Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo nada Syèminit.* Lagu sing digawé Daud.
12 Oh Yéhuwah, slametna aku merga wis ora ana manèh wong sing setya.
Ora ana manèh wong sing isa dipercaya ing antarané manungsa.
2 Wong-wong padha ngapusi liyané.
Liwat omongané, wong-wong kuwi nyanjung-nyanjung lan ngapusi wong liya.+
3 Yéhuwah bakal mbungkem cangkemé wong sing seneng nyanjung-nyanjung
Lan ngethok ilaté wong sing seneng nyombongké awaké dhéwé,+
4 Sing ngomong ngéné, ”Merga omonganku, tujuanku mesthi bakal berhasil.
Aku isa ngomong sak karepku dhéwé.
Ora ana sing isa ngatur aku.”+
5 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal tumindak.
Aku bakal nylametké wong sing susah merga ditindhes+
Lan wong mlarat sing padha sambat
Saka wong sing ngrendhahké wong-wong kuwi.”
6 Omongané Yéhuwah kuwi murni.+
Kuwi kaya pérak sing diobong ping pitu ing tungku tanah liat* bèn dadi murni.
7 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal njaga wong-wong kuwi.+
Nganti saklawasé, Njenengan bakal nglindhungi wong-wong kuwi saka wong jahat.*
8 Wong jahat bébas lunga ing endi waé
Merga manungsa ngunggulké tumindak sing bejat.+