Markus
16 Wektu dina Sabat wis rampung, Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus, lan Salomé tuku rempah-rempah wangi supaya isa teka lan mblonyohké rempah-rempah kuwi ing mayité Yésus. 2 Wektu isih ésuk banget ing dina kapisan minggu kuwi, wong-wong wadon kuwi teka ing kuburan. 3 Wong-wong kuwi padha kandha, ”Sapa sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan kuwi?” 4 Nanging wektu nyawang kuburan kuwi, jebulé watuné wis diglundhungké, padahal watu kuwi gedhé banget. 5 Pas mlebu ing kuburan, wong-wong mau kagèt, merga ndelok ana wong lanang enom sing nganggo jubah putih lungguh ing sisih tengen. 6 Dhèwèké kandha marang wong-wong wadon kuwi, ”Aja kagèt. Kowé nggolèki Yésus wong Nazarèt sing dipatèni ing cagak. Dhèwèké wis diuripké manèh. Dhèwèké ora ana ing kéné. Coba deloken, iki panggonan dhèwèké dipapanké. 7 Saiki lungaa, kabarana murid-muridé lan Pétrus, kandhaa, ʼDhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé kabèh menyang Galiléa. Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana, kaya sing wis dhèwèké omongké marang kowé.ʼ” 8 Wektu metu saka kuburan, wong-wong kuwi mlayu kanthi ndhredheg lan nggumun banget. Lan saking wediné, wong-wong kuwi ora crita karo sapa-sapa.*