Éfésus
3 Aku, Paulus, dipenjara demi Kristus Yésus lan demi kowé kabèh, yaiku wong-wong saka bangsa liya. 2 Kowé kabèh mesthi wis padha krungu nèk aku wis nampa tanggung jawab* kanggo mbantu kowé supaya éntuk paédah saka welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* 3 Gusti Allah wis nyingkapké rahasia suciné marang aku, sing sakdurungé wis tak tulis kanthi singkat marang kowé. 4 Dadi wektu kowé maca iki, kowé kabèh bakal ngerti nèk aku paham rahasia suci bab Kristus. 5 Ing jaman* mbiyèn, Gusti Allah durung nduduhké rahasia iki kanthi cetha marang putra-putrané manungsa. Nanging saiki, liwat roh suci, Panjenengané wis nduduhké rahasia iki kanthi cetha marang para rasul lan para nabiné sing suci. 6 Rahasia kuwi yaiku: Liwat kabar apik, wong-wong saka bangsa liya sing nyawiji karo Kristus Yésus, bakal dadi ahli waris bareng karo Kristus lan dadi anggota saka badan sing padha. Wong-wong kuwi uga bakal nampa bab sing padha, sing wis dijanjèkké Gusti Allah marang aku kabèh. 7 Aku dadi pelayan kanggo rahasia kuwi merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* sing diparingké marang aku liwat kuwasané.
8 Aku iki sing paling asor ing antarané para wong suci. Nanging welas asihé sing nggumunké* kuwi diparingké marang aku, supaya aku isa martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya bab berkah saka Kristus sing cacahé nganti ora isa diétung, 9 lan nggawé kabèh wong padha ngerti bab piyé rahasia suci kuwi ditindakké. Wiwit jaman mbiyèn, rahasia kuwi didhelikké karo Gusti Allah sing nggawé samubarang kabèh. 10 Nganggo cara kuwi, liwat jemaat, saiki para pamréntah lan panguwasa ing swarga isa ngerti bab kawicaksanané Gusti Allah sing kétok saka kabèh perkara. 11 Iki mau kabèh cocog karo kersané sing langgeng, sing wis Panjenengané tetepké supaya kelakon liwat Kristus Yésus Gusti kita. 12 Merga nduwé iman marang dhèwèké, kita isa nduwé kebébasan kanggo ngomong lan isa nyedhak marang Gusti Allah kanthi bébas. 13 Mula, aku nyuwun marang kowé supaya kowé aja nganti cilik ati merga ngerti kasangsaran sing tak alami demi kowé, sebab kasangsaranku iki bakal nggawé kowé dimulyakké.
14 Kanggo alesan kuwi aku jèngkèng ing ngarsané Bapak. 15 Kabèh keluarga ing bumi lan ing swarga ana merga Panjenengané.* 16 Aku ndonga marang Gusti Allah sing kebak kamulyan supaya nggunakké kuwasa roh suciné kanggo nguwatké ati lan pikiranmu. 17 Aku uga ndonga marang Gusti Allah supaya liwat imanmu, Kristus lan katresnan sing kudu kok duwèni manggon ing atimu. Muga-muga kowé ngoyod lan kukuh ing ndhuwuré pondhasi kuwi, 18 supaya kaya para wong suci, kowé isa paham tenan bab sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné bab-bab rohani, 19 lan ngerti bab katresnané Kristus sing luwih penting ketimbang pangertèn. Nganggo cara kuwi, kowé isa nampa kabèh sipaté Gusti Allah sing diparingké marang kowé kanthi lengkap.
20 Gusti Allah, liwat kuwasané sing ana ing kita, isa nindakké perkara-perkara sing luwih akèh ketimbang sing kita jaluk utawa pikirké. 21 Mula Panjenengané pantes nampa kamulyan liwat jemaat lan liwat Kristus Yésus, turun-temurun nganti saklawas-lawasé. Amin.