-
1 Para Raja 11:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Soal bangsa-bangsa kuwi, sakjané Yéhuwah wis kandha ngéné marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk kekancan* karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya ora éntuk kekancan karo kowé, merga wong-wong kuwi isa nggawé atimu nyimpang marang allah-allahé.”+ Ning, Salomo akrab karo wong-wong kuwi lan malah nresnani wong-wong kuwi.
-
-
Néhémia 13:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Kuwi ta sing nggawé Salomo raja Israèl nindakké dosa? Saka antarané kabèh bangsa, ora ana raja sing kaya dhèwèké.+ Dhèwèké ditresnani Gusti Allahé,+ nganti Gusti Allah ndadèkké dhèwèké rajané kabèh wong Israèl. Ning, bojo-bojoné Salomo, yaiku wong-wong wédok asing, padha nggawé Salomo nindakké dosa.+
-
-
Mazmur 106:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Wong-wong kuwi mèlu-mèlu nyembah Baal Péor+
Lan mangan persembahan kanggo wong mati.
-