PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w18 Maret hlm. 3-8
  • Wong Kristen Kudu Dibaptis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wong Kristen Kudu Dibaptis
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KANDHANÉ ALKITAB BAB BAPTISAN
  • AJA NGUNDUR-UNDUR KANGGO DIBAPTIS
  • MULANG SING SINAU ALKITAB BÈN DIBAPTIS
  • Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Apa Aku Kudu Ngabdi marang Gusti Allah lan Dibaptis?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Wong Tuwa, Bantunen Anakmu Bèn Isa Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Apa Aku Kudu Dibaptis?—Bagéan 1: Dibaptis Kuwi Apa?
    Pitakonané Cah Enom
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
w18 Maret hlm. 3-8
Wong-wong sing arep dibaptis ngadeg, wong tuwané lan sing mulang Alkitab ndeloki

Wong Kristen Kudu Dibaptis

”Baptisan sing saiki nylametké kowé.”​—1 PTR. 3:21.

LAGU: 52, 41

SAKA AYAT-AYAT IKI, APA SING KITA SINAONI BAB BAPTISAN?

  • 1 Pétrus 3:20, 21

  • Matius 28:19, 20

  • Kisah Para Rasul 22:16

1, 2. (a) Piyé perasaané para wong tuwa wektu anaké péngin dibaptis? (b) Apa sebabé wong-wong sing arep dibaptis ditakoni dhisik apa dhèwèké wis janji ngabdi marang Yéhuwah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

WONG tuwané Maria ndelok anaké wédok sing isih enom ngadeg bebarengan karo liyané sing arep dibaptis. Sing ceramah mènèhi loro pitakonan. Maria njawab nganggo swara seru lan cetha. Ora let suwé, Maria dibaptis.

2 Wong tuwané Maria seneng ndelok anaké wédok wis janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Ning, ibuné kuwatir lan mikir, ’Apa anakku wis cukup umur kanggo dibaptis? Apa wis ngerti nèk janji ngabdi marang Yéhuwah kuwi penting banget? Apa luwih apik aja baptis dhisik?’ Akèh wong tuwa sing nresnani anaké uga mikir kaya ngono wektu anaké ngomong nèk péngin dibaptis. (Ko. 5:5) Kuwi lumrah merga janji ngabdi lan dibaptis kuwi keputusan sing paling penting.​—Deloken kothak ”Apa Panjenengan Wis Janji Ngabdi Marang Yéhuwah?”

3, 4. (a) Piyé rasul Pétrus nduduhké pentingé dibaptis? (b) Apa sebabé Pétrus madhakké baptisan karo Nuh sing mbangun bahtera?

3 Rasul Pétrus madhakké baptisan karo Nuh sing mbangun bahtera. Rasul Pétrus kandha, ”Kedadéan kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé.” (Wacanen 1 Pétrus 3:20, 21.) Bahtera nduduhké marang wong-wong nèk Nuh gelem nindakké kersané Gusti Allah saktulusé ati. Nuh setya nindakké tugas sing diparingké Yéhuwah. Merga imané Nuh, Yéhuwah nylametké dhèwèké lan keluargané saka Banjir Gedhé. Terus apa maksudé Pétrus ing ayat mau?

4 Wektu ndelok bahtera, wong-wong ing jaman kuwi ngerti nèk Nuh nduwé iman marang Gusti Allah. Nèk ana wong dibaptis, wong-wong liya ngerti nèk wong mau wis janji ngabdi marang Gusti Allah merga nduwé iman marang Yésus sing wis diuripké manèh. Kaya Nuh, wong-wong sing dibaptis kuwi manut lan nindakké tugas saka Gusti Allah. Yéhuwah wis nylametké Nuh saka Banjir Gedhé, lan Yéhuwah uga bakal nylametké abdiné sing wis dibaptis lan sing tetep setya. (Mrk. 13:10; Why. 7:9, 10) Dadi, cetha nèk janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis kuwi penting banget. Malah, nèk ngundur-undur dibaptis, kita isa kélangan kesempatan kanggo urip saklawasé.

5. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

5 Kita ngerti nèk baptisan kuwi penting banget. Artikel iki bakal ngrembug jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Apa kandhané Alkitab bab baptisan? Apa sing kudu ditindakké bèn isa dibaptis? Wektu mulang Alkitab marang wong liya utawa anak kita, apa sebabé kudu terus ngéling-éling pentingé dibaptis?

KANDHANÉ ALKITAB BAB BAPTISAN

6, 7. (a) Apa sebabé wong-wong marani Yohanes kanggo dibaptis? (b) Baptisané sapa sing paling penting lan apa sebabé?

6 Ing Alkitab, wong sing sepisanan mbaptis wong liya kuwi Yohanes Pembaptis. (Mat. 3:1-6) Apa sebabé wong-wong marani Yohanes kanggo dibaptis? Merga wong-wong kuwi sadhar nèk wis nglanggar Hukum Musa lan péngin mertobat. Yohanes uga éntuk kaurmatan mbaptis Yésus, Putrané Gusti Allah sing sampurna. Kuwi baptisan sing paling penting sing tau ditindakké Yohanes. (Mat. 3:13-17) Ning Yésus ora tau nindakké dosa, mula ora perlu mertobat. (1 Ptr. 2:22) Dadi, Yésus dibaptis kanggo nduduhké nèk dhèwèké siap nindakké kersané Yéhuwah.​—Ibr. 10:7.

7 Sakwisé Yésus mulai nginjil, murid-muridé mbaptis wong-wong liya. (Yoh. 3:22; 4:1, 2) Padha kaya wong-wong sing dibaptis Yohanes, wong-wong kuwi dibaptis merga péngin mertobat saka dosané, yaiku nglanggar Hukum Musa. Sakwisé Yésus séda lan diuripké manèh, wong-wong sing péngin dadi muridé Yésus kudu dibaptis, ning alesané béda.

8. (a) Apa préntahé Yésus sakwisé diuripké manèh? (b) Apa sebabé wong Kristen kudu dibaptis?

8 Ing taun 33 M, sakwisé diuripké manèh, Yésus ngomong karo luwih saka 500 wong lanang, wédok, lan mungkin bocah-bocah. Mbokmenawa iki sing dikandhakké Yésus wektu kuwi, ”Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, baptisen wong-wong kuwi nganggo asmané Bapak lan Putra lan roh suci, wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.” (Mat. 28:19, 20; 1 Kor. 15:6) Yésus mréntahké para muridé supaya ndadèkké kabèh wong dadi muridé. Sapa waé sing péngin dadi muridé utawa nampa ’pasangané’ kudu dibaptis. (Mat. 11:29, 30) Bèn ibadahé wong isa nyenengké Gusti Allah, dhèwèké kudu percaya nèk Yésus digunakké Yéhuwah kanggo nindakké kersané. Banjur dhèwèké isa dibaptis nganggo cara sing ditampa Gusti Allah. Ing Alkitab ana bukti-bukti nèk murid-muridé Yésus ing abad kapisan ngerti pentingé dibaptis. Wong-wong kuwi ora ngundur-undur kanggo dibaptis.​—Kis. 2:41; 9:18; 16:14, 15, 32, 33.

AJA NGUNDUR-UNDUR KANGGO DIBAPTIS

9, 10. Apa sing isa disinaoni saka wong Étiopia lan Saul sing dibaptis?

9 Wacanen Kisah Para Rasul 8:35, 36. Ana wong Étiopia sing wis mlebu agama Yahudi, mulih menyang omahé sakwisé ngibadah ing bait ing Yérusalèm. Malaékaté Yéhuwah ngongkon Filipus nginjil lan mulang dhèwèké ”kabar apik bab Yésus”. Piyé tanggepané wong Étiopia kuwi? Dhèwèké ngerti pentingé nampa Yésus lan péngin nindakké préntah-préntahé Yéhuwah kanggo wong Kristen. Mula dhèwèké cepet-cepet dibaptis.

10 Conto liyané yaiku wong lanang Yahudi sing jenengé Saul. Bangsa Yahudi kuwi bangsa sing dikususké kanggo Gusti Allah, ning wis ditolak merga ora manut karo Gusti Allah. Saul yakin nèk wong-wong Yahudi isih ngabdi marang Gusti Allah nganggo cara sing bener, mula dhèwèké nganiaya wong Kristen. Saul uga mikir nèk Yésus wis mati. Ning ing sawijiné dina, Yésus sing wis diuripké manèh, ngomong karo Saul saka swarga. Terus, piyé tanggepané? Saul gelem dibantu karo wong Kristen sing jenengé Ananias. Alkitab kandha, ”Saul ngadeg lan dibaptis.” (Kis. 9:17, 18; Gal. 1:14) Saul banjur dikenal dadi rasul Paulus. Dadi, sakwisé Saul paham nèk Gusti Allah nggunakké Yésus kanggo nindakké kersané, dhèwèké cepet-cepet dibaptis.​—Wacanen Kisah Para Rasul 22:12-16.

