18 Wektu wis arep mati (merga dhèwèké sekarat), Rakhèl njenengi anak kuwi Bèn-oni,* ning Yakub ngundang* anak kuwi Bènyamin.*+19 Akhiré, Rakhèl mati lan dikubur ing pinggir dalan menyang Éfrat, yaiku Bètlehèm.+
38 Tapi bapaké kandha, ”Anakku ora bakal lunga karo kowé merga kakangé wis mati lan saiki dhèwèké mung dhèwèkan.+ Nèk ana apa-apa ing dalan lan dhèwèké mati, kowé mesthi bakal nggawé aku sing wis tuwa iki mati*+ merga sedhih.”+
20 Mula aku njawab, ’Aku isih nduwé bapak sing wis tuwa lan adhi sing terakhir+ sing lair pas bapakku wis tuwa. Adhiku kuwi nduwé kakang saka ibu+ sing padha, tapi kakangé wis mati,+ mula mung tinggal dhèwèké thok. Bapaké sayang banget karo dhèwèké.’