-
Pangentasan 38:1-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Bézalèl nggawé mézbah persembahan bakaran saka kayu akasia. Bentuké kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+ 2 Terus dhèwèké nggawé sungu papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi dilapisi tembaga.+ 3 Dhèwèké nggawé kabèh perlengkapané mézbah kuwi, yaiku èmbèr, sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapan kuwi digawé saka tembaga. 4 Dhèwèké nggawé palang-palang tembaga, terus disusun kaya jaring. Palang-palang kuwi didèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah. 5 Dhèwèké nggawé gelang papat saka tembaga, terus dipasang ing pojok-pojoké mézbah. Gelang-gelang kuwi dileboni tongkat. 6 Terus, dhèwèké nggawé tongkat saka kayu akasia sing dilapisi tembaga. 7 Tongkat-tongkat kuwi dilebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah, bèn mézbah kuwi isa diusung. Dhèwèké nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan dibentuk dadi kothak sing njeroné kosong.
-