-
Pangentasan 26:1-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Kowé kudu nenun kain kémah sepuluh saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang kanggo tabernakel kuwi.+ Kowé kudu nyulam gambar kerub+ ing kain-kain kuwi.+ 2 Saben kain ukurané kudu padha,+ yaiku dawané 28 hasta lan ambané 4 hasta.* 3 Kowé kudu nyambung kain lima dadi kain gedhé siji, lan kain lima liyané ya disambung dadi kain gedhé siji. Dadi, bakal ana kain gedhé loro. 4 Ing pinggirané kain gedhé sing siji, gawéa gelang saka benang biru. Kain gedhé sing sijiné ya kudu mbok gawé kaya ngono, bèn kain-kain kuwi isa disambungké. 5 Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing siji, lan 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing sijiné, bèn wektu disambungké, gelang saka benang kuwi ana pasangané. 6 Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka emas, lan kuwi kudu digunakké kanggo nyambungké kain loro sing gedhé kuwi bèn dadi kain gedhé siji ing tabernakel.+
-