Yésaya
12 Wektu kuwi kowé bakal ngomong,
”Oh Yéhuwah, maturnuwun
Merga Njenengan ora nesu manèh karo aku senajan mbiyèn Njenengan nesu.
Maturnuwun merga Njenengan menghibur aku.+
2 Gusti Allah kuwi sing nylametké aku.+
Aku bakal percaya marang Dhèwèké, lan aku ora bakal wedi.+
Yah* Yéhuwah kuwi sing nglindhungi aku.
Dhèwèké sing nylametké aku.”+
3 Kowé bakal ngrasa seneng
Wektu nimba banyu saka mata air sing isa nylametké.+
4 Wektu kuwi kowé bakal ngomong,
”Ucapna syukur marang Yéhuwah, sebutna jenengé wektu ndonga,
Critakna soal tumindaké marang bangsa-bangsa.+
Critakna nèk jenengé kuwi luhur.+
5 Kowé kudu nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah,+ merga sing wis ditindakké kuwi hébat banget.+
Critakna kabèh kuwi marang kabèh wong ing bumi.
6 Hé penduduk Zion,* kowé kudu sorak-sorak,
Merga Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci sing ana ing tengah-tengahmu kuwi hébat.”