ARTIKEL PELAJARAN 35
LAGU 121 Kudu Terus Ngendhalèni Dhiri
Njenengan Mesthi Isa Nglawan Kepénginan sing Salah
”Aja nganti dosa nguwasani uripmu. Aja nuruti kepénginané badanmu sing isa mati.”—RM. 6:12.
INTI
Ngapa kok ora perlu ngrasa gagal merga kepénginan sing salah muncul manèh lan carané bèn isa nglawan kepénginan kuwi.
1. Apa sing lagi diadhepi kabèh wong?
APA njenengan tau nduwé kepénginan sing kuwat kanggo melakukan sesuatu padahal ngerti nèk kuwi salah? Nèk ngrasa kaya ngono, aja cilik ati. Menurut Alkitab, kuwi sakjané ”godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong”. (1 Kor. 10:13) Dadi ora mung njenengan thok, tapi ya ana akèh wong liyané sing lagi berjuang bèn ora nuruti kepénginan sing salah. Nèk dibantu Yéhuwah, njenengan mesthi isa berhasil.
2. Ora soal wis dibaptis utawa lagi sinau Alkitab, isa waé nduwé kepénginan apa? Kèkana contoné. (Deloken gambar.)
2 Menurut Alkitab, ”Saben wong . . . digodha karo kepénginané dhéwé.” (Yak. 1:14) Kuwi berarti, béda wong, godhaané ya béda. Misalé, ana sedulur sing kegodha kanggo melakukan hubungan sèks sing ora pantes karo lawan jenis, tapi sing liyané mungkin karo sesama jenis. Terus, ya ana sing kambuh péngin nonton pornografi manèh. Utawa, ya ana sing kambuh péngin mabuk-mabukan utawa nggunakké narkoba manèh. Ora soal wis dibaptis utawa lagi sinau Alkitab, kabèh isa waé berjuang nglawan kepénginan-kepénginan kaya ngono. Awaké dhéwé mungkin kaya Rasul Paulus sing ngomong, ”Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, sing ana ing njero awakku malah kepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk.”—Rm. 7:21.
Godhaan isa muncul ing endi waé lan kapan waé (Deloken paragraf 2)c
3. Nèk kepénginan sing salah kambuh terus, kuwi isa marakké wong dadi ngrasa piyé?
3 Nèk wis berjuang tapi kepénginan sing salah kuwi kambuh terus, isa waé suwé-suwé dadi ngrasa ora sanggup nglawan kuwi manèh. Terus ya isa waé dadi putus asa, merga mikir nèk wis nggawé Yéhuwah kecéwa. Aja nganti ngrasa kaya ngono. Élinga: (1) Sapa ta sakjané sing péngin njenengan ngrasa kaya ngono? (2) Apa ana cara bèn isa berhasil nglawan kepénginan sing salah? Kuwi sing bakal dibahas ing artikel iki.
SÉTAN PÉNGIN UMATÉ YÉHUWAH MIKIR APA?
4. (a) Ngapa kok Sétan mikir nèk awaké dhéwé ora bakal sanggup nglawan kepénginan sing salah? (b) Ngapa kok awaké dhéwé yakin nèk mesthi sanggup nglawan kepénginan sing salah?
4 Sétan péngin umaté Yéhuwah mikir nèk meréka ora sanggup nglawan wektu digodha. Yésus ngerti soal kuwi, makané dhèwèké ngongkon murid-muridé ndonga, ”Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis.” (Mat. 6:13) Menurut Sétan, manungsa ora bakal manut karo Yéhuwah wektu digodha. (Ayb. 2:4, 5) Nah, Sétan isa mikir kaya ngono soalé dhèwèké dhéwé ora setya karo Yéhuwah merga nuruti kepénginané sing salah. Parahé, dhèwèké ya mikir nèk kabèh wong bakal kaya dhèwèké, termasuk Yésus. (Mat. 4:8, 9) Tapi, awaké dhéwé sakjané sanggup nglawan kepénginan sing salah. Rasul Paulus tau nulis, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”—Flp. 4:13.
5. Apa buktiné nèk Yéhuwah yakin umaté mesthi isa nglawan kepénginan sing salah?
5 Ora kaya Sétan, Yéhuwah yakin banget nèk umaté mesthi isa nglawan kepénginan sing salah. Apa buktiné? Yéhuwah wis ngramalké nèk bakal ana kumpulan gedhé wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé. Kuwi berarti, sing bakal terus setya karo Yéhuwah ora mung sithik. Yéhuwah, sing ora isa ngapusi, ya ngomong nèk meréka ”nganggo jubah putih”, sing maksudé Yéhuwah nganggep meréka resik. (Why. 7:9, 13, 14) Jelas nèk Yéhuwah ora tau nganggep umaté gampang nyerah wektu digodha.
6-7. Ngapa kok Sétan péngin umaté Yéhuwah ngrasa ora nduwé harapan?
6 Sétan ya berupaya nggawé umaté Yéhuwah mikir nèk meréka ora pantes nampa harapan urip saklawasé merga nduwé kepénginan sing salah. Tapi sakjané, sing dianggep Yéhuwah ora pantes kanggo urip saklawasé kuwi Sétan. (PD. 3:15; Why. 20:10) Dadi wektu ndelok umaté Yéhuwah nduwé harapan urip saklawasé, Sétan mesthi ora seneng lan mèri. Dhèwèké ngupaya mati-matian nggawé umaté Yéhuwah ngrasa ora nduwé harapan. Tapi sakjané, meréka nduwé harapan. Ing Alkitab ana jaminan nèk Yéhuwah bahkan gelem mbantu umaté bèn isa urip saklawasé. Yéhuwah ”ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat”.—2 Ptr. 3:9.
7 Dadi kudu ngati-ati, nèk mikir ora sanggup utawa ngrasa ora nduwé harapan, kuwi sakjané berarti awaké dhéwé nduwé pikirané Sétan. Nèk memahami soal kuwi, awaké dhéwé bakal dadi luwih bertékad bèn aja nganti nduwé pikiran-pikiran kaya ngono.—1 Ptr. 5:8, 9.
MERGA DOSA WARISAN, UMATÉ YÉHUWAH ISA WAÉ DADI MIKIR APA?
8. Ing Alkitab, kata ”dosa” maksudé isa apa waé? (Mazmur 51:5) (Deloken ”Keterangan”.)
8 Sakliyané merga pengaruhé Sétan, dosa sing diwariské saka Adam lan Hawa ya isa marakké umaté Yéhuwah dadi mikir nèk ora sanggup utawa ora nduwé harapan wektu nglawan kepénginan sing salah.a—Ayb. 14:4; wacanen Mazmur 51:5.
9-10. (a) Dosa marakké Adam lan Hawa dadi ngrasa apa? (Deloken gambar.) (b) Dosa marakké awaké dhéwé dadi ngrasa apa?
9 Coba pikirna sing dilakukan Adam lan Hawa sakwisé nggawé dosa. Meréka langsung ndhelik lan ngupaya nutupi badané. Dosa marakké meréka ngrasa bersalah, wedi, lan isin. Adam lan Hawa ora bakal isa akrab manèh karo Yéhuwah. Ora soal apa sing dilakukan, perasaan-perasaan kuwi mau bakal terus ana merga meréka wis ora sempurna.
10 Tapi bersyukuré, ora kaya Adam karo Hawa, awaké dhéwé dikèki tebusan sing isa marakké awaké dhéwé diampuni lan akrab karo Yéhuwah. (1 Kor. 6:11) Tapi mémang, merga wis mewarisi dosa, awaké dhéwé isa ngrasa bersalah, wedi, lan isin. Malah ing Alkitab disebutké nèk dosa kuwi pengaruhé gedhé banget kanggo kabèh wong, termasuk ”wong-wong sing ora nindakké dosa kaya Adam”. (Rm. 5:14) Tapi, meskipun nduwé dosa warisan, kuwi ora berarti dadi ora sanggup nglawan kepénginan sing salah utawa ora nduwé harapan manèh. Isih ana sing isa diupayakké.
Dosa marakké Adam lan Hawa ngrasa bersalah, wedi, lan isin (Deloken paragraf 9)
11. Meskipun kadhang rasané ora sanggup nglawan kepénginan sing salah, menurut Roma 6:12, apa sing selalu isa dilakukan?
11 Merga ora sempurna, kadhang rasané ora sanggup nglawan kepénginan sing salah. Seolah-olah, ing ati ana sing ngongkon bèn nyerah lan kepénginan kuwi dituruti waé. Tapi aja dituruti. Menurut Alkitab, awaké dhéwé isa ngupaya bèn ”aja nganti dosa nguwasani”. (Wacanen Roma 6:12.) Kuwi berarti, awaké dhéwé isa milih nolak kepénginan sing salah. (Gal. 5:16) Yéhuwah yakin umaté mesthi isa nglawan godhaan. Nèk ora, ora mungkin ta Dhèwèké ngongkon meréka ngono? (PT. 30:11-14; Rm. 6:6; 1 Tés. 4:3) Dadi jelas, umaté Yéhuwah mesthi sanggup nglawan kepénginan sing salah.
