-
Pangentasan 37:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Terus Bézalèl+ nggawé Pethi+ saka kayu akasia, dawané loro setengah hasta,* ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 2 Bézalèl nglapisi bagéan njaba lan njeroné nganggo emas murni. Pinggirané ya diwènèhi bingkai saka emas.+ 3 Dhèwèké nggawé gelang emas papat, terus dipasang ing ndhuwuré sikilé pethi kuwi. Saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. 4 Dhèwèké ya nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas.+ 5 Terus, dhèwèké nglebokké tongkat-tongkat kuwi ing gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi bèn Pethi kuwi isa diusung.+
-