-
Pangentasan 36:8-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Kabèh wong sing trampil+ kuwi nggawé tabernakel+ saka kain kémah sepuluh sing digawé saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang. Dhèwèké* nyulam gambar kerub ing kain-kain kuwi.+ 9 Kabèh kain kuwi ukurané padha, yaiku dawané 28 hasta* lan ambané 4 hasta. 10 Kain sing lima disambung dadi siji, lan sing lima liyané ya disambung dadi siji. 11 Terus, dhèwèké nggawé gelang saka benang biru ing pinggirané kain sing siji. Dhèwèké ya nggawé gelang ing pinggirané kain sing sijiné manèh bèn kain loro kuwi isa disambungké. 12 Dhèwèké nggawé 50 gelang ing kain sing siji lan nggawé 50 gelang manèh ing kain sijiné, bèn gelang ing saben kain ana pasangané wektu disambungké. 13 Terus, dhèwèké nggawé 50 canthèlan saka emas lan nyambungké kain-kain kuwi nganggo canthèlan mau, bèn kain loro kuwi dadi kain siji sing dienggo ing tabernakel.
-