12. Wektu ngrasa ora nduwé harapan, aja nganti mikir piyé, lan ngapa?
12 Padha kaya ngono, wektu ngrasa ora nduwé harapan, seolah-olah ing ati kaya ana sing ngomong nèk awaké dhéwé ora pantes nampa urip saklawasé merga nduwé kepénginan sing salah. Tapi aja nganti mikir ngono. Soalé menurut Alkitab, Yéhuwah ”ngerti kabèh” soal awaké dhéwé, termasuk nèk awaké dhéwé nduwé dosa warisan. Dosa warisan kuwi marakké awaké dhéwé dadi gampang kegodha kanggo nglakoni sing salah. (Mzm. 103:13, 14; 1 Yoh. 3:19, 20) Dadi, selama gelem berjuang bèn aja nganti nuruti kepénginan sing salah kuwi, Yéhuwah nganggep awaké dhéwé resik. Ngertiné saka endi?
13-14. Nèk umaté isih nduwé kepénginan sing salah, apa kuwi berarti Yéhuwah nganggep meréka gagal? Jelasna.
13 Menurut Alkitab, ana bédané antarané nduwé kepénginan sing salah karo nuruti kepénginan kuwi. Kepénginan sing salah isa waé tiba-tiba muncul, tapi awaké dhéwé isa milih arep nuruti apa ora kepénginan kuwi. Contoné, beberapa sedulur ing jemaat Korintus mbiyèné homosèks. Paulus nulis, ”Mbiyèn, ing antaramu ana sing nindakké kuwi.” Apa kuwi berarti saiki kepénginan kuwi babar blas ora bakal muncul manèh? Kétoké ora mungkin, soalé biasané kepénginan kaya ngono kuwi wis berurat berakar. Tapi, selama meréka gelem ngendhalèni dhiri lan ora nuruti kepénginan sing salah kuwi, Yéhuwah tetep nganggep meréka ”resik”.—1 Kor. 6:9-11.
14 Saiki ya ngono. Njenengan mesthi isa berhasil nglawan kepénginan salah apa waé. Meskipun saiki kepénginan kuwi ora isa babar blas diilangké, njenengan isih isa ngendhalèni dhiri bèn aja nganti ’tumindak menurut kepénginan lan pikiran sing salah’. (Éf. 2:3) Nah, piyé carané bèn isa berhasil?
PIYÉ BÈN ISA BERHASIL NGLAWAN KEPÉNGINAN SING SALAH?
15. Bèn isa berhasil nglawan kepénginan sing salah, aja nganti piyé, lan ngapa?
15 Bèn isa berhasil nglawan kepénginan sing salah, kudu ngerti kelemahané sik lan aja nganti nduwé ”pikiran sing salah”. (Yak. 1:22) Misalé nèk masalahé kecanduan alkohol, isa waé dadi nganggep nèk ngombé kuwi ora apa-apa, soalé ana wong liya sing ngombéné luwih akèh. Terus nèk sing masalahé kecanduan pornografi, mungkin dadi nyalahké wong liya misalé bojoné, alesané merga rumangsa ora digatèkké. Pikiran kaya ngono isa marakké dadi luwih gampang kegodha. Makané, aja nggolèk-nggolèk alesan kanggo melakukan sing salah. Nèk nganti berbuat salah, kuwi kesalahané njenengan dhéwé.—Gal. 6:7.
16. Apa sing isa dilakukan kanggo nguwatké tékad bèn ora nyerah wektu ana godhaan?
16 Sakliyané kuwi, njenengan ya kudu luwih nguwatké tékad bèn ora nyerah wektu ana godhaan. (1 Kor. 9:26, 27; 1 Tés. 4:4; 1 Ptr. 1:15, 16) Pikirna, njenengan luwih gampang kegodha soal apa lan pas apa. Misalé mungkin dadi luwih gampang kegodha pas lagi kesel utawa pas wis bengi. Bar kuwi, gawéa persiapan sakdurungé godhaan kuwi muncul. Misalé, mikirké apa sing arep dilakukan kanggo nolak godhaan kuwi.—WB. 22:3.
17. Apa sing isa dipelajari saka contoné Yusuf? (Purwaning Dumadi 39:7-9) (Deloken gambar.)
17 Gatèkna piyé tanggepané Yusuf wektu dirayu bojoné Potifar. Wektu kuwi, dhèwèké isa langsung tegas nolak. (Wacanen Purwaning Dumadi 39:7-9.) Yusuf isa langsung nolak merga bahkan sakdurungé dirayu bojoné Potifar, dhèwèké wis bertékad arep melakukan sing bener. Padha kaya ngono, bèn luwih gampang kanggo langsung nolak godhaan, bahkan sakdurungé godhaan kuwi muncul, kudu nduwé tékad sing kuwat sik kanggo melakukan sing bener.
Kaya Yusuf, nèk ana godhaan, langsung ditolak (Deloken paragraf 17)
”KUDU TERUS MRIKSA”
18. Piyé bèn isa berhasil nglawan kepénginan sing salah? (2 Korintus 13:5)
18 Wacanen 2 Korintus 13:5. Bèn isa berhasil nglawan kepénginan sing salah, ya kudu terus mastèkké pikiran lan perbuatan. Nèk misalé ana sing kudu disesuaikké, ya upayakna kuwi. Misalé, bahkan sakwisé berhasil nolak godhaan tertentu, pikirna manèh, ’Pas ana godhaan kuwi, aku isih mikir-mikir sik apa isa langsung cepet nolak?’ Nèk ternyata ora langsung nolak, aja menyalahkan diri. Tapi, pikirna apa sing isa diupayakké manèh bèn isa luwih cepet nolak. Mungkin isa ngrenungké, ’Nèk ngerti-ngerti mulai mikirké sing ora nggenah, isa ora kuwi langsung tak singkirké? Apa pilihan hiburanku marakké aku dadi luwih angèl kanggo nolak godhaan? Nèk ngerti-ngerti ana adegan sing saru-saru, apa aku isa langsung nolak utawa malah tak deloki? Apa aku ngakoni nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling apik meskipun bèn isa ngetrapké kuwi aku kudu berjuang tenanan?’—Mzm. 101:3.
19. Jelasna ngapa kok kesalahan sing cilik isa marakké dadi luwih angèl kanggo nolak kepénginan sing salah.
19 Terus, nèk jebulé ana pikiran utawa perbuatan sing ora bener, aja nggolèk-nggolèk alesan lan nganggep kuwi ora apa-apa. Menurut Alkitab, ”Ati luwih licik timbang apa waé lan nékad.” (Yér. 17:9) Yésus ya ngomong nèk ”saka ati metu kabèh pikiran jahat”. (Mat. 15:19) Misalé, wong sing wis suwé mandheg nonton pornografi. Wektu ndelok gambar-gambar sing marakké nafsu, isa waé dadi mikir, ’Sing penting kan iki dudu gambaré wong wuda.’ Utawa isa waé mikir, ’Kan aku mung mbayangké thok, sing penting ora tak lakukan.’ Nèk mikir kaya ngono, kuwi sakjané ngejarké ati sing licik ”nggawé rencana kanggo nindakké kepénginan sing salah”. (Rm. 13:14) Nah, bèn aja nganti kaya ngono, kudu ngati-ati lan aja nganti nggawé kesalahan-kesalahan cilik sing isa ngarah ing dosa gedhé.b Terus, ya aja nganti nduwé ”pikiran sing salah” sing nganggep nèk perbuatan sing salah kuwi ora apa-apa.
20. Ana harapan apa ing masa depan, lan saiki ana bantuan apa?
20 Kaya sing wis dibahas, merga dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé sanggup nglawan kepénginan sing salah. Terus merga korban tebusan, ana harapan urip saklawasé. Rasané mesthi lega banget sukmbèn isa nglayani Yéhuwah tanpa kudu nglawan kepénginan sing salah. Tapi saiki, wektu isih kudu berjuang nglawan kepénginan sing salah, aja nganti mikir nèk ora sanggup utawa ora nduwé harapan. Nèk dibantu Yéhuwah, mesthi isa berhasil.
LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi
a KETERANGAN: Menurut Alkitab, wong disebut ”berdosa” nèk dhèwèké melakukan perbuatan salah, misalé nyolong, laku jina, utawa matèni wong. (Pa. 20:13-15; 1 Kor. 6:18) Tapi ing beberapa ayat, kata ”dosa” kuwi maksudé ketidaksempurnaan sing diwarisi saka Adam lan Hawa. Dadi, bahkan kèt lair, meskipun durung melakukan perbuatan salah, wong ya wis disebut berdosa.
b Gatèkna nèk cah lanang sing dicritakké ing Wulang Bebasan 7:7-23 nggawé beberapa kesalahan cilik sing akhiré marakké dhèwèké nggawé dosa gedhé, yaiku hubungan sèks sing ora pantes.
c PENJELASAN GAMBAR: Kiwa: Pas ing kafé, sedulur lanang enom ndeloki wong lanang loro lagi bermesraan. Tengen: Sedulur wédok ndelok wong loro lagi ngrokok.