Apa Gawéan Nginjilmu Kaya Embun?
GAWÉAN nginjil kuwi penting lan aji. Ning, ora kabèh wong sing dikabari ngerti bab kuwi. Senajan péngin ngerti isiné Alkitab, wong-wong ora rumangsa perlu sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.
Contoné, Gavin, sing teka ing Balé Ibadah, ning ora gelem sinau Alkitab. Gavin kandha nèk dhèwèké mung ngerti sithik bab Alkitab, lan dhèwèké isin nèk wong liya ngerti. Gavin wedi nèk dijak ganti agama, lan dhèwèké ora péngin dianggep bodho. Nurut panjenengan piyé? Apa isa mbantu Gavin? Pikiren paédahé piwulangé Alkitab kanggo sing sinau. Yéhuwah kandha marang bangsa Israèl, ”Tembungku tètèsa kaya ebun, kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi.” (Pangandharing Torèt 31:19, 30; 32:2) Ayo bandhingna embun karo gawéan nginjil, bèn awaké dhéwé isa luwih trampil mbantu wong-wong.—1 Timotéus 2:3, 4.
APA SEBABÉ GAWÉAN NGINJIL KAYA EMBUN?
Embun kuwi lembut. Embun asalé saka uab banyu ing awang-awang, sing nètès dadi banyu. Kok isa sabdané Yéhuwah nètès ”kaya ebun”? Yéhuwah kandha karo umaté nganggo cara sing apik, alus, lan gatèkan. Awaké dhéwé isa niru Yéhuwah wektu ngajèni agama, alesan, lan keputusané wong liya. Nèk awaké dhéwé gatèkan, wong sing dikabari mesthi gelem ngrungokké lan nampa sinau Alkitab, lan gawéan nginjil dadi ana hasilé.
Embun kuwi nyegerké. Kuwi isa nyegerké nèk awaké dhéwé nggunakké cara sing béda-béda wektu nginjil. Chris, sedulur lanang sing sepisanan nawani Gavin sinau Alkitab, ora meksa bèn Gavin gelem sinau. Chris nggolèk cara liya bèn Gavin seneng sinau Alkitab. Chris ngomong karo Gavin nèk ana bab penting sing ditulis ing Alkitab, sing isa nggawé Gavin luwih ngerti sing dirembug ing pakumpulan ibadah. Bar kuwi, Chris nerangké nèk ramalané Alkitab nggawé dhèwèké percaya nèk Alkitab kuwi bener. Hasilé, Chris lan Gavin ngrembug bab ramalan-ramalan sing wis kedadéan. Rembugan kuwi nyenengké Gavin, lan akhiré dhèwèké gelem sinau Alkitab.
Embun kuwi penting kanggo urip. Wektu musim panas, ora ana udan nganti pirang-pirang sasi ing Israèl. Nèk ora ana embun, tanduran dadi garing lan mati. Yéhuwah ngramalké nèk jaman saiki kuwi kaya musim panas, maksudé wong-wong bakal ngelak ”marang pangandikané Pangéran Yéhuwah”. (Amos 8:11) Yéhuwah janji karo wong sing dipilih munggah swarga, nèk wong-wong kuwi bakal ”kaya ebun saka Sang Yéhuwah” merga nginjil karo ”wedhus-wedhus liyané”. (Mikha 5:7; Yokanan 10:16) Kabar apik sing diwartakké kuwi berkah saka Yéhuwah kanggo wong-wong sing tulus péngin ngerti Alkitab, bèn isa urip saklawasé. Apa awaké dhéwé ngajèni kabar apik kuwi?
Embun kuwi berkahé Yéhuwah. (Pangandharing Torèt 33:13) Gawéan nginjil kuwi berkah kanggo wong-wong sing gelem nanggepi. Sinau Alkitab kuwi berkah kanggo Gavin, merga dhèwèké isa éntuk jawaban saka pitakonan-pitakonané. Saiki, dhèwèké wis maju, dibaptis, lan semangat nginjil karo Joyce, bojoné.
Seksi-Seksi Yéhuwah martakké kabar apik ing saklumahing bumi
NGAJÈNI GAWÉAN NGINJIL
Nèk mbandhingké gawéan nginjil karo embun, kuwi nggawé awaké dhéwé ngerti nèk upayané awaké dhéwé nginjil kuwi penting banget. Kok isa? Nèk mung embun setètès, ora krasa. Ning, nèk tètèsané akèh, lemah dadi teles. Semono uga, awaké dhéwé mbokmenawa ngira nèk gawéan nginjilé awaké dhéwé iki ora ana apa-apané. Ning, nèk digabung karo upayané para sedulur sak donya, awaké dhéwé isa nginjil ing ”saindenging jagad”. (Matéus 24:14) Apa gawéan nginjil iki bakal dadi berkahé Yéhuwah kanggo wong-wong? Ya, merga kabar sing diwartakké kuwi kaya embun sing lembut, nyegerké, lan penting kanggo urip.