-
Purwaning Dumadi 36:31-39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Iki raja-raja sing mréntah ing tanah Édom+ sakdurungé ana raja ing Israèl.*+ 32 Béla anaké Béor mréntah ing Édom. Dhèwèké manggon ing kutha sing jenengé Dinhaba. 33 Sakwisé Béla mati, Yobab anaké Zérah saka Bozra nggantèni dhèwèké dadi raja. 34 Sakwisé Yobab mati, Husyam saka tanahé wong Téman nggantèni dhèwèké dadi raja. 35 Sakwisé Husyam mati, Hadad anaké Bédad, sing ngalahké wong Midian+ ing dhaérah* Moab, nggantèni dhèwèké dadi raja. Hadad manggon ing kutha sing jenengé Awit. 36 Sakwisé Hadad mati, Samla saka Masréka nggantèni dhèwèké dadi raja. 37 Sakwisé Samla mati, Syaul nggantèni dhèwèké dadi raja. Syaul kuwi asalé saka Réhobot sing ana ing cedhaké kali. 38 Sakwisé Syaul mati, Baal-hanan anaké Akhbor nggantèni dhèwèké dadi raja. 39 Sakwisé Baal-hanan anaké Akhbor mati, Hadar nggantèni dhèwèké dadi raja. Dhèwèké manggon ing kutha sing jenengé Pau. Dhèwèké nduwé bojo sing jenengé Méhétabèl anaké wédok Matrèd. Matrèd kuwi anaké wédok Mézahab.
-