-
Pangandharing Torèt 17:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”Nèk kowé wis mlebu lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu lan manggon ing kono, terus kowé kandha nèk kowé péngin dipréntah raja kaya bangsa-bangsa liyané sing ana ing sekitarmu,+ 15 kowé kudu nglantik raja sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Raja kuwi kudu dipilih saka bangsamu. Kowé ora éntuk milih wong asing sing dudu bangsamu.
-
-
1 Babad 1:43-50Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
43 Iki raja-raja sing mréntah ing tanah Édom+ sakdurungé wong Israèl*+ nduwé raja: Béla anaké Béor, sing kuthané jenengé Dinhaba. 44 Sakwisé Béla mati, Yobab anaké lanang Zérah saka Bozra+ mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 45 Sakwisé Yobab mati, Husyam saka tanahé wong Téman mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 46 Sakwisé Husyam mati, Hadad anaké Bédad sing ngalahké Midian ing wilayahé* Moab mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. Jeneng kuthané yaiku Awit. 47 Sakwisé Hadad mati, Samla saka Masréka mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 48 Sakwisé Samla mati, Syaul saka Réhobot cedhak kali mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 49 Sakwisé Syaul mati, Baal-hanan anaké Akhbor mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. 50 Sakwisé Baal-hanan mati, Hadad mréntah dadi raja nggantèni dhèwèké. Kuthané jenengé Pau, lan bojoné jenengé Méhétabèl anaké wédok Matrèd anaké wédok Mézahab.
-