PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kidung Pangadhuh 3
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Kidung Pangadhuh

      • Yérémia nyritakké perasaan lan harapané

        • ”Aku bakal sabar ngentèni Njenengan” (21)

        • Saben ésuk, Gusti Allah nduduhké rasa mesakké (22, 23)

        • Gusti Allah apikan marang wong sing ngarep-arep Dhèwèké (25)

        • Apik nèk wong gelem mikul beban pas isih enom (27)

        • Gusti Allah ngalang-alangi dalan marang Dhèwèké nganggo méga (43, 44)

Kidung Pangadhuh 3:2

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15, 29; Yér 13:16

Kidung Pangadhuh 3:3

Réferènsi Silang

  • +Yés 63:10

Kidung Pangadhuh 3:5

Réferènsi Silang

  • +Yér 8:14; 9:15; KP 3:19

Kidung Pangadhuh 3:7

Réferènsi Silang

  • +Yér 39:7

Kidung Pangadhuh 3:8

Réferènsi Silang

  • +Mzm 80:4; 102:2; Yés 1:15; Mi 3:4

Kidung Pangadhuh 3:9

Réferènsi Silang

  • +Yés 63:17

Kidung Pangadhuh 3:10

Réferènsi Silang

  • +Ayb 38:39, 40; Hos 5:14; Am 5:18, 19

Kidung Pangadhuh 3:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”nggawé aku ora ana gunané”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 6:8; 32:43

Kidung Pangadhuh 3:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 9:15; 23:15

Kidung Pangadhuh 3:16

Réferènsi Silang

  • +Mzm 102:9; Yér 6:26

Kidung Pangadhuh 3:19

Réferènsi Silang

  • +Néh 9:32; Mzm 137:1
  • +Yér 9:15; KP 3:5

Kidung Pangadhuh 3:20

Réferènsi Silang

  • +Mzm 113:5-7

Kidung Pangadhuh 3:21

Réferènsi Silang

  • +Mzm 130:6-8; Mi 7:7

Kidung Pangadhuh 3:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Ézr 9:8
  • +Néh 9:31; Yér 30:11; Mi 7:18

Kidung Pangadhuh 3:23

Réferènsi Silang

  • +Mzm 30:5
  • +PT 32:4; Mzm 36:5

Kidung Pangadhuh 3:24

Réferènsi Silang

  • +Mzm 16:5; 73:26; 142:5
  • +Mzm 130:6-8

Kidung Pangadhuh 3:25

Réferènsi Silang

  • +Mzm 25:3; 130:5; Yés 25:9; 30:18; Mi 7:7
  • +1Bb 28:9; Yés 26:9; Zéf 2:3

Kidung Pangadhuh 3:26

Réferènsi Silang

  • +Mzm 37:7
  • +Mzm 116:6

Kidung Pangadhuh 3:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mikul kayu ing guluné”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 119:71

Kidung Pangadhuh 3:28

Réferènsi Silang

  • +Mzm 39:8, 9; KP 3:39

Kidung Pangadhuh 3:29

Réferènsi Silang

  • +Yèh 16:63
  • +Yl 2:12-14

Kidung Pangadhuh 3:30

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ngamplengi”.

Kidung Pangadhuh 3:31

Réferènsi Silang

  • +Yér 3:12; 31:37; 32:40; Mi 7:18

Kidung Pangadhuh 3:32

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 30:5; 103:9, 11; Yés 54:7; Yér 31:20

Kidung Pangadhuh 3:33

Réferènsi Silang

  • +Yés 55:7; Yèh 33:11; 2Ptr 3:9

Kidung Pangadhuh 3:34

Réferènsi Silang

  • +Mzm 102:19, 20

Kidung Pangadhuh 3:35

Réferènsi Silang

  • +Mzm 12:5; WB 17:15

Kidung Pangadhuh 3:39

Réferènsi Silang

  • +Mzm 103:10; Mi 7:9

Kidung Pangadhuh 3:40

Réferènsi Silang

  • +Hag 1:5
  • +PT 4:30; Yés 55:7; Yl 2:13

Kidung Pangadhuh 3:41

Réferènsi Silang

  • +PT 4:29; 2Bb 7:14; 34:27

Kidung Pangadhuh 3:42

Réferènsi Silang

  • +Néh 9:26
  • +2Raj 24:3, 4; Dan 9:5, 12

Kidung Pangadhuh 3:43

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +WB 15:8
  • +PT 4:26; KP 2:2; Yèh 9:10

Kidung Pangadhuh 3:44

Réferènsi Silang

  • +Mzm 80:4; WB 15:29; 28:9; Yés 1:15; Mi 3:4; Za 7:13

Kidung Pangadhuh 3:46

Réferènsi Silang

  • +KP 2:16

Kidung Pangadhuh 3:47

Réferènsi Silang

  • +PT 28:66, 67
  • +Yés 51:19; Yér 4:6

Kidung Pangadhuh 3:48

Réferènsi Silang

  • +Yér 9:1

Kidung Pangadhuh 3:49

Réferènsi Silang

  • +Yér 14:17; KP 1:16

Kidung Pangadhuh 3:50

Réferènsi Silang

  • +Mzm 80:14; 102:19-21; Yés 63:15

Kidung Pangadhuh 3:51

Réferènsi Silang

  • +Yér 11:22

Kidung Pangadhuh 3:53

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mbalangi”.

Kidung Pangadhuh 3:55

Réferènsi Silang

  • +Mzm 130:1; Yun 2:1, 2

Kidung Pangadhuh 3:57

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Kidung Pangadhuh 3:58

Réferènsi Silang

  • +Yér 50:34

Kidung Pangadhuh 3:59

Réferènsi Silang

  • +Yér 51:36, 37

Kidung Pangadhuh 3:61

Réferènsi Silang

  • +Mzm 74:18

Kidung Pangadhuh 3:66

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

KP. 3:2PT 28:15, 29; Yér 13:16
KP. 3:3Yés 63:10
KP. 3:5Yér 8:14; 9:15; KP 3:19
KP. 3:7Yér 39:7
KP. 3:8Mzm 80:4; 102:2; Yés 1:15; Mi 3:4
KP. 3:9Yés 63:17
KP. 3:10Ayb 38:39, 40; Hos 5:14; Am 5:18, 19
KP. 3:11Yér 6:8; 32:43
KP. 3:15Yér 9:15; 23:15
KP. 3:16Mzm 102:9; Yér 6:26
KP. 3:19Néh 9:32; Mzm 137:1
KP. 3:19Yér 9:15; KP 3:5
KP. 3:20Mzm 113:5-7
KP. 3:21Mzm 130:6-8; Mi 7:7
KP. 3:22Ézr 9:8
KP. 3:22Néh 9:31; Yér 30:11; Mi 7:18
KP. 3:23Mzm 30:5
KP. 3:23PT 32:4; Mzm 36:5
KP. 3:24Mzm 16:5; 73:26; 142:5
KP. 3:24Mzm 130:6-8
KP. 3:25Mzm 25:3; 130:5; Yés 25:9; 30:18; Mi 7:7
KP. 3:251Bb 28:9; Yés 26:9; Zéf 2:3
KP. 3:26Mzm 37:7
KP. 3:26Mzm 116:6
KP. 3:27Mzm 119:71
KP. 3:28Mzm 39:8, 9; KP 3:39
KP. 3:29Yèh 16:63
KP. 3:29Yl 2:12-14
KP. 3:31Yér 3:12; 31:37; 32:40; Mi 7:18
KP. 3:32Mzm 30:5; 103:9, 11; Yés 54:7; Yér 31:20
KP. 3:33Yés 55:7; Yèh 33:11; 2Ptr 3:9
KP. 3:34Mzm 102:19, 20
KP. 3:35Mzm 12:5; WB 17:15
KP. 3:39Mzm 103:10; Mi 7:9
KP. 3:40Hag 1:5
KP. 3:40PT 4:30; Yés 55:7; Yl 2:13
KP. 3:41PT 4:29; 2Bb 7:14; 34:27
KP. 3:42Néh 9:26
KP. 3:422Raj 24:3, 4; Dan 9:5, 12
KP. 3:43WB 15:8
KP. 3:43PT 4:26; KP 2:2; Yèh 9:10
KP. 3:44Mzm 80:4; WB 15:29; 28:9; Yés 1:15; Mi 3:4; Za 7:13
KP. 3:46KP 2:16
KP. 3:47PT 28:66, 67
KP. 3:47Yés 51:19; Yér 4:6
KP. 3:48Yér 9:1
KP. 3:49Yér 14:17; KP 1:16
KP. 3:50Mzm 80:14; 102:19-21; Yés 63:15
KP. 3:51Yér 11:22
KP. 3:55Mzm 130:1; Yun 2:1, 2
KP. 3:58Yér 50:34
KP. 3:59Yér 51:36, 37
KP. 3:61Mzm 74:18
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
  • 45
  • 46
  • 47
  • 48
  • 49
  • 50
  • 51
  • 52
  • 53
  • 54
  • 55
  • 56
  • 57
  • 58
  • 59
  • 60
  • 61
  • 62
  • 63
  • 64
  • 65
  • 66
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kidung Pangadhuh 3:1-66

Kidung Pangadhuh

א [Alef]

3 Aku iki wong sing wis ndelok nèk wong-wong padha susah merga dihukum Gusti Allah sing nesu banget.

 2 Dhèwèké ngusir aku lan nggawé aku mlaku ing petengan, ora ing padhangan.+

 3 Sedina muput, tangané bola-bali nglawan aku.+

ב [Bet]

 4 Dhèwèké nggawé daging lan kulitku entèk.

Dhèwèké nugel balung-balungku.

 5 Dhèwèké ngepung aku. Dhèwèké ngubengi aku nganggo tanduran beracun+ lan kesusahan.

 6 Dhèwèké meksa aku manggon ing panggonan-panggonan sing peteng, kaya wong sing wis mati suwé.

ג [Gimel]

 7 Dhèwèké ngurung aku nganggo témbok bèn aku ora isa metu.

Dhèwèké nalèni sikilku nganggo ranté tembaga sing abot.+

 8 Wektu aku bengok-bengok njaluk tulung, Dhèwèké ora gelem ngrungokké dongaku.+

 9 Dhèwèké ngalang-alangi dalanku nganggo watu sing dipotong.

Dhèwèké nggawé dalanku angèl diliwati.+

ד [Dalet]

10 Dhèwèké nunggu kanggo nyerang aku kaya beruang, kaya singa sing lagi ngincer mangsané.+

11 Dhèwèké meksa aku metu saka jalur, terus nyabik-nyabik aku.*

Dhèwèké nggawé aku telantar.+

12 Dhèwèké nekuk busur panahé, lan aku didadèkké sasaran panah.

ה [He]

13 Dhèwèké manah ginjalku nganggo anak-anak panah saka wadhah panahé.

14 Aku dadi bahan guyonan kabèh wong. Sedina muput, wong-wong kuwi ngécé aku nganggo nyanyiané.

15 Dhèwèké nggawé aku wareg nganggo sing pait-pait. Dhèwèké nggawé aku terus-terusan ngombé tanduran pait.+

ו [Waw]

16 Dhèwèké nggawé untuku tugel merga krikil.

Dhèwèké nggawé aku mbungkuk ing awu merga kewedèn.+

17 Njenengan ngrampas kedamaianku. Aku wis lali rasané bahagia.

18 Mula aku kandha, ”Kemuliaanku wis ilang. Harapanku marang Yéhuwah ya wis ilang.”

ז [Zayin]

19 Élinga nèk aku susah lan ora nduwé omah.+ Élinga nèk aku mangan tanduran pait lan tanduran beracun.+

20 Njenengan mesthi bakal éling lan mbungkuk kanggo mbantu aku.+

21 Aku terus mikirké soal kuwi, mula aku bakal sabar ngentèni Njenengan.+

ח [Het]

22 Merga katresnané Yéhuwah sing langgeng,* awaké dhéwé ora dipatèni.+

Rasa mesakké sing Njenengan duduhké ya ora ana entèké.+

23 Saben ésuk,+ Dhèwèké nduduhké rasa mesakké. Dhèwèké mesthi isa dipercaya.+

24 Aku kandha, ”Yéhuwah kuwi bagéanku,+ mula aku bakal sabar ngentèni Dhèwèké.”+

ט [Tet]

25 Yéhuwah apikan marang wong sing ngarep-arep Dhèwèké,+ marang wong sing terus nggolèki Dhèwèké.+

26 Apik nèk wong sabar ngentèni+ keslametan saka Yéhuwah.+

27 Apik nèk wong gelem mikul beban* pas isih enom.+

י [Yod]

28 Wong kuwi bèn lungguh dhèwèkan lan meneng waé pas Gusti Allah ndèlèhké beban marang wong kuwi.+

29 Wong kuwi bèn sujud nganti rainé ing lemah,+ mungkin isih ana harapan.+

30 Wong kuwi bèn mènèhké pipiné marang wong sing ngantemi* dhèwèké. Bèn waé dhèwèké dadi isin banget.

כ [Kaf]

31 Sebab Yéhuwah ora bakal ninggalké awaké dhéwé nganti saklawasé.+

32 Senajan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé sedhih, ning Dhèwèké mesthi ya bakal mesakké awaké dhéwé merga katresnané sing langgeng* gedhé banget.+

33 Sebab Dhèwèké ora seneng nggawé anak-anaké manungsa padha susah utawa sedhih.+

ל [Lamed]

34 Nèk ana wong sing ngidak-idak kabèh tahanan ing bumi,+

35 Nèk ana sing ora adil ing ngarepé Sing Mahaluhur,+

36 Nèk ana wong sing ngapusi wektu mbéla kasus,

Yéhuwah ora seneng karo kuwi kabèh.

מ [Mem]

37 Nèk Yéhuwah ora mréntahké, sapa sing isa ngomong lan nyebabké omongané kelakon?

38 Sing Mahaluhur ora mungkin ngomongké sing apik bareng karo sing èlèk.

39 Ngapa kok wong ndadak sambat pas ngrasakké akibat saka dosané dhéwé?+

נ [Nun]

40 Ayo padha nliti lan mriksa tumindaké awaké dhéwé,+ lan ayo mertobat marang Yéhuwah.+

41 Ayo awaké dhéwé saktulusé ati njaluk marang Gusti Allah ing swarga+ lan ngangkat tangané awaké dhéwé karo ndonga,

42 ”Aku lan bangsaku wis dosa lan mbrontak,+ lan Njenengan ora ngapura+ aku lan bangsaku.

ס [Samekh]

43 Njenengan nesu lan ora gelem ngrungokké dongaku lan dongané bangsaku.+

Njenengan ngoyak* lan matèni aku lan bangsaku tanpa nduwé rasa mesakké.+

44 Njenengan ngalang-alangi dalan marang Njenengan nganggo méga, mula dongaku lan dongané bangsaku ora isa tekan.+

45 Njenengan ndadèkké aku lan bangsaku kaya sampah lan regedan ing antarané bangsa-bangsa.”

פ [Pe]

46 Kabèh mungsuh padha ngécé aku lan bangsaku.+

47 Aku lan bangsaku terus kewedèn lan sengsara merga kena bencana.+ Aku lan bangsaku ya telantar lan hancur.+

48 Air mataku dlèwèran terus merga anakku wédok, yaiku bangsaku, hancur.+

ע [Ayin]

49 Mripatku terus-terusan nangis tanpa mandheg,+

50 Nganti Yéhuwah nggatèkké saka swarga lan ndelok apa sing kelakon.+

51 Aku susah pas ndelok apa sing dialami kutha-kutha ing sekitarku.+

צ [Tsade]

52 Tanpa alesan, mungsuh-mungsuhku mburu aku kaya manuk.

53 Wong-wong kuwi ngupaya nyemplungké aku ing njero lubang bèn aku mati. Wong-wong kuwi mbandhemi* aku nganggo watu.

54 Aku wis mèh kleleb, lan aku kandha, ”Mati aku!”

ק [Qof]

55 Saka dhasar lubang, aku nyebut jeneng-Mu, oh Yéhuwah.+

56 Rungokna swaraku. Aja nutupi kupingé Njenengan pas aku mbengok njaluk tulung, njaluk bantuan.

57 Pas aku ngundang* Njenengan, Njenengan nyedhak lan kandha, ”Aja wedi.”

ר [Res]

58 Oh Yéhuwah, Njenengan wis mbéla aku ing pengadilan. Njenengan wis nebus nyawaku.+

59 Oh Yéhuwah, Njenengan wis ndelok nèk wong-wong ora adil karo aku. Tulung wènèhana aku keadilan.+

60 Njenengan wis ndelok nèk wong-wong kuwi balas dendam lan nggawé siasat jahat kanggo aku.

ש [Sin] utawa [Syin]

61 Oh Yéhuwah, Njenengan wis krungu hinaané wong-wong kuwi, kabèh siasat jahaté wong-wong kuwi kanggo aku.+

62 Mungsuh-mungsuhku padha ngomong lan bisik-bisik soal aku sedina muput.

63 Deloken wong-wong kuwi. Pas padha lungguh utawa ngadeg, wong-wong kuwi ngécé aku nganggo nyanyian-nyanyiané.

ת [Taw]

64 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal mbales wong-wong kuwi sesuai karo tumindaké.

65 Njenengan bakal ngutuk wong-wong kuwi, yaiku nggawé atiné wong-wong kuwi dadi atos.

66 Yéhuwah, Njenengan bakal ngoyak* wong-wong kuwi karo nesu lan nyingkirké wong-wong kuwi saka bumi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim