PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w17 September hlm. 15-20
  • ”Pangandikaning Allah Kita Tetep ing Salawas-lawasé”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Pangandikaning Allah Kita Tetep ing Salawas-lawasé”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PERKEMBANGAN BASA
  • BASA SING UMUM DIGUNAKKÉ
  • TANTANGAN KANGGO NERJEMAHKÉ ALKITAB
  • ”KANG MULANG MARANG SIRA BAB APA KANG MAÉDAHI”
  • Yéhuwah Seneng Omong-omongan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Alkitab—Apa Sebabé Akèh Banget?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Alkitab sing Gampang Dingertèni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
w17 September hlm. 15-20
Penulis Alkitab jaman mbiyèn lan wong sing maca Alkitab ing jaman saiki

”Pangandikaning Allah Kita Tetep ing Salawas-lawasé”

”Suket dadi aking, kembang dadi alum, nanging pangandikaning Allah kita tetep ing salawas-lawasé.”​—YÉ. 40:8.

LAGU: 43, 48

KEPRIYÉ ALKITAB ISA TETEP ANA SENAJAN . . .

  • ana perkembangan basa?

  • ana perkembangan politik?

  • ana tantangan kanggo nerjemahké Alkitab?

1, 2. (a) Kepriyé dadiné urip kita tanpa Alkitab? (b) Kepriyé carané bèn wong-wong isa éntuk paédah saka Alkitab?

KEPRIYÉ dadiné urip kita tanpa Alkitab? Kita dadi ora nduwé tuntunan kanggo urip saben dina. Kita ora isa ngerti bab urip, Gusti Allah, lan pangarep-arep sukmbèn. Kita uga ora isa ngerti apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo manungsa ing jaman mbiyèn.

2 Untung waé, Yéhuwah wis maringké Sabdané, yaiku Alkitab. Yéhuwah wis janji nèk pangandikané bakal tetep ana kanggo saklawasé. Kuwi kaya kandhané rasul Pétrus sing ngutip Yésaya 40:8. Sing ditulis Yésaya kuwi pancèn ora kusus ngrembug bab Alkitab. Ning, ayat kuwi isa ditrapké kanggo isiné Alkitab. (Wacanen 1 Pétrus 1:24, 25.) Kèt mbiyèn, wong-wong sing nresnani Alkitab ngerti nèk maca Alkitab nganggo basané dhéwé kuwi isa mènèhi akèh paédah. Mula, nganti pirang-pirang abad, wong-wong ngupaya kanggo nerjemahké lan nyedhiyakké Alkitab kanggo kabèh wong, senajan ngadhepi tantangan sing gedhé. Yéhuwah péngin bèn sak akèh-akèhé wong ’padha kapitulungan rahayu lan olèh pangawruhing kayektèn’.​—1 Tm. 2:3, 4.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki? (Deloken gambar ing kaca 15.)

3 Artikel iki bakal ngrembug kepriyé Alkitab isa tetep ana senajan (1) ana perkembangan basa, (2) ana perkembangan politik sing ngowahi basa sing umum digunakké, lan (3) ana tantangan kanggo nerjemahké Alkitab. Kita kudu ngrembug bab kuwi supaya isa saya ngajèni Alkitab lan Pengarangé.​—Mi. 4:2; Rm. 15:4.

PERKEMBANGAN BASA

4. (a) Piyé perkembangané basa saiki? (b) Apa buktiné nèk Gusti Allah péngin bèn kabèh wong isa éntuk paédah saka pangandikané? Piyé perasaan panjenengan ngertèni bab kuwi?

4 Basa sing digunakké ing jaman mbiyèn suwé-suwé wis ora digunakké manèh. Contoné, tembung-tembung ing basa Jawa saiki mbokmenawa wis ora padha karo mbiyèné. Basa Ibrani lan Yunani sing digunakké saiki uga béda banget karo sing digunakké wektu Alkitab ditulis mbiyèn. Akèh wong ora isa ngerti isiné Alkitab ing basa sing wis kuna kuwi lan butuh Alkitab sing wis diterjemahké. Ana sing mikir nèk dhèwèké kudu sinau basa Ibrani lan Yunani kuna, bèn isa luwih ngerti isiné Alkitab. Ning, nyatané kuwi ya ora ana gunané.a (Deloken katrangan ing ngisor.) Untungé, kabèh utawa sebagéan isiné Alkitab kuwi saiki wis diterjemahké ing luwih saka 3.200 basa. Yéhuwah pancèn péngin bèn kabèh ”bangsa lan taler [suku] tuwin basa” isa éntuk paédah saka Sabdané. (Wacanen Wahyu 14:6.) Kuwi mesthi isa nggawé kita luwih cedhak karo Yéhuwah, Gusti Allah sing nresnani lan ora mbédak-mbédakké.​—PR. 10:34.

Untungé, kabèh utawa sebagéan isiné Alkitab kuwi saiki wis diterjemahké ing luwih saka 3.200 basa

5. Apa sebabé terjemahan King James Version kuwi penting?

5 Perkembangan basa kuwi uga ana pengaruhé kanggo terjemahan Alkitab. Basa sing digunakké ing terjemahan Alkitab mbiyèn, mbokmenawa saiki wis ora dingertèni manèh. Contoné, terjemahan King James Version, sing dicétak taun 1611, mbiyèn dadi terjemahan Alkitab sing paling kondhang lan tembung-tembung ing terjemahan kuwi ana pengaruhé kanggo basa Inggris sing umum digunakké. Ning, asmané Yéhuwah mung ana sithik ing terjemahan kuwi. Ing akèh ayat sing kuduné nyebutké asmané Yéhuwah ing Kitab-Kitab Ibrani, terjemahan kuwi nggunakké tembung ”GUSTI” sing nganggo huruf gedhé kabèh. Ing cétakan sing sakbanjuré, terjemahan kuwi uga nggunakké tembung ”GUSTI” ing sebagéan ayat ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Kuwi dadi bukti nèk asmané Yéhuwah pancèn ana ing bagéan Alkitab sing biasané disebut Prajanjian Anyar.

6. Apa sebabé Alkitab Terjemahan Dunia Baru kuwi istiméwa?

6 Basa Inggris sing digunakké ing terjemahan King James Version mbiyèn kétoké wis modhèren. Ning, saya suwé tembung-tembungé wis ketinggalan jaman lan angèl dingertèni. Akèh terjemahan Alkitab liya uga kaya ngono. Ning, saiki wis ana Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru ing luwih saka 150 basa. Ing terjemahan kuwi, kabèh utawa sebagéan isiné Alkitab wis diterjemahké nganggo basa sing modhèren lan gampang dingertèni. Dadi, pangandikané Gusti Allah isa luwih gampang mlebu ing atiné wong-wong. Kita mesthi seneng banget merga terjemahan kuwi wis arep disedhiyakké ing basa sing luwih akèh manèh bèn saya akèh wong isa maca terjemahan kuwi ing basané dhéwé. (Ms. 119:97) Sing paling penting, ing Alkitab Terjemahan Dunia Baru kuwi asmané Yéhuwah dibalèkké manèh kaya sing ana ing ayat-ayat asliné mbiyèn.

BASA SING UMUM DIGUNAKKÉ

7, 8. (a) Apa sebabé akèh wong Yahudi ing abad katelu SM ora isa ngerti isiné Kitab-Kitab Ibrani? (b) Apa sing dimaksud Septuaginta Yunani?

7 Kadhang kala, basa sing digunakké wong-wong malih merga perkembangan politik. Ning, Yéhuwah wis njamin nèk Alkitab bakal ana kanggo kabèh wong ing basa sing dingertèni. Contoné, Kitab-Kitab Ibrani mbiyèn ditulis karo wong-wong Yahudi utawa Israèl, sing ”padha dipitayani [dipercayani] pangandikané Gusti Allah”. (Rm. 3:1, 2) Wong-wong kuwi nulis nganggo basa Ibrani utawa Aram. Ning, akèh wong Yahudi ing abad katelu SM wis ora ngerti basa Ibrani. Apa sebabé? Merga Alèksander Agung wis nguwasani akèh dhaérah lan akiré pamréntahan Yunani dadi saya gedhé. Mula, basa Yunani dadi basa sing umum digunakké ing dhaérah-dhaérah sing dikuwasani Yunani, lan akèh wong padha nggunakké basa Yunani timbang basané dhéwé. (Dn. 8:5-7, 20, 21) Akèh wong Yahudi uga nggunakké basa Yunani. Wong-wong kuwi akiré dadi kangèlan kanggo ngertèni Alkitab ing basa Ibrani. Lha terus piyé?

