Apa Njenengan Ngerti?
Piyé carané para imam ngresiki mézbah saka getih kéwan sing dikorbanké?
SABEN taun, para imam ing Israèl ngekèkké éwonan persembahan kéwan ing mézbah ing bait Yérusalèm. Menurut ahli sejarah Yahudi sing jenengé Yosefus, pas perayaan Paskah, ana luwih saka 250.000 domba sing dikorbanké. Dadi mesthi getihé akèh banget. (Km. 1:10, 11; Wi. 28:16, 19) Nah, ngresikiné piyé?
Wektu nggali aréa ing sekitar bait pas jamané Yésus, para peneliti nemokké ana sistem pembuangan ing mézbah. Nah, sistem kuwi sing digunakké kanggo mbuwang getihé kéwan-kéwan.
Ing sistem kuwi, ana:
Lubang ing lantai mézbah: Ing Misnaha ana keterangan soal sistem pembuangan ing mézbah. Ing kono disebutké nèk ana loro lubang ing pojokan lantai mézbah. Getih kéwan sing dikorbanké lan banyu sing dienggo ngresiki mézbah dialirké liwat lubang kuwi, terus dibuwang ing Lembah Kidron.
Menurut para peneliti, keterangan ing Misnah soal lubang kuwi mau bener. Ing buku soal sejarahé wong Yahudi, ana keterangan nèk para peneliti nemokké saluran pembuangan ing cedhak bait sing kétoké digunakké kanggo mbuwang getih kéwan sing dikorbanké lan banyu sing dienggo ngresiki.
Persediaan banyu sing akèh: Kanggo ngresiki lantai mézbah lan saluran pembuangané, para imam butuh akèh banyu. Éntuké banyu saka kutha. Banyu saka kutha kuwi dialirké liwat saluran lan penampungan banyu. Peneliti sing jenengé Joseph Patrich ngomong, ”Ing jaman kuwi ora ana tempat ibadah sing nduwé saluran banyu lan saluran pembuangan sing seapik bait.”
a Misnah kuwi kumpulan hukum lisan lan tradhisi Yahudi sing digawé sakwisé taun 200 M.