PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w16 April hlm. 27-30
  • Mbiyèn Suster Katolik, Saiki Sedulur Seiman

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mbiyèn Suster Katolik, Saiki Sedulur Seiman
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Subjudhul
  • BUKU SING MARAHI PADU
  • AKHIRÉ RUKUN MERGA ALKITAB
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
w16 April hlm. 27-30
Felisa karo adhiné wédok loro, sing loro nganggo klambi suster lan sing siji nganggo kudhung putih

PENGALAMAN

Mbiyèn Suster Katolik, Saiki Sedulur Seiman

Dicritakké karo Felisa lan Araceli Fernández

MBIYÈN, adhiku wédok Araceli nesu lan mbengok, ”Aja ngomongké agamamu manèh karo aku. Kuwi marahi aku édan. Aku sengit karo kowé!” Omongané kuwi marahi aku kelara-lara, lan aku isih kèlingan nganti saiki, senajan umurku wis 91. Ning, kaya kandhané Kohèlèt 7:8, ”Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitané.”—Felisa.

Felisa: Aku manggon karo keluarga sing sedherhana ing Spanyol. Keluargaku Katolik lan fanatik. Ana wong 13 ing keluargaku sing dadi imam Katolik lan kerja ing geréja. Seduluré ibuku imam lan guru ing sekolahan Katolik. Bar dhèwèké mati, Paus Yohanes Paulus II ngekèki penghargaan dadi wong suci. Bapakku tukang nggawé barang saka wesi, lan ibuku nyambut gawé ing kebon. Aku anak mbarep lan adhiku pitu.

Wektu umurku 12, ana perang ing Spanyol. Bar perang, bapakku dipenjara merga pamréntah ora seneng karo pikirané bapakku bab politik. Ibuku dadi rekasa nggolèkké pangan anak-anaké, mula adhiku wédok sing cacahé telu, yaiku Araceli, Lauri, lan Ramoni, dikon dadi suster Katolik ing susteran ing kutha Bilbao, bèn isa tetep mangan.

Araceli: Wektu kuwi umurku 14, Lauri 12, lan Ramoni 10. Aku lan adhi-adhiku kangen omah. Ing susteran, nyambut gawéné mung resik-resik. Rong taun bar kuwi, aku lan adhi-adhiku dipindhah ing susteran sing gedhé ing Zaragoza, kanggo ngopèni wong-wong sing wis tuwa. Gawéané ngresiki pawon, lan kuwi marahi kesel banget.

Felisa: Wektu adhi-adhiku pindhah ing Zaragoza, ibuku lan paklikku sing dadi imam ngongkon aku uga dadi suster ing kana, bèn adoh karo wong lanang sing nyenengi aku. Aku péngin mlebu susteran merga nresnani Gusti Allah. Saben dina aku lunga geréja. Aku uga péngin dadi utusan injil Katolik kaya sedulurku ing Afrika.

Susteran ing Zaragoza, Spanyol lan Terjemahan Alkitab Nácar-Colunga

Susteran ing Zaragoza, Spanyol (kiwa) Terjemahan Alkitab Nácar-Colunga (tengen)

Ning, ing susteran aku ora isa nindakké sing tak péngini. Para suster ing kono ora ngekèki aku semangat ngabdi marang Gusti Allah ing negara liya, kaya sing tak péngini. Setaun bar kuwi, aku mulih ngomah lan ngopèni paklikku, sing dadi imam. Aku mbantu gawéan omah, lan karo dhèwèké ndonga Rosario saben soré. Aku nata kembang ing geréja, lan ngekèki hiasan patungé Maryam lan para ”santo”.

Araceli: Ing Zaragoza, aku nggawé sumpah suster sing sepisanan. Aku dipisahké karo adhi-adhiku. Aku dipindhah ing susteran ing Madrid, Lauri ing Valencia, lan Ramoni tetep ing Zaragoza. Aku nggawé sumpah suster sing kepindho ing Madrid. Akèh wong, kaya cah sekolah lan wong sing wis tuwa, teka kanggo manggon ing susteran. Dadi, akèh gawéan ing kono. Aku kerja ing rumah sakit susteran.

Aku péngin banget dadi suster, merga mbayangké nèk isa terus maca lan sinau Alkitab. Ning, aku gela banget merga ora ana sing nggunakké Alkitab, utawa ngrembug bab Gusti Allah utawa Yésus. Aku sinau basa Latin, sinau sejarahé para ”santo,” lan nyembah Maryam. Ing kono, wektuku entèk merga gawéanku abot banget.

Aku mulai strès lan kuwatir. Aku rumangsa kuduné nggolèk dhuwit kanggo keluargaku, timbang kerja ing susteran lan nggawé sugih wong-wong. Mula, aku kandha karo suster sing mimpin ing kono nèk aku péngin mulih ing keluargaku. Ning, aku malah dikurung ing kamar. Dhèwèké mikir nèk kuwi bakal nggawé aku ora sida mulih.

Aku ditokké saka kamar kuwi. Ning, wektu ngerti nèk aku péngin metu, aku dikurung manèh ing kamar. Bar dikurung ping telu, aku éntuk metu saka susteran nèk gelem nulis, ”Aku metu merga péngin ngabdi marang Iblis, dudu marang Gusti Allah.” Aku kagèt banget. Aku péngin metu, ning ora arep nulis kaya ngono. Akhiré, aku ngomong nèk péngin ketemu imam lan crita bab kuwi. Imam kuwi éntuk ijin saka uskup kanggo mindhah aku bali ing susteran ing Zaragoza. Pirang-pirang sasi bar kuwi, aku éntuk metu. Ora let suwé, Lauri lan Ramoni uga metu.

BUKU SING MARAHI PADU

Felisa wektu isih enom lan saiki

Felisa

Felisa: Akhiré aku nduwé bojo lan manggon ing Cantabria, Spanyol. Aku ajeg lunga geréja. Wis tau dina Minggu ing geréja, ana imam nduduhké buku Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal. Dhèwèké nesu karo mbengok, ”Deloken buku iki! Nèk ana sing ngekèki buku iki, dibuwang waé bukuné.”

Aku ora nduwé buku kuwi, ning aku péngin nduwé. Pirang-pirang dina sakwisé, ana wong wédok loro mara ing omahku. Wong-wong kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah lan ngekèki aku buku mau. Tak waca wengi kuwi. Wektu mara manèh, wong-wong wédok mau nawani aku sinau Alkitab, lan aku gelem.

Buku Kebenaran yang Membimbing kepada Kehidupan Abadi basa Spanyol

Buku Kebenaran

Aku péngin nyenengké Gusti Allah, mula aku sinau sing bener bab Yéhuwah. Aku mulai nresnani, lan péngin ngandhani wong liya bab Yéhuwah. Aku dibaptis taun 1973. Aku terus ngupaya nginjil karo keluargaku. Ning keluargaku, utamané Araceli, kandha nèk agamaku salah.

Araceli: Merga aku disiya-siya ing susteran, aku nesu lan ora seneng karo agamaku. Ning, aku ajeg lunga geréja saben dina Minggu, lan ndonga Rosario saben dina. Aku isih péngin ngerti bab Alkitab lan njaluk bantuané Gusti Allah. Felisa semangat ngandhani aku bab sing disinaoni, ning tak anggep dhèwèké édan. Aku ora setuju karo omongané.

Araceli wektu enom lan saiki

Araceli

Banjur, aku kerja ing Madrid lan nduwé bojo. Pirang-pirang taun sakwisé, aku nggatèkké nèk wong-wong sing ajeg lunga geréja ora ngetrapké ajarané Yésus. Dadi, aku ora lunga geréja manèh. Aku ora percaya manèh karo ”para santo” utawa neraka. Aku ora percaya nèk imam isa ngapura wong salah. Patung-patung kanggo ibadah tak buwang. Aku ora ngerti tumindakku kuwi bener apa ora. Aku gela, ning tetep ndonga marang Gusti Allah, ”Aku péngin kenal karo Panjenengan. Tulungi aku!” Seksi-Seksi Yéhuwah kadhang kala mara ing omahku, ning ora tau tak bukaki lawang. Aku wis ora percaya agama manèh.

Lauri manggon ing Prancis, lan Ramoni ing Spanyol. Lauri lan Ramoni sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah kira-kira taun 1980. Wong loro mau tak anggep kaya Felisa, ora ngerti nèk sing disinaoni kuwi salah. Banjur, aku kenal karo tanggaku sing jenengé Angelines. Dhèwèké uga Seksi-Seksi Yéhuwah lan dadi kanca akrabku. Angelines lan bojoné bola-bali ngejak aku sinau Alkitab, merga mikir nèk senajan aku ora perduli karo agama, aku péngin ngerti bab Alkitab. Akhiré, aku kandha, ”Ya wis. Aku gelem sinau nèk nganggo Alkitabku dhéwé.” Aku nganggo terjemahan Alkitab Nácar-Colunga.

AKHIRÉ RUKUN MERGA ALKITAB

Felisa: Wektu aku dibaptis taun 1973, mung ana kira-kira 70 Seksi Yéhuwah ing Santander, ibukotané Cantabria. Ing dhaérah kuwi, aku lan para sedulur nginjil ing atusan désa sing adoh numpak bis lan mobil.

Pirang-pirang taun, aku mulang Alkitab, lan 11 sing dibaptis. Akèh-akèhé mbiyèn agamané Katolik. Aku kudu sabar merga wong-wong kuwi butuh wektu kanggo ngerti nèk agamané salah, kaya aku mbiyèn. Aku ngerti nèk mung Alkitab lan roh suciné Yéhuwah, sing isa ngowahi pikirané wong bèn ngerti sing bener bab Gusti Allah. (Ibrani 4:12) Bojoku, yaiku Bienvenido, sing mbiyèn polisi, dibaptis taun 1979. Ibuku mulai sinau Alkitab ora suwé sakdurungé mati.

Araceli: Wektu sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, aku rumangsa nèk ora isa percaya sing disinaoni. Ning saya suwé, aku ora rumangsa kaya ngono manèh. Seksi-Seksi Yéhuwah ora mung mulang Alkitab, ning uga ngetrapké ajarané. Imanku marang Yéhuwah lan Alkitab saya suwé saya kuwat, lan uripku luwih seneng. Tangga-tanggaku nggatèkké nèk aku wis ora kaya mbiyèn manèh, banjur kandha, ”Araceli, terus tindakna agamamu!”

Aku éling dongaku, ”Maturnuwun, Yéhuwah, merga terus sabar karo aku, lan ngekèki aku kesempatan kanggo ngerti sing bener bab Alkitab.” Aku uga njaluk ngapura karo Felisa, merga wis ngomong kasar karo dhèwèké. Kèt wektu kuwi, aku lan dhèwèké ora tau padu manèh, malah seneng ngrembug Alkitab bareng. Aku dibaptis taun 1989, wektu umurku 61.

Felisa: Umurku saiki 91. Bojoku wis mati, lan keséhatanku wis ora kaya mbiyèn manèh. Ning, aku terus maca Alkitab saben dina, teka ing pakumpulan ibadah, lan nginjil sak isaku.

Araceli: Aku seneng crita bab Yéhuwah karo imam lan suster sing tak temoni, mbokmenawa merga aku wis tau dadi suster. Aku isa ngrembug Alkitab karo wong-wong kuwi, lan akèh sing njupuk buku lan majalah. Aku wis tau ping bola-bali omongan karo salah sijiné imam. Dhèwèké setuju karo omonganku, ning banjur kandha, ”Aku wis tuwa ki. Piyé mengko tanggepané parokiku lan keluargaku? Aku njawab, ”Ning, piyé tanggepané Gusti Allah?” Dhèwèké ngerti nèk omonganku bener, lan dhèwèké kétok sedhih. Ning, dhèwèké ora wani nggawé keputusan.

Aku uga kèlingan wektu bojoku kandha nèk péngin teka ing pakumpulan ibadah bareng aku. Umuré wis 80 taun luwih wektu teka sepisanan ing pakumpulan ibadah. Bar kuwi, dhèwèké ajeg teka. Dhèwèké sinau Alkitab lan mulai nginjil. Ana akèh pengalaman nginjil bareng bojoku. Bojoku mati rong sasi sakdurungé dhèwèké dibaptis.

Felisa: Wektu aku dadi Seksi Yéhuwah, adhi-adhiku sing cacahé telu ngalang-alangi aku. Ning bar kuwi, wong telu mau ya dadi Seksi Yéhuwah. Kuwi jan pengalaman sing nyenengké tenan. Bar kuwi, aku lan adhi-adhiku isa kumpul bareng lan ngobrol bab Yéhuwah lan Alkitab. Akhiré, kabèh ngibadah marang Yéhuwah.a

a Umuré Araceli 87, Felisa 91, lan Ramoni 83. Wong telu mau isih setya ngabdi marang Yéhuwah nganti saiki. Lauri terus setya nganti mati taun 1990.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim