PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 29
  • Piyé Carané Bèn Ora Terlalu Kuwatir?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Bèn Ora Terlalu Kuwatir?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané bèn ora terlalu kuwatir
  • Matius 6:34—”Aja Padha Sumelang ing bab Dina Sésuk”
    Penjelasan Ayat Alkitab
  • Utamakna Kratoné Gusti Allah, Dudu Bandha
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Pasrahna Rasa Kuwatir marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • 2 Mbantu Ngrampungi Masalah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 29
Bapak-bapak sing kétok kuwatir.

Piyé Carané Bèn Ora Terlalu Kuwatir?

Nèk terlalu kuwatir, pikirané isa dadi ora tenang lan awaké ya isa lara. Terlalu kuwatir kuwi ya isa nambah-nambahi masalah, padahal mungkin masalah sing dikuwatirké mau sakjané ora pati gedhé.

Carané bèn ora terlalu kuwatir

  • Wajah sedih.

    Aja kerep-kerep maca, nonton, utawa ngrungokké berita sing èlèk. Ora kabèh berita perlu digatèkké. Nèk kerep maca, nonton, utawa ngrungokké berita sing èlèk, njenengan malah isa dadi wedi lan kuwatir.

    Kandhané Alkitab: ”Wong sing ora semangat bakal kentèkan tenaga.”—Wulang Bebasan 17:22.

    ”Berita-berita sing anyar lan sing nggawé héboh kuwi mémang menarik, tapi nèk terus-terusan nggolèki berita sing kaya ngono, kuwi ya ora apik. Saiki aku ora terlalu nggatèkké berita-berita sing kaya ngono, dadiné aku ora terlalu kuwatir.”—John.

    Coba dipikir: Apa aku mémang kudu selalu ngerti berita sing paling anyar?

  • Jam.

    Nduwé kebiasaan sing apik. Nèk isa tanginé, mangané, karo turuné kudu teratur. Terus, kudu nduwé wektu dienggo gawéan omah. Nèk nduwé kebiasaan sing apik, uripé dadi teratur lan ora terlalu kuwatir.

    Kandhané Alkitab: ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil.”—Wulang Bebasan 21:5.

    ”Wektu mulai ana pandemi COVID-19, kegiatanku dadi kacau soalé wektuku entèk nggo hiburan. Aku péngin uripku luwih teratur, dadi aku nggawé jadwal nggo kegiatan saben dina.”—Joseph.

    Coba dipikir: Apa uripku wis teratur, dadi saben bengi isa turu angler merga wis ora ana sing dipikir?

  • Wajah seneng.

    Sing dipikirké sing apik-apik waé. Nèk njenengan kerep mbayangké utawa mikir sing ora-ora, njenengan malah dadi tambah kuwatir. Sing dipikirké sing apik-apik waé, sing isa disyukuri.

    Kandhané Alkitab: ”Kowé kudu terus ngucap syukur.”—Kolose 3:15.

    ”Nèk maca Alkitab, aku dadi ora terlalu nggatèkké berita-berita sing èlèk. Sing tak pikir dadiné sing apik-apik waé. Kétoké kuwi sepélé, tapi manfaaté gedhé.”—Lisa.

    Coba dipikir: Apa aku luwih kerep mikirké sing èlèk-èlèk daripada sing apik-apik?

  • Hadiah.

    Mikirké wong liya. Nèk lagi kuwatir, mungkin njenengan rasané péngin dhèwèkan. Daripada kaya ngono, luwih apik nèk njenengan nggatèkké wong liya.

    Kandhané Alkitab: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”—Filipi 2:4.

    ”Aku seneng nèk isa mbantu wong liya. Wong-wong sing tak bantu ya isa seneng, terus aku dhéwé ya dadi ora terlalu kuwatir. Merga sibuk mbantu wong liya, aku dadi ora sempet mikirké kekuwatiranku dhéwé.”—Maria.

    Coba dipikir: Apa ana wong sing tak kenal sing kira-kira butuh bantuan, terus apa sing isa tak bantu?

  • Gambar hati.

    Jaga keséhatan. Olahraga lan istirahat sing cukup. Mangan panganan sing séhat. Nèk njaga keséhatan, njenengan isa luwih semangat lan ora terlalu kuwatir.

    Kandhané Alkitab: ”Olahraga kuwi [ana] manfaaté.”—1 Timotius 4:8.

    ”Aku karo anakku lanang ora isa metu-metu kaya biasané. Tapi, kami tetep rutin olahraga ing omah. Aku karo anakku dadi luwih akrab, terus kami ya dadi luwih bahagia.”—Catherine.

    Coba dipikir: Apa aku perlu luwih sering olahraga lan mangané dijaga bèn isa luwih séhat?

Sakliyané nganggo cara-cara mau, akèh sing berhasil ngurangi rasa kuwatir merga sinau Alkitab lan ngerti janji-janjiné Gusti Allah. Deloken artikel ”Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?”

Sing diomongké Alkitab soal rasa kuwatir

Mazmur 55:22: ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé.”a

Artiné: Rasa kuwatiré awaké dhéwé isa dipasrahké marang Gusti Allah léwat donga. Wektu ndonga awaké dhéwé omong-omongan karo Gusti Allah, sing bakal ndhukung lan ”menghibur awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan”.—2 Korintus 1:3, 4.

Wulang Bebasan 12:25: ”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”

Artiné: Nèk lagi kuwatir, critakna karo kanca utawa keluarga sing isa menghibur lan mbantu njenengan.

Matius 6:27: ”Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?”

Artiné: Nèk dipikirké terus, durung mesthi masalahé isa rampung. Dadi, ora ana gunané terus-terusan kuwatir.

Matius 6:31, 32: ”Aja nganti kuwatir lan kandha, ’Apa sing arep tak pangan?’ utawa, ’Apa sing arep tak ombé?’ utawa, ’Apa sing arep tak enggo?’ . . . Bapakmu ing swarga ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.”

Artiné: Gusti Allah Yéhuwah ngerti apa waé sing awaké dhéwé butuhké, misalé panganan, pakaian, lan tempat tinggal, bahkan sakdurungé awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé mbutuhké kuwi kabèh.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim