

12. Awaké dhéwé isa tetep ngrasa puas ing keadaan saiki nèk ngrenungké janji apa waé? (Yésaya 65:​21-25)

12 Keadaan saiki mémang angèl. Yéhuwah ngerti soal kuwi. Tapi liwat Nabi Yésaya, Dhèwèké ya ngekèki janji nèk sukmbèn bakal nyingkirké kabèh sing marakké susah. (Wacanen Yésaya 65:​21-25.) Yéhuwah janji nèk sukmbèn kabèh bakal nduwé omah sing apik lan nyaman, nduwé gawéan sing nyenengké, lan isa mangan panganan sing énak lan bergizi. Terus, keadaané bakal aman, ora ana bahaya. (Yés. 32:​17, 18; Yèh. 34:25) Janjiné Yéhuwah bener-bener luar biasa lan mesthi bakal kelakon. Nèk ngrenungké janji-janji kuwi, awaké dhéwé isa tetep ngrasa puas ing keadaan saiki.

13. Ing situasi apa waé khususé kudu ngrenungké soal janjiné Yéhuwah, lan apa manfaaté?

13 Merga saiki wis ”akhir jaman” lan ana akèh masalah sing ”angèl diadhepi”, kudu luwih kerep mikirké soal janjiné Yéhuwah ing masa depan. (2 Tim. 3:1) Bèn umaté isa tetep setya, saben dina Yéhuwah ngekèki tuntunan, kekuwatan, lan bantuan. (Mzm. 145:14) Sakliyané kuwi, nèk mikirké janjiné Yéhuwah, isa tetep tabah. Misalé, mungkin saiki kangèlan kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Tapi, merga ngrenungké janji nèk ing Firdaus Yéhuwah bakal ngekèki nganti limpah, saiki dadi ora perlu terlalu strès mikirké nèk bakal susah terus. (Mzm. 9:18; 72:​12-14) Utawa, nèk saiki lagi lara parah, déprèsi, utawa lara-laranen merga tuwa, nèk éling janjiné Yéhuwah ing donya anyar ora ana sing lara utawa mati, saiki dadi lega merga ngerti nèk sukmbèn bakal mari. (Why. 21:​3, 4) Merga ngrenungké janji-janjiné Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal ngrasa jèngkèl utawa nesu karo keadaan saiki. Bahkan meskipun diperlakukan ora adil, ditinggal mati, utawa ngalami masalah liyané, isa tetep bahagia lan damai. Lha ngapa? Soalé, embuh aboté kaya apa kesulitan sing diadhepi saiki, kuwi ”mung sedhéla”. Sukmbèn ing donya anyar, hal-hal kuwi bakal disingkirké kanggo saklawasé.—2 Kor. 4:​17, 18.

14. Piyé bèn isa tambah percaya karo janjiné Yéhuwah ing masa depan?

14 Merga ngerti nèk fokus karo janjiné Yéhuwah isa marakké ngrasa puas, berarti kèt saiki kudu semakin percaya karo janji kuwi. Carané piyé? Perumpamaané ngéné: Wektu ndelok sesuatu sing jaraké adoh, bèn kétok jelas kudu nganggo kacamata. Nah, bèn harapan ing donya anyar isa kétok jelas, ya ana hal-hal sing kudu dilakukan. Misalé, nèk saiki kuwatir banget merga angèl nggolèk dhuwit, isa mbayangké wektuné pas sukmbèn ora butuh dhuwit manèh lan ora ana sing mlarat. Utawa, wektu ngrasa kecéwa merga ora éntuk tugas tertentu, isa mbayangké nèk perasaan-perasaan négatif kaya ngono kuwi sukmbèn wis ora penting manèh merga wis sempurna lan wis éwonan taun nglayani Yéhuwah. (1 Tim. 6:19) Merga ana akèh hal sing dikuwatirké saiki, isa waé dadi angèl mbayangké janji-janjiné Yéhuwah kuwi. Tapi nèk kerep dipikirké, mengko dadi luwih gampang fokus karo janji kuwi timbang masalah sing diadhepi.

15. Saka omongané Christa, apa sing isa dipelajari?

15 Gatèkna pengalamané Sedulur Christa, bojoné Dennis sing dicritakké mau. Christa crita, ”Aku nduwé penyakit sing marakké otot-ototku saya suwé saya lemah. Kuwi marakké aku isané mung turonan thok sepanjang hari. Aku kelaran saben dina. Dokterku ngomong nèk aku ora bakal isa mari. Pas dhèwèké ngomong kaya ngono aku langsung mikir, ’Wah, dokter ora ngerti nèk sukmbèn aku isa mari’. Mémang saiki aku isih kelaran terus, tapi sukmbèn ing donya anyar aku isa menikmati urip sing nyenengké. Aku terus fokus karo janjiné Yéhuwah kuwi, lan kuwi sing marakké aku tetep tenang.”

”WONG SING WEDI MARANG [YÉHUWAH] ORA BAKAL KEKURANGAN APA-APA”

16. Ngapa kok Raja Daud isa ngomong nèk wong sing wedi karo Yéhuwah ”ora bakal kekurangan apa-apa”?

16 Meskipun wis nrima lan ngrasa puas karo keadaané, apa berarti umaté Yéhuwah ora bakal ngalami masalah? Ora ngono. Gatèkna pengalamané Raja Daud. Dhèwèké tau susah merga anaké telu mati, terus ya difitnah, dikhianati, lan selama bertaun-taun dadi buronan. Tapi wektu ngalami kuwi kabèh, Daud malah ngomong, ”Wong sing wedi marang [Yéhuwah] ora bakal kekurangan apa-apa.” (Mzm. 34:​9, 10) Daud isa ngomong kaya ngono soalé ngerti meskipun Yéhuwah seolah-olah meneng waé pas Daud ngadhepi masalah, tapi Yéhuwah selalu ngekèki sing dibutuhké. (Mzm. 145:16) Kaya Daud, ora soal apa sing lagi diadhepi, awaké dhéwé ya isa tetep bahagia, puas, damai merga yakin nèk Yéhuwah bakal terus ngekèki bantuan bèn awaké dhéwé tetep setya.

17. Ngapa kok njenengan péngin berupaya bèn isa ngrasa puas?

17 Terus upayakna bèn isa ngrasa puas, soalé kuwi sing dipénginké Yéhuwah. (Mzm. 131:​1, 2) Nèk berupaya luwih seneng menghargai, fokus karo karepé Yéhuwah lan rendah hati, lan terus ngrenungké janjiné Yéhuwah, njenengan bakal isa ngomong, ”Aku puas”.—Mzm. 16:​5, 6.

APA JAWABANÉ?

  • Bèn isa ngrasa puas, ngapa kok kudu seneng menghargai?

  • Bèn isa ngrasa puas, ngapa kok kudu fokus karo karepé Yéhuwah lan rendah hati?

  • Bèn isa ngrasa puas, ngapa kok kudu ngrenungké janjiné Yéhuwah ing masa depan?

LAGU 118 Tulung Kuwatna Imanku

a Nèk péngin ngerti luwih akèh soal fitur iki, deloken vidéo ing jw.org sing judhulé Hasil Apik saka Organisasi—Manfaaté Fitur-Fitur JW Library.

b Salah siji vidéo soal kerendahan hati kuwi misalé vidéo ceramah Ibadah Ésuk ing jw.org sing judhulé Rendah Hati utawa Sombong?

c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang éntuk tugas ing bagian pemeliharaan fasilitas organisasi, sedulur wédok sing belajar basa isyarat lagi diwawancara ing pertemuan wilayah, lan sedulur lanang nyampèkké ceramah umum.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim