PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 7:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Terus Yéhuwah kandha karo Nuh, ”Mlebua kapal karo kabèh keluargamu, merga kanggo-Ku mung kowé wong sing bener ing antarané wong-wong ing jamanmu.+

  • Yèhèzkièl 14:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”’Senajan Nuh,+ Danièl,+ lan Ayub+ ana ing kono, wong telu kuwi mung isa nylametké nyawané dhéwé merga wong-wong kuwi wong bener,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.”

  • Matius 24:37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 Wektu Anaké manungsa bali,*+ keadaané bakal kaya pas jamané Nuh.+

  • Ibrani 11:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Merga nduwé iman, Nuh+ manut karo Gusti Allah sakwisé dikandhani Gusti Allah soal apa waé sing durung kétok.+ Dhèwèké mbangun kapal+ kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum,+ lan merga imané kuwi, dhèwèké dianggep bener.

  • 1 Pétrus 3:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh.+ Wektu kuwi, Gusti Allah sabar ngentèni kapal dibangun.+ Ing njero kapal kuwi mung ana wong sithik, yaiku wong wolu, sing dislametké ngliwati banyu.+

  • 2 Pétrus 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Gusti Allah ya ngukum donya jaman mbiyèn.+ Gusti Allah nggawé banjir gedhé ing donya sing isiné wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.+ Ning, Gusti Allah nylametké Nuh, yaiku wong sing martakké apa sing bener,+ bareng karo wong pitu liyané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim