Pitakonané Sing Maca
Apa sebabé ora éntuk nglebokké publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah ing situs web utawa media sosial?
Ana sing mikir nèk publikasiné Seksi Yéhuwah isa di-copy lan dilebokké ing situs web liyané utawa ing media sosial, merga publikasi-publikasi kuwi gratis. Tapi iki isa nyebabké masalah sing serius lan nglanggar Syarat Nggunakakéa sing ana ing situs web kita. Ing Syarat kuwi, cetha dikandhakké nèk ora ana sing olèh ”masang gambar, publikasi elektronik, merk dagang, musik, foto, video, utawa artikel-artikel saka situs web iki ing Internet (situs web, situs file-sharing, situs video-sharing, utawa jejaring sosial)”. Apa sebabé ana syarat kaya ngono?
Kabèh bahan ing situs web kita dilindhungi hukum merga ana hak ciptané. Iki penting supaya ora disalah gunakké. Wong-wong murtad utawa wong jahat liyané sing péngin ngganggu gawéané Seksi Yéhuwah kadhang kala nglebokké publikasi kita ing situs pribadiné, bèn Seksi Yéhuwah lan wong-wong liyané tertarik mlebu ing kono. Ning, wong-wong kuwi uga nglebokké bahan-bahan sing isa nggawé wong-wong nduwé pandhangan sing salah bab Seksi Yéhuwah. (Ms. 26:4; WB. 22:5) Ana manèh sing nggunakké bahan-bahan utawa logo jw.org dinggo iklan, aplikasi elektronik, lan barang dagangan. Kita isa nuntut wong-wong kuwi ing pengadilan bèn ora nyalah gunakké bahan-bahan saka organisasi lan logo jw.org merga kuwi dilindhungi hukum. (WB. 27:12) Nanging pengadilan mungkin ora isa mbéla kita nèk organisasi ngéntukké wong-wong, klebu para sedulur seimané dhéwé, kanggo nglebokké publikasi-publikasi ing situs web liya utawa nggunakké logo jw.org kanggo ngedol barang.
Download publikasi-publikasi kita saka situs web sakliyané jw.org kuwi bahaya. Yéhuwah nyedhiakké panganan rohani mung liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) ”Budhak” kuwi mung nggunakké situs web sing resmi, yaiku www.jw.org, tv.jw.org, lan wol.jw.org, kanggo nyedhiakké panganan rohani. Lan kita mung nggunakké aplikasi smartphone sing resmi, yaiku JW Language®, JW Library®, lan JW Library Sign Language®. Ing kono ora ana iklan lan pengaruh èlèk saka donyané Sétan. Ning, nèk kita éntuk publikasi-publikasi saka situs web utawa aplikasi liya, kuwi bahaya merga isa waé isiné wis diowahi.—Ms. 18:27; 19:9.
Sakliyané kuwi, nèk ana sing upload bahan-bahan ing situs web sing ana kolom komentaré, wong murtad lan wong liya dadi isa ngekèki komentar sing èlèk bab organisasi Yéhuwah. Ana sedulur-sedulur sing akhiré debat karo wong kuwi, lan dadi saya ngèlèk-èlèk asmané Yéhuwah. Kuwi dudu cara sing bener kanggo ngorèksi cara pikiré wong liya lan mbantu wong liya ngerti ajaran sing bener saka Alkitab. (1 Tim. 6:3-5; 2 Tim. 2:23-25) Ana manèh sing nggawé situs web lan akun media sosial palsu, sing kaya-kayané saka organisasi utawa saka sedulur-sedulur sing dadi Pengurus Pusat. Ning, ora ana anggota Pengurus Pusat sing nduwé situs Web utawa akun media sosial pribadi.
Ngarahké wong-wong menyang jw.org kuwi dadi salah siji cara kanggo martakké ”kabar apik”. (Mat. 24:14) Situs web lan aplikasiné Seksi Yéhuwah saya suwé saya apik. Kita péngin kabèh wong isa éntuk manfaat saka situs web lan aplikasi kuwi. Dadi, kita isa ngirim publikasi liwat e-mail utawa ngirim link sing ngarah menyang jw.org. Nèk kita nindakké kuwi, kita ngarahké wong-wong menyang ”budhak sing setya lan wicaksana”, sing dadi siji-sijiné sarana saka Yéhuwah kanggo nyedhiakké panganan rohani.
a Panjenengan isa nemokké link sing ngarah menyang Syarat Nggunakaké ing ngisor halaman ngarep dhéwé ing jw.org. Persyaratan iki digunakké kanggo kabèh konten sing ana ing situs web kita.