-
Pangentasan 25:23-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 ”Kowé ya kudu nggawé méja+ saka kayu akasia, dawané rong hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 24 Méja kuwi kudu mbok lapisi emas murni. Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas. 25 Pinggiran ing sak ubengé méja kuwi ambané sak tlapak tangan,* terus ing sak ubengé pinggiran kuwi ya kudu diwènèhi hiasan saka emas. 26 Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing pojokané meja kuwi, ing sikilé méja sing bagéan ndhuwur. 27 Gelang-gelang kuwi kudu ana ing cedhaké pinggiran méja. Gelang-gelang kuwi bakal dileboni tongkat-tongkat sing dienggo ngusung méja kuwi. 28 Kowé kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan kuwi kudu mbok lapisi emas. Tongkat-tongkat kuwi digunakké kanggo ngusung méja mau.
-