PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 Maret hlm. 3-4
  • Apa Kedadéan Kuwi Ana Tenan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Kedadéan Kuwi Ana Tenan?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • BUKTINÉ
  • PIYÉ BAB YÉSUS SING DIURIPKÉ MANÈH?
  • Harapan sing Pasti kanggo Wong Mati
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ”Kula Gadhah Pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 Maret hlm. 3-4
Wektu jenasahé Yésus didhukké saka cagak, para muridé ndelok saka kadohan

SING UTAMA DIREMBUG | APA SEBABÉ YÉSUS SENGSARA LAN SÉDA?

Apa Kedadéan Kuwi Ana Tenan?

Sasi Maret-April 33 M, Yésus, wong Nasarèt, dipatèni. Yésus difitnah, digebuki, lan dipaku ing cagak. Yésus ngalami sengsara sakdurungé séda. Ning, Yésus diuripké manèh karo Gusti Allah, banjur 40 dina sakwisé munggah swarga.

Kedadéan sing penting iki isa diwaca ing kitab Injil sing cacahé papat ing Kitab Yunani Kristen, utawa Perjanjian Anyar. Apa kedadéan kuwi ana tenan? Pitakonan kuwi cocog lan penting. Nèk ora ana tenan, imané wong Kristen ora ana gunané, lan pengarep-arep kanggo urip ing Pirdus ora bakal kelakon. (1 Korinta 15:14) Ning, nèk ana tenan, kuwi bakal ngekèki urip sing nyenengké kanggo manungsa mbésuk, lan kuwi isa diwartakké. Dadi, kedadéan ing Injil kuwi ana tenan apa ora?

BUKTINÉ

Ora kaya dongèng, kedadéan ing kitab Injil dicritakké kanthi cetha lan tliti. Contoné, nyebutké jeneng panggonan sing ana tenan, sing saiki isih isa diparani. Wong sing disebutké pancèn ana lan disebutké para ahli sejarah.​—Lukas 3:1, 2, 23.

Para penulis sejarah ing abad kapisan lan kapindho, uga nulis bab Yésus.a Ing kitab Injil, carané Yésus séda padha karo carané wong Rum ngukum penjahat ing jaman kuwi. Kedadéan-kedadéan sing ditulis pancèn nyata lan ora ngapusi, klebu nyritakké kesalahané para muridé Yésus. (Matéus 26:56; Lukas 22:24-26; Yokanan 18:10, 11) Kabèh bukti mau nduduhké nèk para penulis Injil kuwi jujur lan tliti, wektu nulis bab Yésus.

PIYÉ BAB YÉSUS SING DIURIPKÉ MANÈH?

Senajan umumé wong-wong gelem nampa nèk Yésus urip banjur séda, ning ana sing ora percaya nèk dhèwèké diuripké manèh. Malah, wektu ana lapuran bab kuwi, para rasulé ora langsung percaya. (Lukas 24:11) Ning, akhiré para rasul lan murid liyané percaya merga weruh Yésus sing wis diuripké manèh ing wektu sing béda-béda. Malah, tau ana luwih saka wong 500 sing bareng-bareng weruh Yésus.​—1 Korinta 15:6.

Para muridé wani martakké nèk Yésus wis diuripké manèh, marang kabèh wong, klebu sing mèlu matèni Yésus. Padhahal kuwi bahaya, merga isa dicekel lan dipatèni. (Lelakoné Para Rasul 4:1-3, 10, 19, 20; 5:27-32) Apa mungkin para muridé wani martakké, nèk ora yakin tenan Yésus diuripké manèh? Sakjané, berita bab Yésus sing diuripké manèh kuwi, malah isa ngekèki kekuwatan kanggo nyemangati wong Kristen saka wektu kuwi nganti saiki.

Sing ditulis ing Injil bab Yésus sing mati lan diuripké manèh, isa dibuktèkké ing sejarah donya sing diakoni wong akèh. Nèk tenanan maca kitab-kitab Injil kuwi, panjenengan isa ngrasakké nèk kabèh kedadéan mau pancèn ana tenan. Iman panjenengan bakal saya kuwat, nèk ngerti alesané ana kedadéan kuwi. Kuwi bakal dirembug ing kaca sakbanjuré.

a Contoné, Tacitus, sing lair kira-kira taun 55 M. Dhèwèké nulis nèk ”Kristus, asalé jeneng [Kristen], diukum mati karo Gubernur Pontius Pilatus, wektu pamréntahané Tibérius”. Yésus uga disebutké karo Suetonius (abad kapisan); ahli sejarah Yahudi Yosefus (abad kapisan); lan Pliny Enom, gubernur Bitinia (wiwitané abad kapindho).

Apa Sebabé Ora Ana Luwih Akèh Bukti Sejarah?

Merga Yésus wis ngekèki pengaruh gedhé ing donya iki, apa perlu nggolèk bukti manèh sing dudu saka Alkitab? Ora. Injil ditulis kira-kira mèh 2.000 taun kepungkur. Buku-buku liyané sing ditulis ing jaman kuwi isih ana nganti saiki. (1 Pétrus 1:24, 25) Wong-wong sing ora seneng karo Yésus uga nulis apa waé, kanggo ngalang-alangi wong bèn ora percaya karo crita bab Yésus.

Rasulé Yésus sing jenengé Pétrus, nerangké bab Yésus sing diuripké manèh, ”Ing tigang dintenipun Gusti Yésus punika dipun wungokaken déning Gusti Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal, boten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng para seksi, ingkang sadèrèngipun sampun tinuding déning Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndhèrèk nedha lan ngombé kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.” (Lelakoné Para Rasul 10:40, 41) Kok ora karo kabèh bangsa? Injil Matéus kandha, wektu ngerti nèk Yésus diuripké manèh, para pemimpin agama sing mungsuhi Yésus ora ngéntukké wong-wong crita bab kuwi.​—Matéus 28:11-15.

Apa Yésus péngin berita kuwi dadi rahasia? Ora. Pétrus kandha, ”Punapadéné Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi déning Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.” Kuwi sing wis lan lagi ditindakké wong Kristen sejati.​—Lelakoné Para Rasul 10:42.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim