-
Pangentasan 26:7-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Kowé ya kudu nggawé 11 kain+ saka wulu kambing+ kanggo nutupi tabernakel. 8 Saben kain ukurané kudu padha, yaiku dawané 30 hasta lan ambané 4 hasta.* 9 Kowé kudu nyambungké kain lima dadi kain siji sing gedhé. Enem kain liyané ya kudu mbok sambung dadi kain siji sing gedhé. Kain keenem sing nutupi bagéan ngarep kémah kuwi kudu mbok tekuk. 10 Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sing siji lan 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sijiné bèn isa disambungké. 11 Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka tembaga, terus kudu mbok lebokké ing gelang saka benang kuwi kanggo nyambungké kain-kain kuwi dadi siji.
-