Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Kanggo Néhilot.* Lagu sing digawé Daud.
5 Oh Yéhuwah, rungokna omonganku.+
Gatèkna kesusahanku.
2 Oh Rajaku lan Gusti Allahku, tulung rungokna aku wektu aku njaluk tulung,
Merga aku ndonga marang Njenengan.
3 Oh Yéhuwah, ésuk-ésuk Njenengan bakal ngrungokké swaraku.+
Ésuk-ésuk aku bakal nyritakké apa sing tak kuwatirké marang Njenengan+ lan ngentèni jawaban-Mu.
4 Njenengan kuwi Gusti Allah sing ora seneng karo kejahatan.+
Ora ana wong jahat sing éntuk ana ing panggonan-Mu.+
5 Ora ana wong sombong sing éntuk ngadeg ing ngarepé Njenengan.
Njenengan sengit karo kabèh wong sing tumindaké jahat.+
6 Njenengan bakal nyingkirké wong sing ngapusi.+
Yéhuwah sengit karo wong sing kejem* lan seneng ngapusi.+
7 Ning, merga katresnan-Mu,*+ aku bakal mlebu ing panggonan-Mu.+
Aku bakal sujud madhep bait-Mu sing suci bèn aku isa nyembah* Njenengan.+
8 Oh Yéhuwah, Njenengan adil.* Tulung tuntunen lan lindhungi aku saka mungsuh-mungsuhku.
Tulung singkirna sing ngalangi aku nindakké préntah-Mu.+
9 Omongané wong-wong kuwi ora isa dipercaya.
Pikirané mung mikirké apa sing jahat.
Cangkemé kaya kuburan sing mbukak.
Wong-wong kuwi nyanjung-nyanjung nganggo omongané.*+
10 Ning, Gusti Allah bakal nganggep wong-wong kuwi salah.
Rencanané wong-wong kuwi bakal nggawé wong-wong kuwi dhéwé cilaka.+
Muga-muga wong-wong kuwi diusir merga pelanggarané akèh banget
Lan wis mbrontak nglawan Njenengan.
11 Ning, kabèh wong sing nggolèk perlindungan marang Njenengan bakal bahagia.+
Wong-wong kuwi mesthi bakal sorak-sorak merga seneng.
Njenengan bakal ngalangi wong-wong sing arep nyilakani wong-wong kuwi,
Lan wong-wong sing nresnani jeneng-Mu bakal bahagia merga Njenengan.
12 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal mberkahi kabèh wong sing bener.
Kaya tamèng sing gedhé,+ Njenengan nglindhungi wong-wong kuwi merga seneng karo wong-wong kuwi.