-
Pangentasan 26:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 ”Kowé kudu nggawé 40 alasé cagak saka pérak+ kanggo nancepké 20 rangka kayu mau. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Bagéan ngisoré rangka kayu mau kudu ditancepké ing alas loro kuwi. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono.+ 20 Kanggo bagéan tabernakel sing madhep lor, kowé kudu nggawé 20 rangka kayu 21 lan 40 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono.
-
-
Pangentasan 26:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Dadi, kabèhé ana 8 rangka kayu lan 16 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu ana alas loro.
-
-
Pangentasan 26:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Kordhèn kuwi kudu mbok gantung ing cagak papat saka kayu akasia sing dilapisi emas. Gantungané kordhèn kudu mbok gawé saka emas. Cagak-cagak kuwi kudu mbok tancepké ing alas cagak saka pérak sing cacahé papat.
-