8 Kira-kira 250 taun sakdurungé Yésus lair, limang buku sing sepisanan ing Alkitab diterjemahké ing basa Yunani. Banjur, kabèh bagéan saka Kitab-Kitab Ibrani uga diterjemahké. Kuwi dadi terjemahan Kitab-Kitab Ibrani ing basa Yunani sing sepisanan, lan biasané disebut Septuaginta Yunani.

9. (a) Piyé terjemahan Septuaginta lan liyané isa mbantu wong-wong ngerti Sabdané Gusti Allah? (b) Bagéan ngendi saka Kitab-Kitab Ibrani sing panjenengan senengi?

9 Wong-wong Yahudi sing nggunakké basa Yunani mesthi seneng banget merga isa ngrungokké utawa maca Kitab-Kitab Ibrani ing basané dhéwé nganggo Alkitab Septuaginta. Sakwisé kuwi, sebagéan isiné Alkitab diterjemahké ing basa-basa liyané sing umum digunakké, contoné basa Siria, Gotik, lan Latin. Akèh wong dadi luwih nresnani Sabdané Gusti Allah merga isa maca lan ngerti isiné. Lan wong-wong kuwi isa nduwé ayat-ayat sing disenengi, kayadéné kita saiki. (Wacanen Jabur 119:162-165.) Dadi, Sabdané Gusti Allah isa tetep ana senajan ana perkembangan politik lan basa.

TANTANGAN KANGGO NERJEMAHKÉ ALKITAB

10. Ing jamané John Wycliffe, apa sebabé akèh wong ora isa maca Alkitab?

10 Nganti pirang-pirang taun, wong-wong sing arep maca Alkitab dialang-alangi karo para panguwasa. Ning, wong-wong sing setya marang Gusti Allah tetep terus ngupaya bèn kabèh wong isa maca Alkitab. Salah sijiné yaiku John Wycliffe, sing manggon ing Inggris kira-kira 600 taun kepungkur. Dhèwèké percaya nèk saben wong kuduné isa maca Alkitab. Ing jamané Wycliffe, akèh wong ing negara Inggris durung tau ngrungokké isiné Alkitab ing basané dhéwé. Alkitab regané larang banget lan disalin nganggo tangan. Mula, sing nduwé Alkitab mung sithik. Sakliyané kuwi, akèh wong wektu kuwi padha ora isa maca. Wong-wong sing teka ing gréja mung isa ngrungokké Alkitab sing diwacakké ing basa Latin. Ning, akèh sing ora mudheng merga basané wis kuna. Piyé carané Yéhuwah ngatur bèn wong-wong isa nduwé Alkitab ing basané dhéwé?​—WB. 2:1-5.

John Wycliffe lan liyané

John Wycliffe lan kanca-kancané péngin saben wong nduwé Alkitab. Apa panjenengan uga nduwé pepénginan sing padha? (Deloken paragraf 11)

11. Apa pengaruhé Alkitab terjemahané Wycliffe?

11 Ing taun 1382, John Wycliffe lan wong-wong liyané nerjemahké Alkitab ing basa Inggris. Terjemahané Wycliffe kuwi akèh disenengi karo wong-wong sing dadi pengikuté. Wong-wong sing nresnani Alkitab kuwi mlaku menyang désa-désa ing Inggris kanggo macakké bagéan-bagéan saka Alkitab terjemahané Wycliffe lan ngedumké salinané sing ditulis nganggo tangan. Asilé, wong-wong dadi seneng maca Alkitab manèh.

12. Piyé tanggepané para pemimpin agama marang Wycliffe lan terjemahané?

12 Para pemimpin agama gething banget marang Wycliffe, nganiaya para pengikuté, lan ngancurké kabèh Alkitab terjemahané. Malah, senajan Wycliffe wis mati, para pemimpin agama ngarani nèk Wycliffe kuwi bidah, utawa mungsuhé Gréja. Balung-balungé Wycliffe digali manèh, banjur diobong, lan awuné dibuwang ing kali Swift. Ning, isih ana akèh wong sing péngin maca lan ngerti isiné Alkitab, lan Gréja ora isa ngalang-alangi. Atusan taun sakbanjuré, wong-wong ing Eropa lan dhaérah liyané ing saklumahing bumi mulai nerjemahké lan nyétak Alkitab ing akèh basa sing dingertèni.

”KANG MULANG MARANG SIRA BAB APA KANG MAÉDAHI”

13. Kita isa yakin bab apa? Apa sebabé kuwi isa nguwatké iman kita?

13 Alkitab kuwi diwangsitké saka Gusti Allah. Ning, kuwi dudu ateges nèk gawéan penerjemahan Alkitab Septuaginta, terjemahané Wycliffe, King James Version, utawa terjemahan liyané kuwi langsung diwangsitké saka Gusti Allah. Ning, nèk mikirké bab carané terjemahan-terjemahan kuwi digawé, cetha nèk Sabdané Gusti Allah kuwi pancèn bakal tetep ana, kaya janjiné Yéhuwah. Kuwi isa nggawé kita tambah yakin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon.​—Ys. 23:14.

14. Apa sebabé sinau bab Alkitab isa nggawé katresnan kita marang Yéhuwah dadi saya kuwat?

14 Nèk sinau bab carané Yéhuwah njaga Sabdané, iman lan katresnan kita marang Yéhuwah isa dadi saya kuwat.b (Deloken katrangan ing ngisor.) Yéhuwah maringké Alkitab lan janji bakal njaga Sabdané merga nresnani kita lan péngin mulangké bab sing maédahi kanggo kita. (Wacanen Yésaya 48:17, 18.) Kuwi isa nggawé kita dadi saya tresna lan manut marang Yéhuwah.​—1 Yo. 4:19; 5:3.

15. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

15 Kita pancèn nresnani Alkitab, dadi piyé carané bèn isa éntuk luwih akèh paédah saka maca Alkitab? Wektu nginjil, piyé carané mbantu wong-wong bèn padha ngajèni Alkitab? Piyé carané para sedulur sing mulang ing jemaat mesthèkké nèk kabèh piwulangé kuwi dhasaré saka Alkitab? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

a Deloken artikel ”Perlukah Kita Belajar Bahasa Ibrani dan Yunani?” ing Menara Pengawal 1 November 2009.

b Deloken kothak ”Panjenengan Isa Ndelok Dhéwé”.

KATRANGAN TEMBUNG

  • Yéhuwah wis janji nèk Sabdané bakal tetep ana nganti saiki. Ana sing ngupaya ngalang-alangi wong-wong kanggo nduwé Alkitab ing basa sing isa dingertèni. Ning, akèh penerjemah lan wong-wong liyané ngupaya bèn wong-wong isa maca lan ngertèni isiné Alkitab ing basané dhéwé. Asilé, akèh wong isa dadi kancané Yéhuwah lan nduwé pangarep-arep urip sukmbèn

Wong-wong sing mara menyang muséum Alkitab ing kantor pusat Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York, AS

Panjenengan Isa Ndelok Dhéwé

Ing tanggal 3 April 2017, ana muséum Alkitab sing dibukak ing kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York, AS. Galèri sing ana ing muséum kuwi jenengé ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah”. Ing muséum sing anyar kuwi uga dipajang Alkitab-Alkitab sing wis langka lan barang-barang sing ana hubungané karo Alkitab sing mengkoné bakal diganti-ganti. Seksi-Seksi Yéhuwah ngundang panjenengan kanggo mara ing muséum Alkitab iki lan muséum-muséum liyané sing ana ing kantor pusat. Nèk panjenengan péngin ndaftar kanggo tour ing muséum iki, bukaken situs www.jw.org/jv. Deloken ing bagéan BAB SEKSI YÉHUWAH > KANTOR & TOUR.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim