PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 37:10-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, dhèwèké nggawé méja saka kayu akasia,+ dawané rong hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 11 Dhèwèké nglapisi méja kuwi nganggo emas murni. Pinggirané ya diwènèhi bingkai saka emas. 12 Dhèwèké nggawé pinggiran ing sak ubengé méja kuwi sing ambané sak tlapak tangan,* terus pinggiran kuwi diwènèhi hiasan saka emas. 13 Terus, dhèwèké nggawé gelang emas papat lan dipasang ing pojokané méja kuwi, ing sikilé méja bagéan ndhuwur. 14 Gelang-gelang kuwi ana ing cedhaké pinggiran méja. Gelang-gelang kuwi bakal dileboni tongkat-tongkat sing dienggo ngusung méja kuwi. 15 Dhèwèké nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, terus tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim