-
Pangentasan 25:10-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé kudu nggawé pethi saka kayu akasia, dawané loro setengah hasta,* ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 11 Bagéan njaba lan njeroné kudu dilapisi emas murni.+ Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas.+ 12 Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing ndhuwuré sikilé Pethi kuwi. Saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. 13 Kowé ya kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, terus kudu mbok lapisi emas.+ 14 Tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi, bèn Pethi kuwi isa mbok usung. 15 Tongkat-tongkat kuwi kudu tetep ana ing njeroné gelang-gelangé Pethi kuwi, ora éntuk dicopot.+
-