1 Korintus
4 Aku péngin wong-wong nganggep aku kabèh iki pelayané Kristus lan pengurus sing dipercaya kanggo ngurus rahasia suciné Gusti Allah. 2 Wong sing dadi pengurus kudu setya. 3 Kanggoku, kok adili utawa diadili karo pengadilané manungsa kuwi ora penting. Aku malah ora ngadili awakku dhéwé, 4 merga aku ora rumangsa nindakké salah. Nanging iki dudu tegesé aku wong sing bener. Sing ngadili aku kuwi mung Yéhuwah. 5 Mula, aja ngadili sapa-sapa sakdurungé wektuné, nanging entènana nganti Gusti teka. Dhèwèké bakal nggawa menyang pepadhang bab-bab sing didhelikké ing pepeteng lan bakal nyingkapké apa sing ana ing ati kita. Banjur saben wong bakal éntuk pujian sing pantes ditampa saka Gusti Allah.
6 Sedulur-sedulur, apa sing tak omongké mau kanggo paédahmu. Aku nggunakké awakku dhéwé lan Apolos dadi conto supaya kowé isa ngerti aturan iki: ”Aja ngungkuli perkara-perkara sing wis ditulis.” Nèk nindakké kuwi, kowé ora bakal dadi sombong lan ora bakal nganggep wong siji luwih apik ketimbang liyané. 7 Apa sing nggawé kowé rumangsa luwih apik ketimbang wong liya? Apa dudu Gusti Allah sing maringi kabèh sing kok duwèni? Nèk Panjenengané maringi kowé samubarang sing kok duwèni, ngapa kok kowé bangga kaya-kayané kabèh kuwi hasil upayamu dhéwé?
8 Apa kowé wis rumangsa puas? Apa kowé wis padha sugih? Apa kowé wis mulai mréntah dadi raja tanpa aku kabèh? Aku pancèn ngarep-arep kowé kabèh wis mulai mréntah dadi raja, supaya aku kabèh uga isa mréntah dadi raja bareng karo kowé. 9 Kaya-kayané, Gusti Allah wis ndadèkké aku kabèh, yaiku para rasul, dadi kelompok sing pungkasan sing dilebokké ing stadion kanggo dadi tontonan, merga aku kabèh wis divonis mati. Aku kabèh ditonton karo donya, malaékat, lan manungsa. 10 Aku kabèh dadi wong-wong sing bodho merga Kristus, nanging kowé wicaksana merga dadi pengikuté Kristus. Aku kabèh tanpa daya nanging kowé kuwat. Kowé dihormati nanging aku kabèh dirèmèhké. 11 Nganti saiki aku isih kaliren, ngelak, kekurangan klambi,* digebugi, ora nduwé omah 12 lan nyambut gawé rekasa. Wektu dirèmèhké, aku kabèh nanggepi kanthi apik. Wektu dianiaya, aku kabèh tetep tekun kanthi sabar. 13 Wektu dipitenah, aku kabèh njawab kanthi alus. Nganti saiki, aku kabèh dianggep kaya sampah donya lan sampah masyarakat.
14 Aku nulis kabèh iki ora kanggo ngisin-isinké kowé, nanging kanggo mènèhi naséhat marang kowé kaya anak-anakku dhéwé sing tak tresnani. 15 Senajan kowé nduwé 10.000 guru* sing mulang kowé carané ngetutké Kristus, nanging kowé ora nduwé akèh bapak. Senajan ngono, aku dadi bapakmu merga aku mènèhi kabar apik bab Kristus Yésus marang kowé kabèh. 16 Dadi, aku nyuwun supaya kowé kabèh padha niru aku. 17 Kuwi sebabé aku ngutus Timotius marang kowé kabèh, merga dhèwèké kuwi anak sing tak tresnani, sing setya ngabdi marang Gusti. Dhèwèké bakal ngélingké kowé kabèh bab cara-cara* sing tak tindakké wektu ngabdi marang Kristus Yésus, kaya sing wis tak wulangké ing saben jemaat.
18 Sapérangan wong saka antaramu nduwé sikap sombong merga ngira nèk aku ora bakal teka. 19 Nanging, ora suwé manèh aku bakal teka, nèk kuwi kersané Yéhuwah. Aku péngin ngerti wong-wong sombong kuwi, ora kanggo ngerti omongané, nanging kanggo ngerti apa wong-wong kuwi dituntun kuwasané Gusti Allah apa ora, 20 merga Kratoné Allah ora diduduhké nganggo omongan, nanging nganggo kuwasané Gusti Allah. 21 Banjur endi sing kok pilih? Apa kowé péngin aku teka karo nggawa penthung, utawa aku teka nganggo katresnan lan watak sing alus?