Sing sinau Alkitab ngajèni piwulangé Alkitab lan péngin dibaptis

11. (a) Apa sebabé wong sing sinau Alkitab mutuské kanggo dibaptis? (b) Piyé perasaan panjenengan nèk ana sing dibaptis?

11 Semono uga saiki, akèh wong sing sinau Alkitab padha ngajèni lan percaya karo piwulangé Alkitab, lan péngin janji ngabdi marang Yéhuwah sarta dibaptis. Sakjané, ceramah baptisan kuwi acara sing istiméwa ing saben kebaktian wilayah lan gabungan wilayah. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nèk sing sinau Alkitab nampa piwulangé Alkitab lan mutuské kanggo dibaptis. Para wong tuwa uga mesthi bungah nèk anak-anaké nampa piwulangé Alkitab lan mutuské kanggo dibaptis. Ing taun kagiyatan 2017, luwih saka 284.000 wong dibaptis kanggo nduduhké nèk wis janji ngabdi marang Yéhuwah. (Kis. 13:48) Kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi paham nèk wong Kristen kudu dibaptis. Ning, apa sing kudu ditindakké dhisik sakdurungé dibaptis?

12. Apa sing kudu ditindakké sing sinau Alkitab sakdurungé dibaptis?

12 Sakdurungé isa dibaptis, sing sinau Alkitab kudu sinau sing bener bab Gusti Allah, kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa, lan apa sing ditindakké Gusti Allah kanggo nylametké manungsa. (1 Tim. 2:3-6) Wong-wong kuwi kudu nduwé iman bèn isa manut karo hukum-hukum Yéhuwah lan ora nindakké sing disengiti Yéhuwah. (Kis. 3:19) Kuwi penting banget, merga Yéhuwah ora bakal nampa janji ngabdiné nèk nindakké sing disengiti Yéhuwah. (1 Kor. 6:9, 10) Sakliyané kuwi, sapa waé sing péngin ngabdi marang Yéhuwah kudu ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil, merga muridé Yésus kudu nginjil. (Kis. 1:8) Wong sing sinau Alkitab kudu nindakké kuwi kabèh, banjur sakwisé kuwi isa janji ngabdi marang Yéhuwah liwat donga lan dibaptis.

MULANG SING SINAU ALKITAB BÈN DIBAPTIS

Sedulur lanang kandha marang sing sinau Alkitab pentingé baptisan

Wektu mulang, golèka kesempatan kanggo mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti nèk dibaptis kuwi penting banget (Deloken paragraf 13)

13. Wektu mulang, apa sebabé kudu terus ngéling-éling nèk muridé Yésus sing sejati kudu dibaptis?

13 Wektu mbantu sing sinau Alkitab lan anak kita bèn nindakké kabèh sing wis dirembug mau, kita kudu terus ngéling-éling nèk muridé Yésus sing sejati kudu dibaptis. Nèk nindakké kuwi, kita bakal isa ngandhani ing wektu sing pas nèk janji ngabdi lan dibaptis kuwi penting banget. Kita péngin wong sing sinau Alkitab lan anak kita terus maju lan dibaptis.

14. Apa sebabé aja meksa bèn wong sing sinau Alkitab dibaptis?

14 Mesthiné kita ora meksa anak kita lan sing sinau Alkitab bèn dibaptis. Yéhuwah ora meksa kita kabèh bèn dadi abdiné. (1 Yoh. 4:8) Wektu mulang, kita kudu mbantu sing sinau Alkitab bèn ngerti nèk nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah kuwi penting. Terus, nèk sing sinau Alkitab tenanan ngajèni wulangan sing bener bab Gusti Allah lan péngin nindakké kabèh prentahé Gusti Allah, dhèwèké bakal péngin dibaptis.​—2 Kor. 5:14, 15.

15, 16. (a) Apa ana aturan umur pira wong isa dibaptis? Terangna. (b) Apa sebabé nèk péngin dadi Seksi Yéhuwah kudu dibaptis manèh senajan wis dibaptis ing agama liya?

15 Ora ana aturan umur pira wong isa dibaptis. Saben wong kuwi béda-béda, ana sing cepet nggawé kemajuan lan ana sing suwé. Akèh sing dibaptis wektu isih enom lan tetep setya marang Yéhuwah nganti tuwa. Ana sing lagi sinau Alkitab wektu wis tuwa lan dibaptis, malah ana sing umuré luwih saka 100 taun.

16 Salah siji wong wédok sing lagi sinau Alkitab wis dibaptis ing agama sing béda-béda. Mula, dhèwèké takon karo sedulur sing mbantu sinau Alkitab apa perlu dibaptis manèh. Sedulur kuwi nduduhké ayat-ayat kanggo njawab pitakonané. Sakwisé ngerti pathokané Alkitab, dhèwèké dibaptis senajan umuré mèh 80 taun. Apa piwulangé? Yéhuwah bakal nampa baptisan kita mung nèk kita ngerti wulangan sing bener bab kersané Yéhuwah. Dadi, senajan wis dibaptis ing agama liya, kita isih tetep kudu dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.​—Wacanen Kisah Para Rasul 19:3-5.

17. Apa sing kudu dipikirké tenanan ing dina baptisan?

17 Dina baptisan kuwi wektu sing paling nyenengké. Kuwi uga wektu kanggo mikirké tenanan bab tanggung jawab sakwisé janji ngabdi lan dibaptis. Nindakké kabèh tanggung jawabé wong Kristen kuwi ora gampang. Muridé Yésus ”ora urip mung kanggo awaké dhéwé nanging kanggo Kristus, sing mati kanggo wong-wong kuwi lan sing wis diuripké manèh.”​—2 Kor. 5:15; Mat. 16:24.

18. Pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

18 Kaya sing wis dirembug ing artikel iki, keputusan dadi wong Kristen sejati kuwi penting banget. Kuwi sebabé ibuné Maria mikirké pitakonan-pitakonan ing awal artikel iki. Nèk panjenengan wong tuwa, isa waé mikir: ’Apa anakku bener-bener siap dibaptis? Apa anakku wis nduwé pengetahuan sing cukup bab Yéhuwah bèn isa janji ngabdi? Apa anakku kudu ngrampungké sekolahé lan éntuk gawéan dhisik sakdurungé dibaptis? Piyé nèk anakku nindakké dosa sakwisé dibaptis?’ Kita bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi ing artikel sakbanjuré lan kita bakal sinau piyé wong tuwa Kristen isa nduwé pandhangan sing bener soal baptisan.

KATRANGAN TEMBUNG

  • Janji ngabdi marang Yéhuwah tegesé janji nèk panjenengan bakal ngabdi marang Yéhuwah lan nindakké kersané. Panjenengan isa janji ngabdi liwat donga. Kabèh wong Kristen kudu janji ngabdi marang Yéhuwah banjur isa dibaptis

Cah wédok lagi janji ngabdi liwat donga

Apa Panjenengan Wis Janji Ngabdi marang Yéhuwah?

Sakdurungé sing sinau Alkitab isa dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah, wong-wong kuwi kudu njawab pitakonan penting ing ngarepé kabèh sing teka. Pitakonan sing sepisanan saka sedulur sing mènèhi ceramah baptisan yaiku: ”Merga percaya karo kurban tebusané Yésus Kristus, apa panjenengan wis mertobat saka dosa-dosa panjenengan lan wis janji ngabdi marang Yéhuwah kanggo nindakké kersané?”

Apa buktiné nèk wong sing arep dibaptis wis janji ngabdi marang Yéhuwah? Yésus kandha karo para muridé bèn ndadèkké wong-wong dadi murid lan mbaptis wong-wong kuwi. (Mat. 28:19, 20) Kira-kira setaun sakdurungé Yésus mènèhi préntah kuwi, Yésus kandha karo para rasul lan murid-murid liyané, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané, lan terus ngetutké aku.”​—Mat. 16:24.

Ing bumi, Yésus nggunakké uripé kanggo nindakké kersané Yéhuwah. Dadi nèk sing sinau Alkitab péngin nindakké kabèh préntahé Yésus, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kaya Yésus. Wong kuwi kudu ngabdi saktulusé ati. Kaya Yésus, wong kuwi ngutamakké kersané Yéhuwah. (Mat. 26:39) Wektu dibaptis, dhèwèké nduduhké marang wong liya nèk wis nolak pepénginané dhéwé, lan péngin nggunakké kabèh sing diduwèni, kekuwatané, sarta kemampuané kanggo ngabdi marang Yéhuwah. (Rm. 12:1) Kuwi sebabé sakdurungé dibaptis, sing ceramah bakal takon dhisik karo sing arep dibaptis apa wis janji ngabdi marang Yéhuwah kanggo nindakké kersané.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim