PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 27:1-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 ”Kowé kudu nggawé mézbah saka kayu akasia.+ Bentuké kudu kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+ 2 Kowé kudu nggawé sungu+ papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi kudu dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi kudu mbok lapisi tembaga.+ 3 Kowé kudu nggawé èmbèr kanggo mbuwang awuné. Kowé ya kudu nggawé sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapané mézbah kudu mbok gawé saka tembaga.+ 4 Kowé kudu nggawé palang-palang tembaga, terus mbok susun kaya jaring. Kuwi kanggo ndèlèhké persembahan ing mézbah. Kowé ya kudu nggawé gelang papat saka tembaga kanggo dipasang ing pojok-pojoké. 5 Palang-palang kuwi kudu mbok dèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah. 6 Kowé kudu nggawé tongkat saka kayu akasia kanggo mézbah kuwi lan kudu mbok lapisi tembaga. 7 Wektu mézbah kuwi arep diusung, tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah.+ 8 Kowé kudu nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan kudu mbok bentuk dadi kothak sing njeroné kosong. Kuwi kudu mbok gawé persis karo rancangan sing Tak duduhké marang kowé ing gunung iki.+

  • Pangentasan 40:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Mézbah persembahan bakaran lan kabèh perlengkapané kudu mbok ciprati minyak suci, lan mézbah kuwi kudu mbok gawé suci, bèn mézbah kuwi dadi suci banget.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim