Hoséa
10 ”Israèl kuwi kaya wit anggur sing saya èlèk mutuné sing isih ngetokké buah.+
Saya akèh buahé, saya akèh mézbahé.+
Saya apik hasil tanahé, saya apik tugu suciné.*+
2 Atiné wong-wong kuwi munafik.
Saiki wong-wong kuwi bakal konangan nèk salah.
Mézbah-mézbahé bakal diremuk, lan tugu-tuguné bakal dihancurké.
3 Saiki wong-wong kuwi bakal kandha, ’Awaké dhéwé ora nduwé raja+ merga awaké dhéwé ora wedi marang* Yéhuwah.
Senajan awaké dhéwé nduwé raja, apa gunané kanggo awaké dhéwé?’
4 Wong-wong kuwi ngomong sing ora ana gunané, nggawé sumpah palsu,+ lan nggawé perjanjian.
Mula, tumindak sing ora adil ana ing endi-endi kaya tanduran beracun ing ladhang.+
5 Patung anak sapi ing Bèt-awèn+ bakal digawa menyang tanah liya.
Mula, penduduk Samaria bakal kuwatir.
Wong-wong sing nyembah kuwi bakal sedhih banget,
Para imamé allah palsu sing mbiyèn bangga karo brahala kuwi lan kemuliaané ya bakal sedhih banget.
6 Patung kuwi bakal digawa menyang Asiria bèn dadi hadiah kanggo raja sing agung.+
Éfraim bakal diisin-isinké,
Lan Israèl bakal isin merga manut naséhat sing ora bener.+
7 Samaria lan rajané mesthi bakal dipatèni,+
Kaya cabang sing tugel sing ngambang ing banyu.
8 Panggonan-panggonan dhuwur* ing Bèt-awèn+ sing nyebabké Israèl nindakké dosa+ bakal dihancurké.+
Tanduran eri lan suket liar bakal thukul ing mézbah-mézbahé.+
Wong-wong bakal kandha marang gunung-gunung, ’Dhelikna aku.’
Lan marang bukit-bukit, ’Tutupana aku.’+
9 Hé Israèl, kèt peristiwa ing Gibéah, kowé wis nindakké dosa.+
Kowé ora berubah.
Senajan ana perang nglawan wong-wong sing ora bener ing Gibéah, ning wong-wong kuwi isih tetep ana.
10 Nèk Aku péngin ngukum, wong-wong kuwi bakal Tak hukum.
Pas wong-wong kuwi nanggung akibat saka loro kesalahané,
Bangsa-bangsa liya bakal nggabung kanggo nglawan wong-wong kuwi.
11 Mbiyèn, Éfraim kaya sapi wédok sing isih enom sing terlatih kanggo ngidak-idak biji-bijian.
Mula, guluné sing apik kuwi ora Tak pasangi kayu.
Ning saiki, Aku bakal ngongkon wong nunggangi* Éfraim.+
Yéhuda bakal mbajak. Yakub bakal ngratakké lemah kanggo wong kuwi.
12 Sebaren apa sing bener, lan kowé bakal manèn katresnan sing langgeng.*
Bajaken tanah sing cocog kanggo ditanduri,+
Mumpung isih ana wektu nggolèki Yéhuwah+
Nganti Dhèwèké teka lan mulang kowé soal apa sing bener lan adil.+
13 Ning, kowé wis nyebar* apa sing jahat.
Mula kowé manèn apa sing ora adil,+
Lan kowé mangan hasil saka penipuanmu.
Kowé percaya karo awakmu dhéwé,
Karo tentaramu sing akèh banget.
14 Bakal ana swara perang nglawan bangsamu,
Lan kabèh kutha-kuthamu sing ana bèntèngé bakal dihancurké,+
Kaya pas Syalman ngancurké Bèt-Arbèl,*
Yaiku wektu ibu lan anak-anaké digebugi nganti mati.
15 Oh Bètel,+ ya kuwi sing bakal mbok alami merga kejahatanmu luar biasa.
Pas ésuk-ésuk banget, raja Israèl bakal dipatèni.”+