Kisah
11 Para rasul lan sedulur-sedulur ing Yudéa krungu nèk wong-wong saka bangsa liya uga wis nampa pangandikané Gusti Allah. 2 Mula wektu Pétrus tekan Yérusalèm, murid-murid sing ndhukung hukum sunat mulai protès marang* Pétrus, 3 ”Kowé mlebu ing omahé wong-wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi.” 4 Mula Pétrus nyritakké kedadéané kanthi rinci marang wong-wong kuwi. Dhèwèké kandha,
5 ”Ing kutha Yopa, wektu aku lagi ndonga, aku éntuk wahyu, ana sing kaya kain linen amba mudhun saka langit. Pucuké papat kaya dicekeli, lan kain kuwi mudhun persis ing ngarepku. 6 Aku tenanan ngematké kain kuwi, lan jebulé ana kéwan-kéwan sikil papat ing bumi, kéwan-kéwan buas, kéwan sing nggremet,* lan manuk-manuk ing langit. 7 Aku uga krungu swara, ’Ngadega, Pétrus. Belèhen lan panganen!’ 8 Nanging aku njawab, ’Ora isa, merga aku ora tau mangan apa waé sing haram lan najis.’ 9 Swara saka langit kuwi kandha kanggo kaping pindhoné, ’Apa sing wis disucèkké Gusti Allah aja kok anggep haram manèh.’ 10 Iki kelakon nganti ping telu, banjur kabèh keangkat manèh menyang langit. 11 Ing wektu kuwi uga, ana wong telu sing teka ing panggonanku nginep. Wong-wong kuwi diutus marang aku saka Kaisaréa. 12 Roh suci banjur ngandhani aku supaya aku lunga bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu. Ana sedulur enem sing uga mèlu aku, lan aku kabèh mlebu ing omahé Kornélius.
13 ”Wong kuwi nyritakké nèk ana malaékat sing ngadeg ing omahé lan kandha, ’Utusen wong menyang Yopa kanggo ngundang Simon sing disebut Pétrus, 14 lan dhèwèké bakal ngandhani piyé carané supaya kowé lan kabèh keluargamu isa dislametké.’ 15 Nanging wektu aku mulai ngomong, wong-wong ing kono padha nampa roh suci, kaya sing kita tampa pas wiwitan. 16 Weruh kuwi, aku kèlingan apa sing wis tau diomongké Gusti, yaiku, ’Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.’ 17 Dadi, nèk Gusti Allah wis maringké anugrah sing padha marang wong-wong kuwi, kaya sing wis Panjenengané paringké marang kita sing percaya marang Gusti Yésus Kristus, sapa ta aku iki kok nganti wani-waniné ngalang-alangi Gusti Allah?”
18 Wektu krungu kuwi, murid-murid sing ndhukung hukum sunat mau ora protès manèh* lan padha ngluhurké Gusti Allah, kandhané, ”Dadi, Gusti Allah uga maringi kesempatan marang bangsa-bangsa liya kanggo mertobat supaya wong-wong padha nampa urip.”
19 Sakwisé Stéfanus dipatèni, murid-murid dianiaya lan padha mencar ing Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. Nanging murid-murid kuwi martakké kabar apik mung marang wong-wong Yahudi. 20 Senajan ngono, ana murid-murid saka Siprus lan Kiréné sing teka ing Antiokhia, lan mulai martakké kabar apik bab Gusti Yésus marang wong-wong sing basané Yunani. 21 Yéhuwah ndhukung murid-murid kuwi, lan akèh wong dadi percaya lan dadi muridé Gusti.
22 Jemaat ing Yérusalèm krungu kabar kuwi, banjur Barnabas diutus menyang Antiokhia. 23 Wektu Barnabas tekan ing kono, lan weruh nèk Gusti Allah wis maringké welas asih sing nggumunké, dhèwèké dadi bungah banget lan nguwatké kabèh sedulur supaya nduwé tékad kanggo terus setya saktulusé ati marang Gusti. 24 Barnabas kuwi wong sing apik, kapenuhan roh suci, lan nduwé iman sing kuwat. Lan saya akèh wong sing dadi percaya marang Gusti. 25 Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Tarsus kanggo nggolèki Saul kanthi tenanan. 26 Sakwisé ketemu, Barnabas nggawa Saul menyang Antiokhia. Saksuwéné setaun, Barnabas lan Saul ngumpul bareng karo jemaat ing kono lan mulang akèh wong. Ing Antiokhia, liwat tuntunané Gusti Allah, murid-murid kanggo sing sepisanan disebut Kristen.
27 Wektu kuwi, ana nabi-nabi saka Yérusalèm sing teka ing Antiokhia. 28 Salah siji saka nabi-nabi kuwi jenengé Agabus. Liwat tuntunan roh suci, dhèwèké kandha nèk sedhéla manèh bakal ana kurang pangan sing parah ing sak donya. Lan kuwi pancèn kedadéan ing jamané Klaudius. 29 Mula murid-murid mutuské kanggo ngirim bantuan* kanggo sedulur-sedulur ing Yudéa, manut kesanggupané dhéwé-dhéwé. 30 Murid-murid kuwi ngirimké bantuan marang para pinituwa, liwat Barnabas lan Saul.