PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Agustus hlm. 2-7
  • Bantuan saka Yéhuwah Bèn Umaté Terus Setya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bantuan saka Yéhuwah Bèn Umaté Terus Setya
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • DONGA
  • ALKITAB
  • SEDULUR SEIMAN
  • HARAPAN
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Mempelajari Suraté Paulus Bèn Isa Tetep Setya Nganti Akhir
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Yéhuwah ”Nambani Wong sing Lara Ati”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Agustus hlm. 2-7

ARTIKEL PELAJARAN 32

LAGU 38 Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat

Bantuan saka Yéhuwah Bèn Umaté Terus Setya

’Gusti Allah sing apikan banget bakal nggawé kowé kuwat, mbantu kowé bèn tetep setya, lan ndhukung kowé.’—1 PTR. 5:10.

INTI

Papat persediaan saka Yéhuwah bèn umaté isa terus setya lan carané bèn éntuk manfaat saka persediaan kuwi.

1. Ngapa kok kanggo terus setya saiki ora gampang, tapi ana jaminan apa? (1 Pétrus 5:10)

TERUTAMA ing akhir jaman iki, umaté Yéhuwah kudu berjuang bèn isa terus setya. Mungkin ana sing lara ora mari-mari, kudu ngatasi perasaan kélangan merga ditinggal mati, terus ya ana sing ditentang keluarga utawa pamréntah. (Mat. 10:​18, 36, 37) Tapi ora soal apa sing kudu njenengan adhepi, yakina nèk Yéhuwah bakal nguwatké njenengan bèn isa terus setya.—Wacanen 1 Pétrus 5:10.

2. Sing marakké wong isa terus setya kuwi apa?

2 Wong sing setya kuwi meskipun ngadhepi akèh kesulitan, penganiayaan, utawa godhaan, bakal terus bahagia nglayani Yéhuwah lan ora gampang nyerah. Dhèwèké ya yakin nèk keadaané bakal dadi luwih apik. Bèn isa terus setya, wong ora isa bergantung karo kekuwatané dhéwé, tapi butuh ’kekuwatan sing luar biasa saka Gusti Allah’. (2 Kor. 4:7) Ayo mbahas papat persediaan saka Yéhuwah bèn umaté isa terus setya lan carané éntuk manfaat saka kabèh persediaan kuwi.

DONGA

3. Ngapa kok donga kuwi anugrah sing luar biasa?

3 Yéhuwah ngekèki persediaan sing luar biasa bèn umaté isa terus setya. Meskipun isih dosa, umaté isa omong-omongan karo Dhèwèké. (Ibr. 4:16) Bayangna, umaté isa ndonga kapan waé, nyritakké soal apa waé, nganggo basa apa waé, lan saka endi waé, termasuk saka panggonan terpencil utawa pas lagi dipenjara. (Yun. 2:​1, 2; Kis. 16:​25, 26) Bahkan, wektu saking kuwatiré ora ngerti mèh ngomong apa, Yéhuwah isih isa memahami. (Rm. 8:​26, 27) Donga kuwi anugrah sing luar biasa.

4. Ngapa kok ndonga njaluk dibantu bèn terus setya kuwi sesuai karo karepé Yéhuwah?

4 Menurut Alkitab, ”Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah, Gusti Allah ngrungokké.” (1 Yoh. 5:14) Nah, nèk ndonga njaluk Yéhuwah mbantu bèn terus setya, kuwi sesuai karepé Gusti Allah apa ora? Iya, soalé nèk awaké dhéwé terus setya, Yéhuwah isa njawab tudhuhané Sétan. (WB. 27:11) Ing Alkitab ya disebutké nèk Yéhuwah péngin ”nduduhké kekuwatané marang wong-wong sing ngabdi saktulusé ati”. (2 Bb. 16:9) Dadi, Yéhuwah isa lan péngin mbantu bèn awaké dhéwé terus setya.—Yés. 30:18; 41:10; Luk. 11:13.

5. Ngapa kok nèk ndonga isa marakké ayem? (Yésaya 26:3)

5 Menurut Alkitab, nèk ndonga tenanan, mengko Yéhuwah bakal ngekèki ’rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa, sing bakal njaga ati lan pikiran’. (Flp. 4:7) Kuwi sesuatu sing berharga banget. Wektu ngadhepi masalah, wong sing ora nglayani Yéhuwah padha nyoba akèh cara bèn pikirané isa tetep tenang. Misalé, ana sing ngosongké pikiran utawa méditasi. Tapi kuwi sakjané bahaya, soalé isa waé malah dadi dipengaruhi roh jahat. (Bandhingna Matius 12:​43-45.) Bahkan, nèk misalé bar melakukan kuwi meréka isa ngrasa tenang, sakjané meréka ora bener-bener ngrasa ayem. Soalé rasa ayemé kuwi dudu saka Yéhuwah. Tapi nèk umaté Yéhuwah, bèn isa tetep tenang, meréka bakal ndonga. Kuwi bukti nèk bener-bener ngendelké Yéhuwah, lan Yéhuwah bakal nggawé meréka terus ngrasa ayem. (Wacanen Yésaya 26:3.) Salah siji carané, Yéhuwah isa ngélingké liwat ayat-ayat Alkitab. Merga ngerti saka ayat kuwi nèk Yéhuwah sayang lan perduli, meréka isa dadi ngrasa ayem.—Mzm. 62:​1, 2.

6. Bèn isa éntuk manfaat saka donga, kudu piyé? (Deloken gambar.)

6 Bèn isa éntuk manfaat saka donga, terutama wektu ngadhepi masalah, pasrahna kabèh rasa kuwatir ing Yéhuwah lan njaluka bèn isa ngrasa ayem. (Mzm. 55:22) Njaluka kawicaksanan kanggo ngadhepi masalah kuwi. (WB. 2:​10, 11) Tapi ya aja lali ngucap syukur. (Flp. 4:6) Bahkan selama ngadhepi masalah kuwi, pikirna apa waé bantuan lan berkah-berkah saka Yéhuwah. Terus, ucapna maturnuwun. Aja nganti merga ngadhepi masalah, njenengan dadi lali nèk selama iki Yéhuwah sakjané wis ngekèki akèh bantuan.—Mzm. 16:​5, 6.

Pas musim dingin, sedulur lanang lansia ndonga ing njero omahé. Ana Alkitab ing pangkuané lan sak botol obat ing méja sebelahé.

Wektu ndonga, awaké dhéwé ngomong karo Yéhuwah. Wektu maca Alkitab, awaké dhéwé ngrungokké Yéhuwah. (Deloken paragraf 6)b


ALKITAB

7. Kok isa nèk mempelajari Alkitab marakké terus setya?

7 Bèn umaté isa terus setya, Yéhuwah ngekèki Alkitab. Ing Alkitab ana akèh ayat sing dadi bukti nèk Yéhuwah mesthi bakal nulungi. Contoné, omongané Yésus ing Matius 6:8 sing isiné, ”Bapakmu ngerti apa sing mbok butuhké, malah sakdurungé mbok jaluk.” Sing paling ngerti soal Yéhuwah kuwi Yésus. Dadi saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk wektu ana kesusahan, Yéhuwah ngerti sing dibutuhké lan mesthi bakal nulungi. Tapi, isih ana janji-janjiné Yéhuwah ing Alkitab sing isa nguwatké bèn isa terus setya.—Mzm. 94:19.

8. (a) Apa salah siji conto pathokan ing Alkitab sing isa marakké terus setya? (b) Piyé bèn isa éling pathokan sing cocog karo masalah sing lagi diadhepi?

8 Ing Alkitab ya ana pathokan-pathokan sing nèk ditrapké isa marakké dadi wicaksana wektu arep nggawé keputusan, lan hasilé awaké dhéwé isa terus setya. (WB. 2:​6, 7) Misalé, soal aja terlalu kuwatir karo sing durung kelakon lan kudu ngendelké Yéhuwah saben dina. (Mat. 6:34) Nèk maca lan ngrenungké isiné Alkitab saben dina, mengko bakal dadi luwih gampang kanggo ngéling-éling pathokan sing cocog karo masalah sing lagi diadhepi.

9. Apa pengaruhé nèk ngrenungké kisah-kisah ing Alkitab soal piyé Yéhuwah mbantu umaté?

9 Ing Alkitab ya ana kisahé wong-wong sing ngendelké Yéhuwah lan nampa bantuané. (Ibr. 11:​32-34; Yak. 5:17) Nèk ngrenungké kisah-kisah kuwi, mengko isa dadi tambah yakin nèk Yéhuwah kuwi ’kekuwatan lan sing nglindhungi, sing siap nulungi wektu susah’. (Mzm. 46:1) Nèk ngrenungké piyé meréka mbuktèkké imané karo Yéhuwah, awaké dhéwé mengko ya dadi tergerak kanggo terus setya karo Yéhuwah meskipun ngadhepi kesulitan.—Yak. 5:​10, 11.

10. Bèn isa éntuk manfaat saka Alkitab, kudu piyé?

10 Bèn isa éntuk manfaat saka Alkitab, wacanen Alkitab saben dina, terus nggawéa daftar ayat-ayat sing cocog karo kebutuhané njenengan. Ana akèh sing ngrasakké dhéwé manfaaté merga kèt ésuk wis maca ayat harian. Kuwi sing dirasakké Sedulur Merry.a Dhèwèké kudu ngrawat wong tuwané sing loro-loroné lara kanker. Dhèwèké crita, ”Saben ésuk, aku maca ayat harian lan ngrenungké pelajarané. Ya kuwi sing marakké aku dadi ora fokus karo masalahku, tapi isa luwih fokus karo Yéhuwah lan hal-hal sing Dhèwèké ajarké ing Alkitab.”—Mzm. 61:2.

SEDULUR SEIMAN

11. Apa pengaruhé kanggo njenengan bar ngerti nèk para sedulur sak donya terus setya meskipun ngadhepi kesulitan?

11 Bèn umaté isa terus setya, Yéhuwah ya nyedhiakké sedulur seiman sak donya. Kuwi isa nguwatké, soalé awaké dhéwé dadi ora ngrasa dhèwèkan wektu ngalami kesusahan. Awaké dhéwé ngerti nèk ’kabèh sedulur seiman sak donya ya ngalami kesengsaraan sing padha’. (1 Ptr. 5:9) Terus, merga ngerti nèk para sedulur kuwi isa terus setya, awaké dhéwé ya dadi yakin nèk mesthi isa terus setya.—Kis. 14:22.

12. Piyé carané umaté Yéhuwah mbuktèkké nèk saling mbantu? (2 Korintus 1:​3, 4)

12 Liwat omongan lan perbuatan, para sedulur ya isa nyemangati awaké dhéwé bèn terus setya. Pas Rasul Paulus dadi tahanan omah, ana akèh sedulur sing menghibur, nguwatké, lan ngekèki bantuan. Paulus menghargai banget bantuané meréka. Buktiné, ing suraté, dhèwèké kerep nyebutké jeneng-jenengé para sedulur kuwi. (Flp. 2:​25, 29, 30; Kol. 4:​10, 11) Saiki, wektu ana kesusahan, awaké dhéwé ya dibantu karo para sedulur. Terus mengko nèk meréka sing butuh bantuan, awaké dhéwé ya kudu siap mbantu.—Wacanen 2 Korintus 1:​3, 4.

13. Apa sing marakké Sedulur Maya terus setya?

13 Gatèkna pengalamané Sedulur Maya ing Rusia. Taun 2020, polisi ngglédhah omahé. Bar kuwi, dhèwèké diadili merga nyritakké kepercayaané. Maya crita, ”Sakjané wektu kuwi aku kesel banget, kuwatir, lan sedhih. Tapi para sedulur nélpon, nulis surat, lan ngomong nèk meréka sayang banget karo aku. Aku ngerti nèk para sedulur kuwi nganggep aku kaya keluarga lan meréka sayang karo aku. Tapi kèt peristiwa kuwi, aku dadi semakin yakin soal kuwi.”

14. Bèn isa éntuk manfaat saka dhukungané para sedulur, kudu piyé? (Deloken gambar.)

14 Bèn isa éntuk manfaat saka dhukungané para sedulur, tetepa cedhak karo meréka. Aja ragu-ragu njaluk tulung karo para pinituwa. Meréka kuwi kaya ’panggonan berlindung pas ana angin gedhé lan badai’. (Yés. 32:2) Terus, élinga nèk para sedulur ya ngadhepi kesulitan, makané bantunen meréka. Nèk melakukan kuwi, awaké dhéwé bakal tambah bahagia lan terus setya wektu ngadhepi kesulitan.—Kis. 20:35.

Pas musim semi, sedulur lanang lansia mau ngobrol karo suami istri lan loro anaké wédok ing njero omahé. Ing sebelahé ana tongkat lan beberapa botol obat. Salah siji anak wédok kuwi nggambar soal Firdaus, terus nduduhké gambar kuwi kanggo sedulur lansia mau.

Terusa cedhak karo para sedulur (Deloken paragraf 14)c


HARAPAN

15. Apa manfaaté harapan kanggo Yésus lan awaké dhéwé? Jelasna. (Ibrani 12:2)

15 Bèn umaté isa terus setya, Yéhuwah ngekèki harapan. (Rm. 15:13) Élinga nèk sing marakké Yésus isa terus setya pas masa-masa paling sulité ing bumi kuwi merga mikirké harapan. (Wacanen Ibrani 12:2.) Yésus ngerti nèk dhèwèké terus setya, mengko isa mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi salah. Yésus ya ngentèni banget wektuné isa kumpul manèh karo Bapaké ing swarga lan mengkoné mréntah bareng karo 144.000. Nèk terus mikirké harapan ing donya anyar, awaké dhéwé ya isa terus setya ngadhepi kesulitan apa waé ing donya saiki.

16. Apa manfaaté harapan kanggo Sedulur Anna, lan apa sing isa njenengan pelajari saka pengalamané?

16 Sedulur Anna saka Rusia wis ngrasakké dhéwé manfaaté mikirké harapan urip ing donya anyar. Bojoné Anna ditangkep lan ditahan. Anna crita, ”Selama masa-masa kuwi, aku kerep ndonga lan ngrenungké janjiné Yéhuwah soal masa depan. Kuwi marakké aku dadi ora terlalu cilik ati. Aku ngerti nèk kesulitan iki mesthi bakal berlalu. Yéhuwah bakal ngalahké mungsuh-mungsuhé lan bakal mberkahi umaté.”

17. Piyé carané mbuktèkké nèk menghargai banget harapan saka Yéhuwah? (Deloken gambar.)

17 Bèn isa éntuk manfaat saka harapan, sisihna wektu kanggo mikirké janjiné Yéhuwah ing masa depan. Bayangna njenengan ana ing donya anyar bareng karo kanca, keluarga, lan menikmati berkah saka Yéhuwah. Nèk ngrenungké kuwi, kesulitan sing lagi diadhepi saiki dadi krasa ”ora abot lan mung sedhéla”. (2 Kor. 4:17) Terus, pikirna soal wong-wong sing ora nglayani Yéhuwah. Meréka ngadhepi akèh kesulitan tapi ora ngerti nèk ana harapan. Makané, ngupayaa nyritani meréka soal harapan masa depan. Meskipun mungkin omong-omongané mung singkat, sapa ngerti meréka dadi tertarik péngin ngerti luwih akèh.

Pas musim gugur, sedulur lanang lansia mau lungguh ing njero omahé. Bar ndelok gambar Firdaus ing tablèté, dhèwèké mbayangké kuwi. Ing sampingé ana alat bantu jalan lan akèh botol obat.

Sisihna wektu kanggo ngrenungké soal harapan ing masa depan (Deloken paragraf 17)d


18. Ngapa kok janjiné Yéhuwah isa dipercaya?

18 Sakwisé terbukti setya bar ngalami akèh kesulitan, Ayub ngomong karo Yéhuwah, ”Saiki aku ngerti nèk Njenengan isa nindakké sak kabèhé lan rencanané Njenengan mesthi ora bakal gagal.” (Ayb. 42:2) Ayub dadi ngerti nèk Yéhuwah mesthi isa nepati janjiné. Ngerti soal kuwi ya isa nguwatké awaké dhéwé bèn terus setya. Pikirna perumpamaan iki: Ana wong wédok sing wis suwé lara lan wis berobat ing akèh dokter, tapi ora ana sing isa nambani. Akhiré dhèwèké dadi cilik ati. Bar kuwi, dhèwèké ketemu karo dokter sing berpengalaman lan isa dipercaya, sing ngerti penyakité lan carané nambani. Meskipun durung langsung mari, tapi dhèwèké mesthi lega merga nduwé harapan nèk bakalé mari. Padha kaya ngono, merga yakin banget nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal dadi kenyataan, awaké dhéwé ya isa terus setya.

19. Apa waé sing dibutuhké bèn isa terus setya?

19 Kaya sing wis dibahas, bèn umaté isa terus setya, Yéhuwah wis ngekèki persediaan yaiku donga, Alkitab, sedulur seiman, lan harapan. Nèk kabèh persediaan kuwi dimanfaatké tenanan, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé terus setya meskipun ngadhepi kesulitan.—Flp. 4:13.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok isa terus setya nèk ndonga lan mempelajari Alkitab?

  • Ngapa kok isa terus setya nèk bergaul karo para sedulur?

  • Ngapa kok isa terus setya nèk terus mikirké harapan?

LAGU 33 Pasrahna Kuwatirmu karo Yéhuwah

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang lansia terus setya karo Yéhuwah selama bertaun-taun.

c PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang lansia terus setya karo Yéhuwah selama bertaun-taun.

d PENJELASAN GAMBAR: Sedulur lanang lansia terus setya karo Yéhuwah selama bertaun-taun.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim