-
Purwaning Dumadi 24:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Pembantu kuwi kandha, ”Aku pembantuné Abraham.+
-
-
Purwaning Dumadi 24:37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Terus majikanku ngongkon aku nggawé sumpah, ’Aja nggolèkké bojo kanggo anakku saka wong wédok Kanaan sing manggon ing sekitarku.+
-
-
Pangentasan 34:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Aja nggawé perjanjian karo penduduk tanah kuwi. Nèk wong-wong kuwi nyembah* allah-allahé lan mènèhké persembahan marang allah-allahé,+ kowé bakal dikongkon mèlu-mèlu kaya ngono, terus kowé bakal mèlu mangan panganan sing diwènèhké dadi persembahan.+ 16 Terus, mesthi kowé bakal nikahké anakmu lanang karo anaké wédok+ penduduk ing tanah kuwi. Anaké wédok wong-wong kuwi bakal nyembah allah-allahé lan nggawé anakmu lanang ya nyembah allah-allahé wong-wong kuwi.+
-
-
1 Para Raja 11:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Raja Salomo nresnani akèh wong wédok asing+ sakliyané putri Firaun,+ yaiku wong wédok Moab,+ Ammon,+ Sidon,+ lan Hèt.+ 2 Soal bangsa-bangsa kuwi, sakjané Yéhuwah wis kandha ngéné marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk kekancan* karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya ora éntuk kekancan karo kowé, merga wong-wong kuwi isa nggawé atimu nyimpang marang allah-allahé.”+ Ning, Salomo akrab karo wong-wong kuwi lan malah nresnani wong-wong kuwi. 3 Dhèwèké nduwé bojo 700 saka golongan bangsawan lan selir 300. Suwé-suwé, bojo-bojoné Salomo nggawé atiné Salomo nyimpang.*
-