Roma
7 Sedulur-sedulur, apa kowé kabèh padha ora ngerti nèk hukum Taurat nguwasani wong saksuwéné wong kuwi urip? (Aku ngomong marang wong-wong sing ngerti hukum.) 2 Contoné, hukum Taurat kandha nèk wong wadon sing wis nikah kuwi nyawiji* karo bojoné saksuwéné bojoné isih urip. Nanging, nèk bojoné mati, wong wadon kuwi bébas saka hukumé bojoné. 3 Dadi, nèk wong wadon kuwi nikah karo wong lanang liya wektu bojoné isih urip, wong wadon kuwi nindakké laku jina. Nanging nèk bojoné wis mati, wong wadon kuwi bébas saka hukumé bojoné, mula nèk dhèwèké nikah karo wong lanang liya, wong wadon kuwi ora nindakké laku jina.
4 Semono uga kowé, sedulur-sedulurku. Kowé wis mati ing bab hukum Taurat* liwat badané Kristus, mula kowé isa dadi duwèké Kristus, yaiku sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati, supaya kita isa ngluhurké* Gusti Allah. 5 Mbiyèn, wektu kita urip miturut pepénginané daging, hukum Taurat nduduhké kanthi cetha nèk pepénginan dosa nggawé badan kita dadi dosa, lan dosa kuwi ngasilké pati. 6 Nanging kita wis mati ing bab hukum Taurat, kuwi sebabé saiki kita bébas saka hukum Taurat. Mula, kita ora dadi budhak sing dituntun karo hukum sing ditulis, nanging kita kudu dadi budhak sing dituntun roh suci.
7 Mula, terus piyé? Apa hukum Taurat kuwi ora sampurna?* Mesthiné ora! Nyatané, aku ora bakal ngerti bab dosa nèk ora ana hukum kuwi. Contoné, nèk hukum kuwi ora kandha, ”Aja nduwé pepénginan marang duwèké wong liya,” aku ya ora bakal ngerti nèk kuwi salah. 8 Nanging merga saka hukum kuwi, dosa dadi éntuk kesempatan kanggo nggawé aku nduwé pepénginan marang duwèké wong liya, merga sakdurungé ana hukum, dosa kuwi mati. 9 Sakjané, mbiyèn aku urip sakdurungé ana hukum. Nanging wektu hukum teka, dosa dadi urip manèh, nanging aku mati. 10 Hukum sing kuduné nuntun marang urip, jebulé malah nuntun marang pati. 11 Merga saka hukum mau, dosa dadi éntuk kesempatan kanggo nggodha lan matèni aku. 12 Dadi hukum Taurat dhéwé kuwi suci, lan préntahé uga suci, bener, lan apik.
13 Nèk ngono, apa kuwi tegesé bab sing apik* kuwi sing matèni aku? Babar blas ora! Nanging dosa sing matèni aku. Liwat bab sing apik, dosa nggawé aku mati supaya kétok cetha apa dosa kuwi. Lan hukum nduduhké nèk dosa kuwi jahat banget. 14 Kita ngerti nèk hukum Taurat kuwi saka Gusti Allah,* nanging aku ora sampurna, sing diedol dadi budhaké dosa. 15 Aku ora nindakké perkara-perkara sing péngin tak tindakké, nanging aku malah nindakké perkara-perkara sing tak sengiti. Aku ora ngerti ngapa aku nindakké kuwi. 16 Nanging senajan aku ora nindakké bab apik sing péngin tak tindakké, aku setuju nèk hukum Taurat kuwi apik. 17 Dadi dudu aku sing nindakké kuwi, nanging dosa sing ana ing aku. 18 Aku ngerti nèk ing awakku, yaiku ing badanku,* ora ana sing apik. Aku péngin nindakké apa sing apik, nanging aku ora sanggup nindakké kuwi. 19 Bab sing apik sing tak péngini ora tak tindakké, nanging bab èlèk sing ora tak péngini malah tak tindakké. 20 Dadi, nèk aku nindakké apa sing ora tak péngini, kuwi tegesé nèk sing nindakké kuwi dudu aku, nanging dosa sing ana ing aku.
21 Mula, iki sing tak rasakké: Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku. 22 Ing njero atiku, aku bener-bener seneng hukumé Gusti Allah, 23 nanging aku ngerti nèk ing badanku ana hukum liya sing perang nglawan hukum pikiranku, lan hukum kuwi nggawé aku dadi tawanan hukum dosa. 24 Sengsara tenan aku iki! Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati iki? 25 Sokur marang Gusti Allah, sing bakal nylametké aku liwat Yésus Kristus, Gusti kita! Mula nganggo pikiranku, aku iki budhak hukumé Gusti Allah, nanging nganggo badanku, aku iki budhak hukumé dosa.